You are on page 1of 1

ASAL USUL DESA BAE

asal usul jeneng Desa Bae miturut sesepuh desa ono 2 (loro) cerito

sing kapisan mergo pas zaman biyen Mbah Gilang tiyang kang ndueni pengaruh saengga akeh
diparani wong teko sajaba wilayahe Desa Bae,lan nek wong kasebut ditakoni arep ning ndi utawa
seko ndi podo njawab teko omahe simbahe

sing kapindo amarga pas zaman biyen Mbah Gilang ndue ingon ingon macan, lan sering dijak mlaku
mlaku ning daerah Desa Bae, saengga kathah tiyang sing ndelok, amarga pas zaman iku wong
wong akeh sing nyebut kewan macan ngenggo sebutan Simbahe,

kata simbahe sing berarti sing dihormati utawa disepuhke, dadi kawasan kasebut dikenal karo
jeneng Desa Bae ngasi saiki.

daerah Gilang sing ndek kae dadi panggon urip Mbah Gilang saiki wes dadi Masjid lan makam sing
dijenengi Masjid Nurul Mubin ( Masjid Nurul Mubin Gilang lan Makam Gilang ) lan diyakini karo
uwong uwong barang Mbah Gilang dimakamke ning Makam Gilang, kango ngurmati jasa jasa Mbah
Gilang lan rasa syukur marang Allah SWT warga Desa Bae kawit ndeiko yen pas ndueni hajatan
opo wae mesti teko ning Masjid Nurul Mubin Gilang kanggo ndongo.

You might also like