You are on page 1of 2

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA

PILIHAN GANDA

1. Jenengku Rio. Aku kulina tangi isuk banjur ngresiki kamar lan sholat subuh. Jam 5 aku adus lan
siyap-siyap budal sekolah. Sakdurunge budhal aku sarapan dhisik banjur pamitan bapak lan
ibuku.
Aku budhal sekolah mlaku amarga sekolahanku cedhak omah. Teka sekolah banjur salaman karo
bapak ibu guru. Ing sekolahanku wis dadi budaya 3S yaiku Senyum, Salam lan Sapa. Pakulinan
sing kaya mangkene iki bisa ndadekake aku lan kanca-kancaku katon guyup rukun.

Wacan ing nduwur diarani teks…

a. Cathethan padinan
b. Teks eksposisi
c. Teks pidato
2. Pakulinan ing sekolahan yaiku 3S. Maksud saka 3S yaiku…
a. Sedih, susah, salah
b. Senyum, salam, sapa
c. Suka, sehat, slamet
3. Sing ditindhakake Rio sakbanjure sarapan yaiku…
a. Adus
b. Pamitan bapak lan ibuk
c. Ngresiki kamar
4. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara krama alus yaiku…
a. Ibu isih masak
b. Bapak lagi mulih kerja
c. Simbah sampun wungu
5. Yen kulina urip resik mula kahanane dadi..
a. Reged
b. Sehat
c. Penyakiten
6. Tanaman obat lumrahe diarani…
a. Toba
b. Toga
c. Toka
7. Piranti kanggo ngresiki meja yaiku…
a. Sulak
b. Kain pel
c. Sapu
8. Marang kanca kudu bisa guyup…
a. Makmur
b. Tentrem
c. Rukun
9. Sing kalebu tembung krama inggil yaiku…
a. Jupuk
b. Pundhut
c. Doyan
10. Hawa ing desa luwih seger amarga…
a. Akeh polusi
b. Akeh wabah penyakit
c. Akeh tetuwuhan sing ijo royo-royo
11. Rukun agawe…, crah agawe…
Tembung sing trep kanggo njangkepi sesanti kasebut yaiku…
a. Tentrem, bubrah
b. Santosa, bubrah
c. Ayem, santosa
12. Tembung sing digunakake kanggo ngurmati wong liya utawa wong sing luwih tuwa yaiku…
a. Ngoko
b. Ngoko madya
c. Krama inggil
13. Bapak arep adus. Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku…
a. Bapak arep siram
b. Bapak badhe siram
c. Bapak badhe adus
14. Kagiyatan kerja bakti nduweni tujuwan yaiku…
a. Kanggo njaga pos kamling
b. Kanggo njaga karesikane lingkungan lan bisa njaga pasrawungan
c. Kanggo njaga kaslametane warga
15. Ibuk wis mangan. Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku…
a. Ibuk sampun mangan
b. Ibuk wis nedha
c. Ibuk sampun dhahar
16. Tembung sing digunakake kanggo ngasorake awake dhewe yaiku…
a. Krama
b. Krama inggil
c. Krama andhap
17. Yen nindakake kaluputan sing disengaja utawa ora disengaja sing bisa nggawe wong liya gela
kudune…
a. Nyuwun pangapura
b. Nyalahake wong liya
c. Rumangsa bener
18. Bapak lagi maca koran. Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku…
a. Bapak lagi maos koran
b. Bapak lagi baca koran
c. Bapak lagi maca koran
19. Krama andhap digunakake …
a. Tumrap awake dhewe
b. Kanggo Ngurmati wong liya utawa wong sing luwih tuwa
c. Kanggo ngasorake awake dhewe
20. Budhe mangan bakso. Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggi yaiku…
a. Budhe dhahar bakso
b. Budhe nedha bakso
c. Budhe mangan bakso

You might also like