You are on page 1of 2

Halal Bihalal

Assalamualaikum Wr.Wb

Sak derengipun sumongga kula derekaken memuja lan memuji dumateng ngarso
dalem Allah SWT ingkan smpun paring rahmat, taufik hidayah sarta inayah ugi ing
wedal dalu punika mboten karaos kulo panjenengan tansah pinaringan nikmat
kesehatan, kesempatan, iman lan islam. Shalawat saha salam mugi katetepaken
wonten ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipun tengga
syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah.

Para hadirin rahimatullullah ingkang dipun mulyakaaken dening Allah SWT, ugi
katur dumateng panjenenganipun Bapak Lurah inggih menika Bapak Suprapto
ingkang kawula hormati. Panjenenganipun Al mukharom Bapak Kyai Sudiarto
ingkang kawula hormati Panjenenganipun para pinisepuh saha sesepuh wonten ing
padukuhan Dukuh Karanglewas sowanipun ingkang hanggung mastuti dumateng
popayaning kautamen ingkang pantes nampi pakurmatan.

Boten katalumpen kunjuk panjenenganipun para alim ulama ingkang rinten dalu
tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi ingkang pinangka kiblating panembah
ingkang satuhu luhuring budi. Para tamu undangan ingkang satunggal bapa satunggal
mboten saged kawula sebataken ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Gegandengan wedal sampun winanci, pramila pangaosan sak lebetipun acara halal
bihalal ingkang diwontenaken rutin setunggal tahun sepindah wonten ing Dukuh
Karanglewas leresipun wonten dalemipun Bapak Muhiro. Kaparengo kula sumawelo
atur soho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan punapa dene imbal
wacana ingkang saperlu badhe ngaturaken urut reroncening adicara wonten ing dalu
punika.

Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:

o Pambuka
o Gema Wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Qur’an.
o Prakata Panitia
o Ikrar halal bihalal
o Inti acara Halal bihalal
o Penutup

Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara halal bihalal punika
dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-fatihah”
Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candakipun
nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Quran
ingkang bade kasarira dening kadang kula anem Martono dene ingkang maos sari
tilawah (pembaca arti ayat dalam Qur’an) kapiji dening Suryati.

Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning adicara Prakata
panitia. Prakata panitia dipun wedhar dening Prakata sambutan saking kepala
kelurahan Bapak Bangun Diarjo. Lanjut Prakata panitia pelaksana Ahmas Sutejo.

Ikrar halal bihalal, bilih ingkang badhe hangaturaken ikrar halal bihalal minangga
sulih sariro saking kadang pemuda kapiji Ahmadi wondene ingkang badhe nampi
pinangko wakil saking tiyang sepuh kapiji panjenganipun Bapak Suprapto. Inti acara
halal bi halal punapa dene Maedho khasanah ingkang badhe kasariro
panjenenganipun Al mukharam Bp Kyai Sudiarto. Lan ing pungkasaning pengaosan
punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.

Penutup

Sang ya ning para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT
ingkang agung sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula
hangayahi jejibahan pinangka pranata acara halal bihalal wonten ing ratri punika,
pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok
bilih wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning
penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah nyuwun agengeng pangapunten.

Akhirul salam wabilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like