You are on page 1of 5

Nama : Sasrini Nurhayati

Kelas : PBD B 2018 (LHK B)


NIM : 18205241053

REKONSTRUKSI PROTOBAHASA

Basa proto ingkang ngrembaka ing jaman rumiyin ewah dados kathah basa turunan amargi
papan saha wekdal. Basa menika beda kaliyan basa asalipun ingkang kadadosan kanthi turun
temurun. Saking analisis diakronik basa turunan asalipun saking satunggal basa awal, inggih
menika kanthi nemtokaken wujud kognat (kognat utawi tembung -tembung krabat inggih
menika tembung seasal ingkang gadhah kemiripan wujud saha teges).
Rekontruksi protobahasa inggih menika penelusuran utawi pawujudan unsur-unsur warisan
basa ingkang saged dipunlampahaken adhedhasar asusmsi bilih basa-basa sekerabat kathah
nyimpen saha ngewahi unsur warisan kenthi kaidah saha mapinten-pinten cara.

Rekontruksi inggih menika metode kualitatif wonten Linguistik Historik Komparatif. Metode
komparatif kanthi pendekatan kualitatif mawi teknik rekontruksi saged kalampahan kanthi 2
cara:

- Rekontruksi bawah-atas ( buttom-up)


Rekontruksi menika asipat induktif, limrahipun dipunginakaken kangge mantha-mantha
basa ing peringkat ingkang langkung andhap dados peringkat ingkang langkung inggil.
Tuladhanipun : merekontruksi basa Jawa, Sunda, Madura saha Melayu ingkang asalipun
saking rumpun basa ingkang sami inggih menika Proto bahasa Melayu-Jawa.

- Rekontruksi atas-bawah (top-down)


Rekontruksi menika asipat deduktif, ancasipun kangge madosi padanan utawi reflek
saking basa proto ing basa turunanipun.

Tuladhanipun : rekontruksi proto basa Minahasa ing basa turunanipun


Tuladha rekonstruksi tembung hidung wonten ing maneka basa Nusantara ngginakaken tekhnik
buttom-up
- Basa Mandailing : igung
- Basa Batak Toba : igung,
- Basa Batak Karo : igung,
- Basa Batak Simalungun: igung,
- Basa Batak Pakpak : egung,
- Basa Jawa : irung,
- Basa Padang : hiduang.

Cara wiwitan kangge damel pengelompokan wujud-wujud ingkang identik menika


dipuntemukaken bilih :

1. Tembung ‘igung’ wonten ing 4 basa (Bahasa Mandailing, Basa


Batak Toba, Basa Batak Karo, saha Basa Batak
Simalungun)
2. Tembung ‘egung’ wonten ing 1 basa (Basa Batak Pakpak)
3. Tembung ‘irung’ wonten ing 1 basa (Basa Jawa)
4. Tembung ‘hiduang’ wonten ing 1 basa (Basa Padang)

Saking data wonten nginggil menika wonten korespondensi fonemis:


1. antawisipun /i, e,/,
2. antawisipun /g, r, d/,
3. antawisipun /u, ua/,
4. antawisipun /ng, ng, ng, ng/.

menawi nurut prosedur rekonstruksi fonemis, dados saking wujud pantulan menika langsung
dipuntemukaken wujud protonipun. Miturut prinsip prinsip pencabangan ingkang bertahap,
bade dipunturut prosedur sanesipun, ingih menika damel rekonstruksi ingkang bertahap ugi.
Saking tingkat kemiripan struktur fonemisipun, wonten ing tahap pisanan kawontenan
pengelompokkan kagem pasangan-pasangan ingkang mirip. Kados mekaten proses
rekonstruksinipun inggih menika :
igung saha egung menika pantulan saking tembung igung. Irung saha iduang dipunturunaken
saking tembung igung. Asiling saking sedaya rekonstruksi ingkang katindhakaken wonten inggil
menika ngandharaken bilih wujud proto yang nurunaken dados pitung wujud kerabat inggih
menika *igung.
Diagram proses rekonstruksi tembung hidung ingkang dipuntemukaken wonten ing basa-basa
Nusantara kados menika :
*igung

igung egung

irung hiduang

Rekontruksi basa ugi dipunperang dados kalih, inggih menika :

1. Rekontruksi basa mawi internal, inggih menika dipundasari saking evidensi dialektal utawi
subdialektal . ngginakaken disiplin ilmu dialektal.
Tuladhanipun : basa Jawa dialek tengger, banyumas, solo, jawa timuran dipunanalisis kangge
nemtukaken protobahasa Jawa

2. Rekontruksi basa mawi external, inggih menika dipundasari saking evidensi basa.
Ngginakaken disiplin ilmu linguistik historis komparatif.
Tuladhanipun : basa Jawa, Sunda, Madura, Melayu dipunanalisis kangge nemtukaken proto basa
melayu Jawa

Jangkauan rekontruksi basa wonten ing dialektologi :

 Rekontruksi basa induk ingkang dipunturunaken dialek utawi subdialek


 Rekontruksi internal ingkang gadhah ancas memuluhkan sosok basa purba kanthi
manpangaataken evidensi wonten ing basa menika piyambak.
 Rekontruksi basa menika dipuntekankan wonten ing bidang fonologi saha leksikon

Ancasing rekontrruksi basa wonten ing dialektologi :

Nemtukaken dialek utawi subdialek utawi daerah pengamatan ingkang inovatif saha konservatif
Kanthi interdisipliner rekontruksi prabahasa utawi dialektologi menehi kontribusi wonten ing
rekontruksi protobahasa utawi linguistik historis komparatif.

Rekonstruksi basa gadhah krabat kaliyan tataran leksikal, fonologi, morfologi, saha sintaksis.
Tataran leksikal saha fonologi langkung umum dipunginakaken dados dhasar anggenipun
netepaken kakrabatan saha panglompokan basa serumpun kaliyan adhedhasar wonten ngandhap
menika.
 Kaping satunggal, saking panglompokan leksikal, kita saged manggihaken informasi bab
budaya, sejarah, pagesangan sosial, saha fakta-fakta geografis satunggaling masarakat basa.

 Kaping kalih, panglompokan ingkang paling suphala utawi kasil wonten studi komparatif
inggih menika panglompokan wonten tataran fonologis amargi sawetawis faktor :

o Segmen utawi unsur fonologis inggih menika unsur paling alit wonten satunggaling
basa, kanthi menika langkung gampil dipunpahami;

o Langkung gampil dipunpanggihaken fakta ingkang relevan tinimbang tataran


sanesipun. Amargi satunggaling tuturan alit kanthi cepet saha kathah saged
dipunpanggihaken fakta ingkang dipunbetahaken;

o Masalah swanten (bunyi) sampun kathah dipunkaji wonten studi linguistik satemah
sampun dados kajian ingkang mapan sanget.

o Ewahing swanten (bunyi) menika beraturan saha saged paring indikasi sesambetan
wonten antawisipun.

Teknik rekonstruksi fonem


1. Kaping pisan menika nandhingaken pasangan-pasangan tembung saking basa krabat kanthi
manggihaken korespondensi fonemis saking saben-saben fonem ingkang dadosakentembung-
tembung krabat menika.
2. Kanthi manggihaken korespondensi fonemis-ipun saged dipunkinten-kinten fonem proto
pundi ingkang saged mandhapaken fonem-fonem ingkang sami korespondensi menika.
3. Kangge saben perangkat fonem-fonem ingkang sami korespondensi lajeng dipuntemtokaken
etiket pengenal.
4. Etiket pengenal inggih menika fonem proto ingkang dipunanggep mandhapaken perangkat
korespondensi fonemis ingkang kaandhut wonten basa-basa krabat.
5. Fonem menika biasanipun dipunparingi tandha asterisk (*).
6. Kanthi rekonstruksi fonemis menika saged dipunpikantuk :
a. Rekonstruksi fonem proto ingkang mantulaken utawi mandhapaken fonem-fonem
wonten basa-basa krabat samenika,
b. Kanthi memulihkan seedaya fonem basa-basa krabat samenika kados ingkang tercermin
wonten pasangan tembung-tembungipun dhateng satunggaling fonem proto.

You might also like