You are on page 1of 6

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, bocah-bocah kang tak tresnani coba

wacanen lan pahami materi ajar ing ngisor iki!

Sabanjure sawise maca lan mahami materi ajar, garapen tugas kang ana ing link tugas.
Sugeng makarya, Maturnuwun …..

PANATACARA

1. Pangertene panatacara

Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara,
pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony
(MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe
pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake
titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan
(pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene
ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune)
adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab
Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi)
temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara)
nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).

2. Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara


parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks
pranata cara, yaikut:

a. Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah


wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b. Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam
konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c. Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa
aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate
luwih dhuwur nganti sing endhek.

d. Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani
(dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani
adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe,
sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan
(masyarakat) kono.

e. Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh
acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

f. Salam penutup.

3. Unsur-unsur panatacara

Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di
jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

a. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang
trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe

b. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora
ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini

c. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong

d. Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu,
siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn
diucapake.
e. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora
ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

f. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula
pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong
kang nandhang susah/ sungkawa

g. Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara
kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan
sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

4. Teknik maca panatacara


Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa
rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan
iki.

1) Nggunakake pangucap kang trep

2) Pamedhote ukara kang trep

3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep

5) Swara kang cetha

6) Ngatur alon lan cepete pamaca

7) Ngolah treping mlebu wetuning napas

8) Mahami wacan

9) Percaya marang dhiri pribadi


TUGAS ( DIGARAP ING LINK TUGAS)

1. Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….


a. wara-wara
b. pranatacara
c. pambagyaharja
d. dhagelan
e. pasrah

2. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan :

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Para tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….


a. pambuka
b. surasa
c. basa
d. panutup
e. ringkesan

3. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a. penganten putri
b. panata cara
c. penganten lanang
d. pambyawara
e. sesulih kang duwe gawe

4. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan


dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a. salam pambuka
b. panutup
c. pambuka
d. salam panutup
e. surasa

5. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap
wacana kang diarani ….
a. salam pambuka
b. surasa
c. salam panutup
d. pambuka
e. panutup

6. Basa ngoko lugu, tuladhane ....

a. piye to dhi, aku rak wis matur prasaja.


b. kang kowe kon mangan, sing dhawuhi simbok.
c. yen mengkono mbok aku tak nyambut gawe disik?
d. mang tumbasi dagangan kula niki ta yu!
e. matur nuwun ya mas, awit kawigaten panjenengan marang aku.

7. Apa kowe sida budhal Semarang saiki? Ngoko aluse....

a. Apa panjenengan saestu budhal Semarang saiki?


b. Apa sampeyan saestu budhal semarang saiki?
c. Punapa panjenengan saestu budhal Semarang saiki?
d. Punapa panjenengan saestu bidhal dhateng Semarang sapunika?
e. Apa panjenengan sida tindak Semarang saiki?

8. Punika sanes …. Kula, punika …. Pak Tohar. Tembung sing trep kanggo njangkepi
ukara iku yaiku ….

a. gadhahanipun, gadhahanipun

b. gadhahanipun, kagunganipun

c. kagunganipun, gadhahanipun

d. duwekke, kagunganipun

e. kagunganipun, kagunganipun

9. Wiwit purwa, madya, lan wusanane pinaringan wilujeng. Tembung madya tegese …

a. Ngapurancang

b. Irama

c. Tinemu

d. Manis

e. Tengah

10. Aja ninggal ing kaprayitnan, sapa kang seleh, wong jujur mujur, lan wong temen bakal
….
a. Ngapurancang

b. Irama

c. Tinemu

d. Manis

e. Tengah

You might also like