You are on page 1of 6

Tembang Macapat

Kelas VIII
Tembang Macapat
Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional
ing tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake
pedhotane 4-4, uga ana kang ngandharake manawa macapat iku saka
tembung ma + cepat, iki amarga manawa nembangake macapat mung
rerikatan bae, ora nganggo wiledan utawa elak-eluking swara kang
njalari dadi suwene.

Tembang macapat kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing


aturan/paugeran tartamtu.
Paugeran-paugeran jroning tembang
macapat, yaiku:

Guru Guru Guru


Gatra Wilangan Lagu
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis
ditentokake cacahing gatrane.

2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.


Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake
cacahing wandane

3) Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning


gatra.
Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake
tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
7a
Jungkat siti panggaraping sabin,
laku saru datan ilok tenan,
tadhah udan sing ginawe,
den ilangana sampun,
awit iku kang dadi ciri, 10 gatra / 10 baris
tumrap manungsa gesang,
awon dadosipun,
lamun saru trus binekta,
iki jeneng nistha kang tanpa upami,
tan pinercayeng liyan.

Saka tembang ing dhuwur bisa dijupuk dudutan paugerane tembang


macapat Dhandhanggula, yaiku:

guru gatra : 10
guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

You might also like