You are on page 1of 5

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, bocah-bocah kang tak tresnani coba

wacanen lan pahami materi ajar ing ngisor iki!

Sabanjure sawise maca lan mahami materi ajar, garapen tugas kang ana ing link tugas.
Sugeng makarya, Maturnuwun …..

MATERI AJAR 2

CRITA CEKAK (Cerkak)

​1. Pangertene Crita Cekak

Crita cekak iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa.
Sajroning kadadeyan iku ana paraga (pirang-pirang paraga) lan paraga iku nglakoni
sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Cerkak iku tuturan kang
ngandharake sawijining prastawa utawa kadadeyan.

Crita cekak uga dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata
utawa fiktif

2. Unsur Crita Cekak

a.​ Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning
crita.

b. Setting

Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku
ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.

c. Punjering crita (sudut pandang)

Punjering crita diperang dadi 3 yaiku :

-​ ​Pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake ​sudut pandang paraga utama


lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa
kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasne dhewe kanthi
tembung-tembunge dhewe.

-​ ​Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh


ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrangkite biasane
nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga)

-​ ​Pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dhewekke sanyatane


dumunung ing sajabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti.
Dhewekke nyawang paraga nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula
pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

d. Alur/plot

Alur/plot yaiku rerangkening prastawa ing crita.

Alur kaperang dadi 2 yaiku :

-​ ​Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar
kronologi tumuju ing alur crita.

-​ ​Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi
dumadi.

e. Penokohan

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni


karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sak piturute.

f. Konflik

Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.ing perangan iki pancen diketokake
prakara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya jlimet anggone
gawe konflik ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene pandhemene.

3.​ N
​ ilai-nilai kang kamot sajroning cerkak

a. Nilai budaya iku ana sesambungan karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta

b. Nilai sosial iku ana sesambunge karo tata laku pasrawungan ing antarane
pawongan siji lan liyane
c. Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka
dhasasr panguripan manungsa lan masarakat

d. Nilai religius /keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan
kaparcayan.

e. Nilai pendidikan iku ana sesambungane karo owah-owahane tingkah laku saka
ala dadi becik

f. Nilai estetis iku ana sesambunge karo bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan,
seni utawa nyenengake.

g. Nilai etika iku ana sesambunge karo sopan santun lan subasita ing bebrayan

h. Nilai politis iku ana sesambunge karo pamarentah

i.​ Nilai kemanusiaan iku ana sesambunge karo sipat sipat manungsa

4.​ S
​ inopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehke
crita sakabehe. Nalika arep nulis sinposis kudu gatekke bab tema, latar, alur, penokohan.

Teks ​Cerkak

Gelangmu Ndhuk.....
Limalas taun wis lumaku anggone Ani lulus SMA. Yen kelingan biyen wektu sekolah, Ani
kudu nggrantes. Awit wektu sekolah biyen ana guru sing asmane Pak Budi nduweni
pengalaman sing ora kepenak.
Wektu iku, Ani nembe kelangan ibune sing seda amarga gerah. Sakdurunge seda, ibune
mung ninggalakake gelang sing dadi siji-sijine tinggalane. Pas pelajaran matematika, para
murid padha anteng ora ana blas sing wani ngguyu lan gojegan. Pancen Pak Budi kawentar
guru sing galak.
Kedadeyane pas dina Senen, wektu pelajaran matematika isih padha nggarap soal,
dumadakan ana bocah sing gojegan. Bab iku ndadekake Pak Budi duka lan ngecek garapane
murid.
“Mbak, nganggo apa tanganmu” pitakone Pak Budi. “niki gelang saking ibu Pak.”
wangsulane Ani. “Ngerti ora yen neng kene, ora entuk nganggo mas-masan?” pitakone. “boten
pak.” Jawabe Ani.
“copot gawa rene!” panjaluke kanthi swara kang sora. “ampun pak, niki tinggalane ibu kula,
ampun disuwun” pamintane Ani. “wis ora ana alesan, aturan ya aturan. Yen arep njupuk, ya
wong tuwamu neng sekolahan” Pak Budi tetep teges. Kanthi abot, Ani nyopot gelange lan
ndlewer luh saka mripate.
Sawise kedadeyan iku, Ani wis nglokro nampa pelajaran. Atine isih mangkel, kelingan
kedadeyan kuwi. Ani ora wani crita karo bapake, amarga wedi. Liya panggonan, Pak Budi
ngenteni tekane wong tuwane Ani. Saprelu arep ngandhani aturan ana ing sekolah.
Sepuluh taun sakwise, alumni angkatane Ani wis padha kerja kalebu dheweke. Ani
dhewe dadi pengusaha sing sukses. Saka rembugane kanca sakangkatan, dianakake reuni
sing mapan ing omahe Ani sing gedhe magrong-magrong.
Dina iku udan deres, Ani bali numpak mobil jaguar. Amarga bar udan, saka mobile Ani,
nyiprat sakiwa tengene. Pas kebeneran, nyiprati wong tuwa sing numpak sepedha. Wong tuwa
iku mung ngelus dhadha ngerteni bocah enom jaman saiki sing ora tata. Disawang mobil iku
mandheg, lan dumadakan wong tuwa iku kelingan murid sing jenenge Ani.
Wong tuwa iku, Pak Budi. Saknalika Pak Budi kelingan gelange Ani sing durung
dibalekake.
Sesuke Pak Budi nyepedha ing omahe Ani. Udan sing awit bengi nganti esuk ora
kendhat, ora ndadekake niyat mbalekake gelang mandheg. Tekan ngarep omah, ana satpam
sing njaga.
“badhe kepanggih sinten Pak?’ pitakone sopan. “leres niki griyane Ani?” wangsulane.
“inggih pak, njenengan sinten?”. “Kula riyin gurune. Saged kepanggih napa boten?” sumaure.
“nggih pak, mangga”.
ngepasi dina iku reunine sakangkatan digelar. Pas mlebu omah, Ani ngenteni ngarepan. Ngerti
ana wong tuwa lusuh, tanpa basa basi wong iku diusir.
“Ndhuk, iki aku.” . durung rampung anggone nutugake omong, wis diusir.
“Lunga pak, iki seje panggonanmu, salah omah!” bentak Ani tanpa nyawang wonge.
Pak Budi lemes, ngerti muride biyen dadi mangkono. “Apa wis lali karo gurune”? Pitakone ana
ing jero ati. Pak Budi mlebu maneh. Ani wis mlebu.
Mung ana Lusi, kancane. Disawang rada suwe, Lusi banjur nuntun wong tuwa iku. “Ya Allah
Gusti, Pak Budi” Lusi ngrangkul mapag Pak Budi sing wis tuwa.“ Wonten napa nggih Pak?
pitakone Lusi.
“Arep mbalekake gelange Ani, ndhuk” semaure cekak. “An, An iki ana Pak Guru!” Lusi bengok.
“Sapa Lus?” balese Ani saka njero. “Pak Budi, guru matematika.” Ani metu saka njero. Pas
metu, Pak Budi mung mesem.
“Iki gelangmu biyen ndhuk. Aku ora arep njaluk apa-apa, mung kelingan yen gelang iki isih neng
aku. Biyen wong tuwamu tak enteni ora ana teka. Dadi tak simpen nganti saiki”. Tanpa sadar,
luh tumetes saka mripate Ani.
“Ya Allah, kula nyuwun pangapura Pak. Kula boten nglegewa menawi njenengan kalawau. Kula
nyuwun ngapura Pak”. “Ora salahmu An, aku sing salah. Aku sing kudu njaluk ngapura”. “Iki
gelangmu ndhuk, senajan aku wis ora duwe kaya saiki. Jenenge guru ora bakal lali karo muride.
Nganti kapan wae, bakal eling. Guru iku seneng yen muride bisa sukses kaya kowe An. Ora
arep njaluk sing luwih. Iki tak balekna, tegese utangku wis ora ana ya An”. “Nggih pak, kula sing
khilaf. Boten ngerti guru sing sampun nggulawentah kula sakanca Pak”. Ani njaluk ngapura lan
ngakoni yen salah. “Wis ya ndhuk, aku pamit. Wis lunas kabeh lan ora ana tanggungan neng
aku maneh”.

​TUGAS :

DIGARAP ING LINK TUGAS YA……

1. Wacanen cerkak ​“Gelangmu Ndhuk” b​ anjur golekana tema, paraga, setting, punjering

crita, alur, penokohan lan konflike!


​ iwulang apa kang bisa dituladhani saka cerkak ​“Gelangmu Ndhuk”​?
2.​ P

​ awea sinopsis cerkak ​“Gelangmu Ndhuk”!
3.​ G

You might also like