You are on page 1of 3

Muhammad Hanif A S

XI MIA 5 / 23

Gusti Maha Welas

Kira-kira jam tengah wolu esuk, para anggota perangkat desa ing Desa Sumber Mulyo wis padha teka,
amerga dina iku ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi ing
Desa Sumber Mulyo iku dianakake pendak telung taun sepisan.

Kabeh warga kirap mubengi desa ngarak wulu wetuning desa kanthi dientha-entha gunungan.
Sakwise kui diterusake tontonan, sing paragane iyo para warga kono wae , kanthi mentaske budaya
seni sing uwis disiapke. Mengko minangka panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale
desa.

Tukang reresik bale seng jenenge Pak Wiro , nata meja kursi sing arep kanggo rapat malah ora mlebu
gawe Pak Lurah bingung.

Gek ana apa ? Mangka adat saben, Pak Wiro kuwi mesthi sregep, gaweyan sing dadi kawijabane
ditandangi dhisik, sadhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula perangkat
desa uwis siap, lan rapat arep diwiwiti, Pak Lurah menyang pawong nggoleki Bu Lurah njur
ngendika.

Bu,,,,, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat,,, sampeyan menyang
omahe Pak Wiro disambangi, ganeya kok ora mlebu nyambut gawe ?? Bu Lurah sumaguh, lan terus
tindak ning omahe Pak Wiro.

Tekan omah Pak Wiro tinemu tutupan suwung, gek dha nyang ngendi ? Anake Pak Wiro lanang
wadon, Diran lan Marti. Diran lingguh ing sekolah STM, dene Marti lagi SMP. Bocah loro kuwi
padha sregep sekolahe, ora tau nunggak.

Mulih saka sekolah, ya padha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran mbantu Bapake,
gaweyan reresik kebon lan nata bale sakwise bubar kantor.

Bu Lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, banjur tindak ing omahe wetane, sing kebeneran ana wong
sing lagi reresik latar. Nuli ngendika :

Assalamualaikum,,, mbok ? Griyane Pak Wiro niku kok tutupan , tiyange sami teng pundi ?? pitakone
Bu Lurah.

oo… Bu Lurah….. Pak Wiro niku lagi ngeterke Mok Wiro menyang Puskesmas, sampun tigang
dinten niki sambat mumet, malah wingi sampun kulo keroki. Tirose Pak Wiro, wau dalu mboten saget
tilem amerga badane benter sanget. Mila wau mruput dibekta ndamel sepeda teng Puskesmas. Pituture
Mbok tanggane.

Oo…. Ngoten a Mbok , matursuwun nggih disukani sumerep ! kula tindak rumiyen nggih Mbok,
mangke kula aturne Pak Lurah.

Bubar ngendika ngendika, Bu Lurah banjur tindak. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate.
Pak Lurah sakwise diaturi garwane, ya ora omong apa-apa marang Pak Wiro. Ning sorene Pak Lurah
kaleh Bu Lurah budhal menyang omahe Pak Wiro, nyambangi bojone sing jare lara.

Tekan ngomahe Pak Wiro, kabel padha ngumpul nunggone Mbok Wiro sing lara.
“Assalamualaikum…. Pak Wiro .. !!! Pak Lurah uwis tekan lawang.

“Waalaikumsalam… Mangga pinarak !!!” Pak.. Bu.. Lurah matur nuwun sampun dirawuhi . Jawabe
Pak Wiro.

“Pripun keadaane Mbok Wiro Pak ? pitakone Pak Lurah marang Pak Wiro sing lagi nunggoni Mbok
Wiro tilem.

“Ngendikane Pak Dokter,, mbok Wiro punika namung kekathahen mikir”. Jawabe Pak Lurah

“Oo….. Mikir apa to Pak ?” pandhangune Bu Lurah alon alon.

Anu Bu,,, dhenok Marti punika wingi kandha, yen piyambakipun mboten pareng ndherek ujian kelas.
Pak Wiro ora bisa nerusake crita, panyawange diuncalake marang Mbok Wiro lan Marti anake sing
lingguh ana ing sisihe.

“Pak , wis ta mboten napa-napa diceritake, supaya atimu entheng, masalahe rampung lan larane Mbok
Wiro gelis mari ??” ature Pak Lurah.

“Mboten napa-napa kok Pak Bu ! Masalah namung sepele “ jawabe Pak Wiro karo ndingkluk

Banjur Pak Lurah lan Bu Lurah njejeri Marti ning kiwa tengene karo ndangu :

“Sejatine Mbokmu mikir apa ta ndok cah ayu , mengka yen aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngewani
ngentheng-enthengke ? “ Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning karo Bu Lurah didhedhes
terus, mula karo nangis Marti ngatur :
“Simbok sisah amargi kula mboten angsal ndherek ujian awit ndereng mbayar arta SPP gangsal wulan
!”

“Wis… ndok Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, SPPmu tak cukupi, awakmu sesuk mlebu
sekolah kayak biasane ngaturke dhuwir marang gurumu !” Pituture Pak Lurah.

“Pak Wiro, sampeyan mboten usah susah, sesuk isuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit
SPP sing limang sasi karo duwit ujian, supaya bisa melu ujian. Kuwi ora dhuwit utangan sing kudu
mbok saur. Aku lan Bu Lurah ikhlas lahir batin”. Ngendhikane Pak Lurah marang Pak Wiro

Bubar ngendika ngono, Pak Lurah lan Bu Lurah banjur pamit wangsul sekalilhan nyalami Pak Wiro.
Pak Wiro karo Marti nguntapke tekan latar.

Pak Wiro tansah bungah atine lan maturpanuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga
dene Gusti tansah ngabulake panyuwun Pak Wiro.

Analisis Unsur Intrinsik


A. Tema
Sosial masyarakat

B. Latar
1. Latar Papan: Desa Sumber Mulyo, omahe Pak Wiro
2. Latar Kawontenan : Kuwatir, susah, bungah
3. Latar Wekdal : Esuk, sore

C. Alur
Aluripun inggih menika maju.

D. Tokoh lan Watak


- Pak Lurah : dermawan, seneng biyantu
- Bu Lurah : seneng biyantu
- Pak Wiro : sregep, seneng biyantu, ikhlas
- Marti : apik, bekti marang wong tuwa.

E. Sudut Pandang
Sudut pandang tiyang ingkang katiga.

F. Amanat
Sadayaning tumindak mesti badhe dipunwangsuli dening Gusti.

Sumber : https://ngertiaja.com/cerkak-bahasa-jawa

You might also like