You are on page 1of 2

Tugas Bahas Jawa

“Teks Pranatacara”
Nama : Fayruzza Alfath Wakhyanto

Kelas : X-1

No. : 14

Nuwun kawula nuwun,

Ingkang kinurmatan Kepala Desa Serang Bapak Sugeng Wakhyanto. Para sesepuh,
pinisepuh, sanak lan kadang ingkang kulo urmati. Saha para tamu kakung sumawana putri
ingkang tansah kulo urmati ugi.

Sapindah, sumangga sesarangen manungku puja-puji syukur wonten ngarsanipun gusti


Allah swt. Ingkang paring rahmat kawilujengan jasmani lan rohani saengga kita sedaya saged
makempal wonten ing ndalem acara Halal bi Halal Desa Serang. Ngantos mboten wonten
alangan satunggal punapa.

Sholawat ugi salam tasah kita atur katunjuk dumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad Saw. Ingkang mugia kita dipunparingi syafaat wonten yaumul kiyamah mangkeh.
Aamiin aamiin yarabbal ‘alamin.

Salajengipun, anggenipun kawulo wonten mriki kawulo katitah dados pranatacara wonten
acara Halal bi Halal menika. Para tamu kakung sumawana putri, pramila kulo nyuwun wekdal
panjenengan sami kagem ngaturaken lumampahipun acara ing ndalem acara menika:

 Acara ingkang sepindah, inggih menika waosan surat Al-fatihah ngantos


sesarangan
 Acara ingkang kaping kalih, inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-quran.
 Acara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan saking Bapak Kepala Desa
Serang
 Acara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan dedunga
 Acara ingkang pungkasan, inggih menika salim-salaman.

Menika sampun anggenipun kulo ngaturaken lumampahipun adicara ing ndalem wekdal
enjang punika, mboten sopan menawi kulo matur katah-katah. Pramila monggo kita sesarangen
waos suat Al-fatihah sesarengan kagem miwiti adicara menika, mugi-mugi adicara wonten
menika saged lumampah kanthi lancar mboten wonten aral punapa. (Al-fatihah)

Acara salajengipun inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-quran saking putra bapak
Kepala Desa Serang, Fayruzza Alfath.Wekdal saha panggenan kawula sumanggaaken. (Waosan
Ayat-ayat Al-quran)

Mekaten kala wau, waosan ayat Al-quran saking Fayruzza Alfath ingkang sae sanget.

Acara salajengipun inggih menika sambutan saking Bapak Kepala Desa Serang, Bapak
Sugeng Wakhyanto. Wekdal saha panggenan kawula sumanggaaken. (Sambutan)

Mekaten Kala wau sambutan saking Bapak Sugeng Wakhyanto. Mugi saged kita resep lan
dados kawigaten kagem kita sedaya.
Acara salajengipun inggih menika waosan dedunga sesarengan tumuju dateng gusti Allah
Swt. Mugi dados amal baik lan punopo ingkang dados kekarepan kita saged dipunwujudaken.
Wonten acara dedungo menika dipunpimpin kaliyan Bapak Muhtandhor. Dumateng
panjenenganipun, wekdal saha panggean kula sumanggaaken.

Mekaten dudonga kang sampun dipipimpin kaliyan Bapak Muhandhor. Mugi saged
mbeta barokah kagem kita sedaya. Aamiin.

Para tamu kakung saha putri ingkang kulo urmati.

Kita sampun manjing wonten acara igkang pungkasan, inggih menika acara penutup kanti
cara salam-saliman.

Ananging, sakderengipun nglampahi acara pungkasan menika, kulo ingkang katitah dados
pranatacara ing ndalem adicara menika, bilih kagungan kalepatan kulo nyuwun agunging
pangapunten. Kulo ugi badhe ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kulo nyuwun pangapunten.
Monggo acara ingkang pungkasan saged dipunwiwiti, nuwun.

You might also like