You are on page 1of 2

UJIAN PRAKTEK

BAHASA JAWA

Tempangaken,
Nami kula Tania Indira Putri
Kelas Sanga D
Badhe ngaturaken ujian praktek basa jawi, PIDHATO.

ASSALAMUALAIKUM WARAHMATULLAHI WABARAKATUH


Bapak kepala sekolah ingkang minulyani, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hurmati,
Bapak/Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanco siswa-siswi kelas sanga
ingkang sanget kula tresnani.
Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga
wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara perpisahan siswa-
siswi kelas sanga.
Bapak/Ibu sarta para rawuh ingkang sanget kula hurmati, kula minangka wakil
saking siswa kelas sanga, ingkang sepisan kaperanga ngaturaken agunging
panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun dhikdhik lan
nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus
kelas sanga. Kathah sanget ilmu pengetahuan lan ketrampilan ingkang sampun
kula tampi. Mugi-mugi sedaya amal kesaenan Bapak lan Ibu dipuncatheht dening
Gusti Ingkang Maha Kuwaos lan pinaringan ganjaran ingkang setimpal.
Kaping kalihipun, kula sadhar bilih sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh
wonten pawiyatan mriki, kathah sanget nindkaken khilaf tuwin salah. Wongsal-
wangsul kula sakanca adamel gela pangalihipun Bapak lan Ibu Guru. Pramila ing
kalodhangan punika kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kaping tiga, sasampunipun kula sakanca lulus saking pawiyatan mriki, tamtu
kemawon kedah nglajengaken sekolah malih. Pramila saking punika, kula sakanca
nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi kula sakanca saget pikantuk sekolah
ingkang cocok kangge nggayuh idham-idhaman ingkang dereng paja-paja
kasembadan.
Bapak/Ibu Guru sarta para rawuh ingkang kinurmatan, sanadyan dinten punika
kula sakanca sampun kawisuda lulus saking pawiyatan mriki, nanging kula sakanca
tetepa dipundhaku dados putra-putri, siswa -siswi Bapak lan Ibu Guru sedaya.
Kula sakanca badhe tansah tuhu bekti, lan tansah kapang dhumateng usap sih
astanipun Bapak lan Ibu Guru.
Wusana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang tripsila
anggen kula matur nyuwun sing agunging samodra pangaksami.
WASSALAMUALAIKUM WARAHMATULLAHI WABARAKATUH

You might also like