You are on page 1of 2

Blanja Menyang Pasar

Dina Minggu, Yuni melu mbakyune lunga


menyang pasar. Pasare rada adoh saka omah, mula
Yuni lan mbakyune numpak becak. Yuni seneng
banget amarga wes suwe dheweke ora lunga menyang
pasar. Ibu maringi duwit cacahe 50 ewu.

Ora suwe Yuni lan Santi, mbakyune, wes tekan


pasar Ceria. Pasar Ceria dina iki katon rame banget.
Sajake akeh bocah-bocang sing melu menyang pasar.

Santi ngejak Yuni nyedak ing bakul buku sing jenengen pak Tarjo. Pak Tarjo dodolan
maneka warna buku, ana buku pelajaran sekolah, buku mewarnai, buku crita anak, buku
tulis, lan sapanunggalane. Pak Tarjo uga dodolan piranti tulis, kaya ta potlot, garisan, setip,
bolpoin, lan liya-liyane. Santi tuku buku crita anak sing judule “Putri Salju dan Tujuh Kurcaci”,
bolpoin, lan buku tulis. Dene Yuni tuku buku mewarnai lan krayon. Sawise kuwi, Yuni lan
Santi banjur tuku es campur ing warunge bu Marni. Yuni lan Santi seneng banget amarga
bisa blanja ing pasar. Bocah loro iku banjur mulih ngomah.

Santi iku ….
Santi lan Yuni lunga menyang pasar numpak ….
Ibu maringi dhuwit cacahe ….
Kahanane (Keadaan) pasar Ceria iku ….
Bakul buku ing pasar Ceria jenenge ….
Barang ing ngisor iki ora didol dening pak Tarjo, yaiku ….
Barang sing dituku Yuni yaiku ….
Barang sing dituku Santi yaiku ….
Ing warunge bu Marni, Yuni lan Santi tuku ….
Atine Yuni lan Santi … amarga bisa lunga blanja menyang pasar.
Ing ngisor iki kalebu crita sing nyenengake, yaiku ….
Ing ngisor iki kalebu crita sing nyenengake, yaiku ….
Anggone maca crita, swarane kudu ….

You might also like