You are on page 1of 4

LATIHAN SOAL KELAS XI

SMK N 1 PACITAN

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara tulisen ing buku cathetan (ringkesan pitakonan lan
wangsulane), banjur bisa kok kirim japri WA utawa poto menyang moodle. Wektumu nggarap 60
menit.

1. Pilihan Ganda
IPK: Mengidentifikasi jenis artikel.
Museum Diponegoro iku manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro No.1. gedhunge
manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen
Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi
kang ana guratane kuku Pangeran Diponegoro, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan
ambane 1,35 meter, digawe saka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat,
7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.
Adhedhasar jinise artikel ing dhuwur diarani artikel…
a. eksposisi
b. narasi
c. dheskripsi
d. persuasi
e. argumentasi

2. Pilihan Ganda Kompleks


IPK: Menganalisis teks tembang macapat.
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Lamun sira nggeguru kaki,


Amiliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta weruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.

Pranyatan kang bener mungguh tembang ing dhuwur yaiku…


(Sampeyan bisa milih wangsulan luwih saka siji)
a. Sapada dumadi saka 8 gatra
b. Kalebu jinise tembang Dhangdhanggula
c. Isi kang kinandhut yaiku patrape yen kita milih guru sing becik
d. Pesen sing bisa dijupuk yaiku dadi wong urip kudu sabar lan narima
e. Paugerane tembang: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

3. Pilihan Ganda Kompleks


IPK: Menganalisis Teks Geguritan
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
BANYU
Dening: Miftahul Dina Anggraeni

gemricik swaramu ing wayah esuk


agawe tentrem ing ati
kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah
putih bening netes ing ndonya
nggawe adhem ing sukma
krasa seger ing njero kalbu
kahananmu dadia tuladha ing jagad
yen urip kudu terus mili
kowe sumber penguripan menungsa
Pranyatan struktur geguritan kang bener mungguh geguritan ing dhuwur yaiku....
(Sampeyan bisa milih wangsulan luwih saka siji)
a. Ing pada kapisan nggunakake panyitra pangrungu
b. Tema kang dirembug ing geguritan kasebut yaiku ngenani kasarasan.
c. Manut blegere, geguritan kasebut kalebu geguritan jinis gita tri gatra.
d. Ing pada ketelu nggunakake purwakanthi guru basa tembung tuladha
e. Pesen sing bisa dijupuk yaiku dadi urip ing bebrayan kudu tansah tulung tinulung

4. Menjodohkan
IPK: Menentukan Jenis Unggah-ungguh Bahasa Jawa
Unggah-ungguh basa Jawa iku kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko
kaperang dadi 2, yaiku ragam ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama kaperang dadi 2, yaiku
ragam krama lugu lan krama alus.
 Ngoko lugu yaiku unggah-ungguh basa Jawa sing tetembungane awujud ngoko lan netral tanpa
ana campuran krama, krama inggil, utawa krama andhap kanggo pawongan kapisan, pawongan
kapindho, lan pawongan katelu.
 Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot tetembungan ngoko, tetembungan netral,
lan tetembungan krama. Tetembungan krama digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra
wicara. Padatan tetembungan krama sing digunakake awujud tembung aran, tembung kriya, lan
tembung sesulih.
 Krama lugu yaiku basa kang sing tembung-tembunge arupa krama lugu, ora dicampuri krama
inggil apadene ngoko.
 Krama alus yaiku basa sing tembung-tembunge krama andhap, krama, lan krama inggil. Ater-
ater lan panambange uga krama.

Saka andharan ing dhuwur, pasangna ukara pacelathon lan ragam basa kang cocok!

Ukara Ragam Basa


Menawi panjenengan kagungan pantun, bok kula dipunparingi ngampil. Ngoko Lugu
Tulung mangkata saiki supaya ora telat. Ngoko Alus
Arta ingkang kalawingi sampeyan titipaken kula, sampun kula bayaraken Krama Lugu
Barang iki arep takcaosake Bu Lurah Krama Alus

5. Jawaban Singkat
IPK: Melengkapi Kalimat Beraksara Jawa.
Jangkepana ukara mawa aksara Jawa ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

……………

………………………………

6. Uraian
IPK: Menganalisis Unsur Bahasa Teks Pranatacara lan Pamedharsabda.
Gatekna tuladha pethilan teks Pranatacara lan teks pamedharsabda ing ngisor iki!
Teks Pranatacara Teks Pamedharsabda
Keparenga kula cumantaka ngadeg, sowan Puji syukur mangga kita aturaken dhumateng
wonten ing ngarsa panjenengan sami, awit Allah SWT ingkang sampun paring nikmat
ngemban jejibahan dhawuh saking saha hidayahipun kangge kita sedaya, saengga
panjenenganipun Bapa Prasetya ingkang kita sedaya saged makempal wonten ing papan
hamangku karsa. Kepareng kula jejer minangka menika kanthi kahanan sehat wal afiat. Bapak
pranata adhicara wonten ing adhicara dhauping ibu lan kanca-kanca ingkang kinurmatan
kang putra kinasih nun inggih kang asesilih sang Wonten ing kalodhangan punika kepareng kula
kusumaning Ayu Dyah Puspita ingkang arsa badhe matur babagan bahayanipun ngonsumsi
kadhaupaken kaliyan putra bagus kang asesilih narkoba lan obat-obatan ingkang dipunlarang,
Sang Kusumaning Bagus Arga Putra Dewa, putra kita sampun asring mirengaken saha ningali
saking panjenenganipun Bapa Puja Sentika, pawartos, bilih sok sintena kemawon ingkang
ingkang mijil saking tlatah Kartasura ngginaaken narkoba badhe kenging
Hadiningrat. bahayanipun antawisipun badhe ngrisak badan,
Para Rawuh kakung saha putri ingkang dahat kesehatan badhe kaganggu, pikiran boten
kinurmatan, Sumangga adicara siyang punika kita saged wening, lan sanesipun.
bikak kanthi waosan basmallah sesarengan. ………………………………
(Bismillah irohmanirohim)
Tumapaking adicara salajengipun waosan Ayat
suci Al Qur’an. Dhumateng ingkang kajibah, kula
sumanggakaken.
(Waosan ayat suci Al Qur’an)
Makaten ngumandhanging dhawuh-dhawuh
luhung saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi
ingkang kaserat wonten ing kitab suci Al Qur’an,
mugi sageda anambahi iman lan taqwa kita
dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan.
Salajengipun ngancik adicara madya, Atur
pambagyaharja. Dhumateng Bapa Harja Waskito,
ingkang minangka sesulih saking ingkang
hamangku gati, sasana pangandikan kula
aturaken.
(Atur Pambagyaharja)
Tatas titis mrantasi tan ana kang kacicir sadaya
dhawuh pangandikanipun sulih pangandikan
saking Bapa Prasetyo ingkang hamangku gati nun
inggih Bapa Harja Waskito,
……………………………………………….

Saka tuladha teks ing dhuwur, apa bedane antarane pranatacara lan pamedhar sabda!

7. Uraian
IPK : Mengidentifikasi struktur teks drama.
Struktur teks drama dibedakke dari Pira? Sebutna!

8. Uraian
IPK: Mengidentifikasi Struktur Teks Drama
Patih Logender : Kula, pun Patih Logender (kanthi gela-gelo) ngaturaken
sembah pangabekti Kanjeng Ratu.
Ratu Kencana Wungu : Iya paman Patih Logender, daktampa sembah bakti
sira, ora liwat pangestuku tampanana!
Patih Logender : Matur nuwun Kanjeng Ratu, Pangestu panjenengan kula
pundhi, kula kancing ing gelung minangka jejimat
anggen kula ngabekti ing Majapahit.
Sindhureja : Kula Sindhureja, mentri mamanca negara ing brang kilen,
ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Gusti Ratu
Kencana Wungu.

Pitakonan:
a. Teks ing ndhuwur kalebu struktur apa?
b. Andharna alasane bisa kalebu struktur (a) iku!

9. Uraian
IPK : Mengidentifikasi Struktur Teks Sastra “wayang” (unsur intrinsic)
Sapa wae paraga ing crita wayang “Gathotkaca Lair”?

10. Uraian
IPK : Mengidentifikasi Penggunaan Bahasa Lisan
Gaweya tuladha ukara (1 wae) sing ing njerone ana:
a. Tembung saroja
b. Tembung entar
c. Tembung kawi
d. Bebasan
e. Saloka

You might also like