You are on page 1of 1

SOAL PENGAYAAN

Nama :
Kelas :

Layang iki kanggo soal nomer 1-4.


Semarang, 10 Maret 2016 1
Hal : Undangan

Tumuju marang :
Pengurus OSIS SMP Taman Dewasa Citarum 2
Kota Semarang

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun, adhedhasar pambinaan Kepala Sekolah sarta Pambina OSIS babagan
kegiyatan tengah semester genap, mula kita ngaturi kanca-kanca pengurus OSIS lan
perwakilan kelas VII, VIII, lan IX SMP Taman Dewasa Citarum kanggo kumpul ing:
Dina/Tanggal : Senin, 14 Maret 2016
Wanci : 11.30 – 12.30 WIB 3
Panggonan : Ruang OSIS SMP Taman Dewasa Citarum
Kaperluan : Rembugan Kegiyatan Tengah Semester
Cukup semene, muga-muga ndadekake kawigaten lan suwun bisa teka.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Ketua OSIS

4
Ranu Aditya

1. Perangan nomer 1 ing layang nduwur iku arane. . . .


a. wasana basa c. titi mangsa
b. surasa basa d. purwaka basa

2. Perangan nomer 2 ing layang nduwur iku arane. . . .


a. wasana basa c. satata basa
b. surasa basa d. purwaka basa
3. Perangan nomer 3 ing layang nduwur iku arane. . . .
a. wasana basa c. surasa basa
b. satata basa d. purwaka basa
4. Perangan nomer 4 ing layang nduwur iku arane. . . .
a. wasana basa, tanda tangan, asma terang c. satata basa, tanda tangan, asma terang
b. paprenah, tanda tangan, asma terang d. surasa basa, tanda tangan, asma terang

5. Gawenen layang kang isine undangan kanggo pengurus OSIS saperlu ngrembug
babagan hari kartini ing sekolahanmu!

---000---

You might also like