You are on page 1of 7

PEMERINTAH KOTA SURABAYA

DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 6 SURABAYA
JALAN JAWA 24 TELP (031) 5013602 fax (031) 5055560
Website: www.smpn6sby.sch.id email: info@smpn6sby.sch.id
SURABAYA 60281
PENILAIAN AKHIR SEMESTER
SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2019/2020
Bidang Studi : Bahasa Daerah (Jawa)
Kelas : IX
Hari / Tanggal : Jumat, 28 Februari 2020
Waktu : 60 menit
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
1. Gatekna pethikan drama iki!

Ing ruang tamu Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake
padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakke nggone lungguh. Bu
Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan tela godhog, banjur lungguh neng kursi njejeri Pak Narko.
Sawetara wektu wong telu padha meneng.

Pak Narko : “Lara rasane atiku!” (rada mbesengut)


Bu Narko : “Mbok ya uwis ta pak ra sah dipikir jero. Mandak mung diunekne ngono wae ya aja
lara ati. Pokoke sing penting nyatane rak ora ta.”
Pak Narko : “Lha wong wis kadhung lara tenan atiku dicap kaya ngono iki. anake dhewe pancen
ya kurang ajar, ning lek wong tuwane dicandhak-candhak elek, sapa sing ora muntab!”
Bu Narko : “Mulane bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapa kepradhah.”

Basa kang digunakake dening Bu Narko ing pacaturan kasebut yaiku ….


A. Krama alus
B. Ngoko alus
C. Ngoko lugu
D. Krama alus

2. Ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake pakaryan manut apa kang
diprentahake diarani ukara . . . .
A. pitakon
B. agnya
C. sambawa
D. camboran

3. Wacanen kanthi setiti!

Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang
sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen
nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang
menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang
Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

Ide pokok teks tanggapan deskriptif ana ing wacanan paragraf ing dhuwur yaiku …
A. Pesisir Sendang Biru obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae.
B. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge
Pulo Sempu.
C. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi
fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.
D. Pesisir Sendang Biru obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae lan
dijangkepi fasilitas kang nyengkuyung.

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
4. ukara kang isine ngemu teges pangarep-arep, senajan, utawa upama diarani ukara . . . .
A. sambawa
B. camboran
C. pitakon
D. agnya

5. Gatekna teks tembang iki!

Lumbung desa pra tani padha makarya, ayo dhi


Jupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu
Padha nutu yen wis rampung nuli adang, ayo kang
Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Pesen kang kinandhut saka Tembang Dolanan ing ndhuwur yaiku ....
A. ngajak para tani supaya makarya bareng
B. dadi wong kudu sregep nyambut gawe
C. para tani padha makarya bareng
D. njupuk pari karo nyandhak alu

6. Tangia esuk mau kowe ora bakal telat. Ukara kasebut kalebu ukara . . . .
A. agnya/pakon
B. sambawa muga-muga
C. sambawa senajan
D. sambawa saupama

7. Gatekna tembang macapat Gambuh iki!

Tutur bener puniku


Sayektine apantese tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

Manut tembang Gambuh ing dhuwur, cacahe guru wilangan saka gatra kaping siji yaiku ....
A. 6 (enem)
B. 7 (pitu)
C. 8 (wolu)
D. 9 (sanga)

8. “Febry budhal menyang kutha Mojokerto nitih sepur.”


Manawa ditulis ing aksara Jawa yaiku . . . .

A.

B.

C.

D.

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
9. “Apika ya biji ujiane mbakyuku, ben ketampa ing sekolah favorit.”
Ukara sambawa iki ngemu teges . . .
A. upama
B. senajan
C. muga-muga
D. mokal

10. Gatekna pethikan drama iki!

RUDI LAN PS3


Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha, aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak durhaka kowe iku Lim, Lim. dikongkon mbokmu jaga
toko kok malah dolan.
Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh! San, awakmu iki kok ngethak-ngethak wong
sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu)
Hasan : Ya ora ngono Lim, mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji wae
kok angel menawa dikongkon rewang-rewang. (sinambi ngelus dhadha) Apa awakmu ora
mesakake mbokmu?
Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang. Mosok arep
neng omah terus, boring man, boring! (karo tangane melu obah-obah, ekspresif)
Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir salim)

Alur saka pethikan teks wacan kasebut yaiku alur ....


A. maju
B. mundur
C. maju mundur
D. campuran

11. Dhuwite Rp. 792.358,00.


Yen ditulis nganggo aksara Jawa kang bener . . . .

A.

B.

C.

D.

12. Wacanen pethikan pidhato iki!

Mugi-mugi sedaya siswa mangke sageda lulus kanthi … ingkang sae sarta sageda katampi
wonten sekolah ingkang dipunkajengaken. Aamiin.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing naskah pidato kasebut yaiku ….
A. biji
B. buku
C. ijazah
D. soal

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
13. Wulan Agustus.
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Swara yaiku …

A.

B.

C.

D.

14. Wacanen kanthi setiti!


1) Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 14 desember 2016.
2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake sawise ulangan semester ganjil.
3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.
4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalane sejarah.
Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan ana ing ukara nomer ….
A. (1) lan (2)
B. (3) lan (4)
C. (1) lan (3)
D. (2) lan (4)

15. Gambaran ngenani jaman, adat istiadat lan budaya, perilaku sarta sikap masyarakat sing bisa
ditinting saka cerkak diarani ….
A. unsur intrnsik
B. unsur ekstrinsik
C. unsur budaya
D. unsur swasana

16. “Ustad Ismail badhe dzikir”


Manawa ditulis ing aksara Jawa yaiku . . . .

A.

B.

C.

D.

17. Basa sing trep kalawan unggah-ungguhe ing ukara-ukara ngisor iki yaiku . . . .
A. Ibu mangan soto, aku mangan rawon, lan adhik maem bubur
B. Ibu nedha soto, aku dhahar rawon, lan adhik maem bubur
C. Ibu dhahar soto, kula dhahar rawon, lan adhik dhahar bubur
D. Ibu dhahar soto, aku mangan rawon, lan adhik maem bubur

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
18. “Makaten ingkang saged kawula aturaken minangka sesulihing kulawarga Bapak Sudrajad
Djiwandana sekaliyan, mbok bilih anggenipun mangayubagya panjenengan sami wonten ceweting
aruh, lungguh. Suguh, sarta rengkuh, ingkang hamengku karsa nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami, lan sateruse.”
Andharan kasebut kalebu . . . .
A. purwaka
B. surasa basa
C. wusana
D. pangarep-arep

19.
(1) Madiun 16 Juni 2019
(2) Katur dhumateng
Pakdhe Kartasumarma
Ing Surabaya

Atur pamuji rahayu,


Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing Madiun
tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi Pakdhe
saha sedaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda.
Kejawi saking punika, ….
Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun
lubering samudra pangaksami.

Katur dhumateng
Ingkang Putra

Perangan layang nomer (2) kang nerangake panggonan, tanggal nalika layang ditulis diarani ....
A. peprenah
B. adangiyah
C. pambuka
D. surasa basa

20. Struktur drama salah sijine iku Orientasi. Kang diarani orientasi yaiku . . . .
A. para paraga ditepungake watake, uga pandhapuke ing drama
B. para paraga diadhepake ing prakara dhewe-dhewe nganti klimaks
C. para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane
D. pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa

21. Gatekna tembang macapat iki!


Dhandhanggula
Sun tuturi kabeh putra putri
Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tutur ika
Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru lagune yaiku. . . .
A. i, a, a, u, i, a, u, a, u,a
B. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
C. i, a, e, u, i, a, u, i, i, a
D. i, a, a, u, i, a, u, i, i, a

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
22. Gatekna tembang macapat iki!

Dhandhanggula
Sun tuturi kabeh putra putri
Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tutur ika

Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru wilangane yaiku....


A. 10, 10, 9, 7, 9, 6, 7, 8, 12, 7
B. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 7, 8, 12, 7
C. 10, 10, 9, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
D. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

23. “Langkung rumiyin sumangga kula saha panjenengan sedaya sesarengan tansah muji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti lngkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng
kula panjenengan sedaya.” Perangan kasebut mujudake ….
A. surasa basa
B. dudutan
C. pambuka
D. panyapa

24. “Eyang muwun nalika putrane seda.”


Yen ditulis nganggo aksara Jawa kang bener yaiku . . . .

A.

B.

C.

D.

25. Pawongan kang tugase mimpin lan ngatur lumakune drama, diarani . . . .
A. figuran
B. protagonis
C. sutradara
D. aktor

26. Silsilah ing Praja Ngastina kang minangka garwa saka Prabu Pandhu Dewanata yaiku . . . .
A. Dewi Gendhari
B. Dewi Setyawati
C. Dewi Arimbi
D. Dewi Kunti

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020
27. Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane kalebu
kaum bangsawan, jalaran isih putrane bupati Jepara. Asma kang rama yaiku Raden Mas Adipati
Ario Sosrodiningrat, ibune asma M.A Ngasirah, lan nduweni putra tiga. Raden Ajeng Kartini
kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Putra pambarep saka Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat yaiku ….


A. Raden Ajeng Kartini
B. M.A Ngasirah
C. Raden Ajeng Kardinah
D. Raden Ajeng Rukmini

28. Rafida Helmi lair ing tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi,Jawa Barat.
Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah.Rafida pancen pinter lan genius.Umur lagi 14
taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula)
Semarang. Setaun sinau ing TK banjur mlebu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5
taun,jalaran mlebu kelas akselerasi.Ing SMP lan SMA uga mlebu kelas akselerasi,kabeh mung
mbutuhake wektu 4 taun.Prestasine Rafida ngetutake mbakyune,yaiku Rina Helmi sing tau
kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM.Rafida kasil jalaran wong tuwane ditanemake
kesadharan sinau dhewe-dhewe.

Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku….


A. umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran
B. prestasine Rafida ngetukake mbakyune
C. ing SD mlebu kelas akselerasi
D. Rafida pinter lan genius

29. Setitekna pethikan wawan rembug iki!

Anik : Kula nuwun


Pak Karji: Mangga nak. Kene mlebu kene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji: Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.
Pak Karji: Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?
Pak Karji: Usaha bathik iki dakjenengake “Sekar Jagad”.

Wawancara ing dhuwur kalebu struktur teks bagian ....


A. identifikasi
B. klasifikasi
C. deskripsi
D. koda

30. Gatekna pethikan wawancara iki!

Esti : Kripik gedhang punika dados menapa, Bu?


Bu Atik : Kripik Gedhang Agung didadekake unggulan Kabupaten Lumajang.

Ukara sing diaturne dening Bu Atik kalebu ukara ....


A. tanduk
B. tanggap
C. pitakon
D. pakon

Kurikulum_SMPN 6@Surabaya
PAS_2019-2020

You might also like