You are on page 1of 7

Asale Kutha Malang

Yaiku raja kang wicaksana lan sekti mandraguna , kang aran Dewasimha. Dheweke pengawal
kraton kumrincing lan kasucèkaké déning geni suci Putikewara (Ciwa). Rahayuning Raja
Dewasimha amarga dewa-dewa wis maringi ing uripe putra minangka dadi waris makuthane.
Putra sing mengko dadi panutan kraton iki dijenengi Liswa uga aran Gajayana. Gajayana
yaiku raja sing ditresnani dening rakyate, kang nuntun becikan, lan ing mengkono becik
kanggo pandhita lan pangabdian temené satemene kanggo Resi Agastya.

Kanggo tandha pengabdian sing tulus kanggo Resi kasebut, Raja Gajayana wis mbangun
candi sing apik kanggo mahresi uga dadi panangkal racun isa kanggo kabeh penyakit lan
wewelak kraton. Yen leluhuré wis nggawe arca Agastya saka kayu candanà, mula Raja
Gajayana kanggo bukti pengabdian lan kinurmatan wis maringi dhawuh kanggo carvers kang
wus misuwur saindhenging kraton kanggo nggawe arca Agastya saka watu ireng kang apik,
supaya kabeh isa mirsani. Arca Agastya kang aran Kumbhayoni kui, dhawuh saka raja
nuntun panggawe becik iki mengko diresmikaké dening Regveda, ing brāhmaṇa, para
pengarepé imam lan wong-wong saka tanah sing ahli, ing Saka, Nayana-VAVA-Rase (682)
sasi Magasyirsa tengen ana setengah cahya.

Panjenenganipun Gajayana Raja kuwoso ana guru agama sing banget kae kanggo para imam.
Dihadiahkannya wong nampa bebarengan karo lemak sapi, kebo, abdi lanang lan wadon,
sarta sapérangan karubedan urip kayata Sabun udan, bahan panganan upacara, omahé gedhe
kebak Penyetor kaslametané kayata: lodging brāhmaṇa lan tamu, lengkap karo sandhangan,
amben lan beras, millet. Lagi obstructing karsane Sang Prabu ing bab paweweh kuwi, loro
sedulur, putrane Sang Prabu, lan Menteri Pisanan, banjur padha bakal harmed dening ala
pikirane lan bakal pindhah menyang neraka lan ora arep njaluk keoksaan ing donya utawa ing
kasunyatan liyane. Panjenenganipun, ing nalisir tansah ndedonga lan pangarep-arep sing
keturunané bungah karo peparingé iki, mbayar manungsa waé kanggo nyawa murni,
ngormati Brahmans lan ibadah ingkang salèh, apa apik, mbukak korban, lan sinau ing Weda.
Uga padha supaya Kakaisaran kang incomparable minangka Raja wis tetep.

King Gajayana Uttejena duwe putri sing bakal nindakake ing rama Vamcakula wicaksana.

Ing crita ing ndhuwur ngusulke sari prasasti iki disebut "Prasasti Dinaya utawa Kanjuruhan"
miturut jeneng Désa kasebut ing piagam iki. Minangka nyatet kono, prasasti ngandhut unsur
partner ing candrasengkala kang maos: "Nayana-Vaya-rase" kang worth 682 taun Caka utawa
taun 760 Masehi.

Yen prasasti iki ditanggepi dening King Gajayana ing taun 760 Masehi, banjur paling prasasti
punika sumber ditulis paling tuwa bab fasilitas politik Kanjuruan ngadegé karajan ing
Malang. Where saiki dikenal kanthi Dinoyo jeneng dumunung 5 km west of Malang. Ing
panggonan iki miturut residents ana, padha ketemu patung Dewasimha dumunung ing tengah
pasar senadyan ilang meh sank menyang lemah.
Malanglucecwara asalé saka telung tembung, yaiku: Mala kang tegese kabeh iku reged,
mbeling, cidra, utawa cidra, Angkuca kang tegese kanggo ngremukake lan Icwara kang
tegese Allah. Mangkono Malanglucecwara tegese "ngrusak cidra".
Kedadeane Nusakambangan

Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji
Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora
seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing
negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan
kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen
ana sing luwih sekti lan pinter.
Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang
pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para
punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana
Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane. 
Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire
tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing
weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu, lan arep nyekel sarta mateni warga
sing ora duwe salah mau. Akhire Raja ngundang Patih Hulubalang, Senopati uga pejabat
utama kerajaan arep nggolek kepriye carane nyekel Kyai Jamur.
Bubar oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji Pramosa banjur mutusake supaya
Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan
nganti tekan dhaerah panggonane Kyai Jamur. Kyai Jamur dhewe krungu saka bature yen
dheweke arep diusir. Bature Kyai Jamur ngakon supaya cepet-cepet lunga saka papan
panggonane. Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane sadurunge dheweke diusir
karo Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa lunga karo para punggawane teka ing panggonane Kyai Jamur,
nanging wong sing diparani malah wis ora ana ing papan panggonane. Krungu yen Kyai
Jamur wis ora ana ing papan panggonane, Prabu Aji Pramosa tambah murka lan ngobrak-
abrik papan panggonane. Bubar ngrusak panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus
punggawa kerajaan mburu lan nyekel sang resi.
Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung kanggo
kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin marang Prabu Aji
Pramosa. Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara terus mlaku menyang ngulon
ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah sing saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana
dheweke nemu guwa kanggo leren lan dadi papan kanggo tapa.
Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek uga mlaku tumuju
menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa sing jebul ana guwa kana
Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa lan punggawane teka banjur Resi Kano dicekel lan dipateni.
Amarga kasektiane, mayite Resi kuwi ilang utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun,
durung ilang rasa wedine, Prabu dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka
tengah segara. Aji Pramosa ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi kedadean sing medeni.
Suwara gemuruh lan angin ilang, nanging dumadakan teka naga saka tengah segara sing
wujude gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa. Ombake dadi tambah gedhe, sahingga
akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki dijenengi Teluk Penyu.
Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke lan para punggawane, kanthi
gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani
wetenge naga sarta naga mau banjur ilang mbarengi ombak sing ilanging tengah segara.
Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau
jelmaan saka wong wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon
ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe
dheweke dadi manungsa maneh.
Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo
Aji Pamosa. Wong wodon iku ngomong marang Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku
ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-
raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.” Putri iku jenenge Dewi Wasowati. Dheweke
banjur menehi weling menawa pulau iki arep dijenengi Nusa kembangan. Nusa artine pulau
lan kembangan artine kembang. Bareng gantine jaman jeneng Nusa Kembangan akhire owah
dadi Nusakambangan sing saiki dikenal dadi pulau kanggo kunjara para tahanan.
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur
kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku
tiba ing segara banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora
nggawa kembang mau.
Sawise tekan kerajaane, Prabu krungu warta menawa ing pulau karang cedhak
Nusakambangan ana wit aneh lan ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana wohe.
Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma
sing diwenahi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji Pramosa kelingan
omongane Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang Wijayakusuma bakal nurunake
raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.
Kedadeane Nusakambangan

Nalika jaman rumiyin, wonten ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), wonten maharaja
ingkang gelaripun Prabu Aji Pramosa. Nalendra punika kagungan penggalih ingkang mboten
sae, piyambakipun mboten kersa tundhuk dhumateng sinten mawon lan mboten remen
menawi wonten tiyang ingkang langkung sekti tinimbang piyambakipun ugi kagungan
kuwatos ageng wonten teng negaraipun.  Prabu Aji Pramosa ngutus punggawa dhateng teng
sedaya penjuru kenalendran kangge madosi tiyang-tiyang ingkang dipunanggep langkung
sekti, amargi piyambakipun mboten badhe trimah menawi wonten ingkang langkung sekti ugi
pinter.
            Resi, punika asmanipun Resi Kano ingkang gelaripun Kyai Jamur. Kasektianipun
Kyai Jamur ngantos dhateng talinganipun Prabu Aji Pramosa. Piyambakipun midhanget
saking para punggawanipun ingkang ningali piyambak. Lajeng Prabu Aji Pramosa dhuka,
murka kaliyan ngasta sarta nyedani tiyang ingkang mboten kagungan klinthu wau.
            Lajengipun Prabu Aji Pramosa ngaturi dhateng Patih Hulubalang, Senopati kaliyan
tiyang-tiyang utami kenalendran badhe ngucal kados pundi upakaranipun ngasta Kyai Jamur.
Selajengipun dipundhawuhi tiyang utami kenalendran, Prabu Aji Pramosa lajeng mutusaken
supados Kyai Jamur dipunusir saking kenalendran utawi dipunsedani mawon. Wartos punika
sampun kasebar teng kenalendran ngantos dhaerah panggenanipun Kyai Jamur. Kyai Jamur
piyambak midhanget saking abdinipun menawi piyambakipun bahde dipunusir. Abdinipun
Kyai Jamur ngaturi supados enggal-enggal tindak saking papan panggenanipun,
sedherengipun piyambakipun dipunusir kaliyan Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa tindak kaliyang para punggawanipun rawuh teng panggenanipun
Kyai Jamur. Midhanget menawi Kyai Jamur sampun mboten wonten teng papan
panggenanipun, Prabu Aji Pramosa minggah murka ugi ngirsaki papan panggenanipun. Prabu
Aji Pramosa lajeng ngutus punggawa kenalendran mbujeng kaliyan ngastasang Kyai
Jamur. Prabu Aji Pramosa ngutus punggawa ngupadi Kyai Jamur naming supados kedhok
supados Kyai Jamur dipunanggep klinthu amargi tindak saking kenalendran mboten ijin
dhateng Prabu Aji Pramosa.
Nalika tindakipun Kyai Jamur saking kenalendran, Kyai Jamur lajeng tidak dhateng
ngilen nglangkungi wana, pantai kidul ngantos-ngantos dhaerah ingkang sakmenika
asmanipun Cilacap. Teng papan punika, Kyai Jamur manggih guwa kagem kendel ugi dados
papan kangge tapa.
Prabu Aji Pramosa kaliyan para punggawanipun anggenipun ngucal ugi tindak
dhateng ngilen ugi kala badhe kendel, rombongan Prabu Aji Pramosa manggih guwa ingkang
wonten Resi Kano tapa. Prabu Aji Pramosa kaliyan punggawanipun lajeng nyedani Resi
Kano. Amargi kasektianipun, layonipun Resi punika ical utawi muksa. Menika ngasta Prabu
Aji Pramosa ajrih ugi gumun, Prabu Aji Pramosa dipunkejotaken malih kaliyan swanten
gemuruh ugi angina saking madya samodra.
Prabu Aji Pramosa nupadosaken supados tetep teteg maraki kedadosan ingkang
ngajrihi. Swanten gemuruh ugi angin ical, nangin dumadakan rawuh naga saking madya
samodra ingkang wujude ageng sanget kados badhe nedhi Prabu Aji Pramosa. Ombakipin
dados minggah ageng, saenggo kathah penyu minggir lajeng pantai punika sakmenika
dipunasmani Teluk Penyu.
Naga punika ngasmani Prabu Aji Pramosa ugi nyerang. Nalika bingung ugi gugup
maraki kawontenan punika, Prabu Aji Pramosa lajeng ngeculaken jemparingipun ugi
ngengingi pandharanipun Naga. Naga wau lajeng ical nyarengi ombak ingkang icaling madya
samodra. Sareng Naganipun ical, lajeng wonten tiyang estri mlajeng teng nginggiling ombak.
Naga wau niku jelmaansaking tiyang estri wau minaraki Prabu Aji Pramosa kaliyan ngendika
matur sembah nuwun amargi jemparingipun saged ngasta piyambakipun dados tiyang malih.
Kagem raos matur sembah nuwun, tiyang estri wai maringi Kusuma Wijayakusuma kagem
Prabu Aji Pramosa.
Tiyang estri punika ngendika dhateng Prabu Aji Pramosa, “Kusuma wijayakusuma
punika mboten saged dipadosi teng alam biasa. Sinten ingkang saged kagungan kusuma
menika badhe nendhakaken nalendra-nalendra ingkang badhe kagungan kuwatos teng tanah
Jawi.”
Putri punika asmanipun Dewi Wasowati. Piyambakipun lajeng maringi weling
menawi pulau punika dipunasmani Nusa Kembangan. Nusa artosanipun pulai ugi
Kembangan artosipun kusuma. Sareng gantosipun jaman, asma Nusa Kembangan dados
Nusakambangan.
Prabu Aji Pramosa remen sanget penggalihanipun amargi nampi hadiah kusuma
punika, lajeng gugup anggenipun nitih baita kagem kondur datheng Cilacap, kusuma punika
dhawah teng samodra lajeng ical kaliyan ombak. Prabu Aji Pramosa murka sanget amargi
kondur mboten mbekta kusuma wau. Sesampunipun ngantos kenalendranipun, Prabu
midhanget wartos menawi teng pulau caket Nusakambangan wonten taneman aneh ugi ajaib,
Prabu Aji Pramosa kersa mirsani taneman ingkang mboten wonten wohipun niku. Taneman
ingkang dipunngendikakaken dening tiyang-tiyang, mboten benten saking Wijayakusuma
ingkang diparingi Dewi Wasowati dhateng Prabu Aji Pramosa. 

You might also like