You are on page 1of 1

PJJ Mapel Bahasa Jawa Kelas XII ( Senin, 1 Februari 2021 )

(Tugas 2)
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki miturut wacanan kasebut kanthi premati!
Wangsulan dipunserat ing buku catatan basa Jawa banjur difoto lan dipunkintun ing
no. WA 082256537393.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi patitis!

Wewaler Luhur Uri ping Madyaning Bebrayan


Manungsa urip ing alam donya ora 0ias uwal saka tepa slira lan samad sinamadan.
Kudu nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur
wis akeh paring patuladhan becik marang turune kang awujud wewaler utawa pitutur
kabecikan.
Minangka anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene wewaler
wong jawa aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka
kang murbeng dumadi. Saka andharan iku 0ias dimangerteni menawa kanggone wong
jawa , wong tuwa iku utama ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan
ngurmati ateges diarani anak sing bekti.
Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang alus
lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa jawa karma. Aja pisan- pisan wani
marang wong tua amarga wani marang wong tuwa iku 0ias diarani anak kang duraka lan
0ias kuwala. Penganggepe wong jawa wong tuwa kang nandhang tatu atine amarga saka
tumindak duraka anake, apa kang kewetu saka pangucape 0ias malati tumrap anak.

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi permati!


1. Apa irah-irahan wacana ing dhuwur kasebut!
2. Tulisen pokok- pokok isine teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!
Paragraf 1 : ....
Paragraf 2 : ....
Paragraf 3 : ....
3. Tulisen pitutur luhur kang ana ing teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!
4.Tulisen gegayutane (hubungane) pitutur luhur kang ana ing teks wewaler Luhur Ing
Madyaning Bebrayan karo kahanan bebrayan wektu saiki!
5.Wenehana panemumu ( pendapatmu) marang isine teks wewaler Luhur Ing Madyaning
Bebrayan!

You might also like