You are on page 1of 2

Cerita Lucu :

Wadhah Pulsa
TANGGAKU asma Bu Pur, utawa Eyang Pur menawa tangga teparo padha ngaturi,
piyayine wis lansia. Ewasemonon piyambake ora gelem keri ing bab komunikasi, mula banjur
mundhut HP.

Mungguhing Eyang Pur, HP mujudake barang wigati. Jer putra-putrane kang gemrayah
kabeh padha nyebar ing liya papan golek pangupajiwa. Kanthi migunakake HP piyambake bias
komunikasi marang putra-putrane kapan wae.

Nalika semana Eyang Pur durung suwe anggone kagungan HP. Esuk iku piyambake
mencet HP-ne arep ngubungi putrane sing neng Mataram, Lombok. Bola-bali ngirim SMS kok
ora tekan marang sing dituju, pranyata pulsane entek.

“Jum, tulung tukokna pulsa neng warunge Pak Kudiman. Selawase rupiyah wae, cepet ya
aja mampir-mampir!” Eyang Pur dhawuh marang rewange wadon setengah tuwa karo ngulungi
dhuwit. Ora mbuwang wektu Yu Jum nyaut spedhah onthele lan terus dicengklal.

“E…Juuum, arep tetuku barang kok ora nggawa wadhah!” aloke Eyang Pur seru nganti
keprungu tangga jejere. Yu Jum balik kanan. “Nek ora diwadhahi teneh dha kecer neng
ndalan,” ujare Eyang Pur karo ngulungake HP kagungane marang rewange. Yu Jum gage
nampani, terus nyengklak sepedha onthele nuju warunge Pak Kudiman.

Prayata, sing dimaksud “wadah pulsa” dening Eyang Pur iku ora liya HP kagungane kuwi.
Karana ora dhong, Yu Jum anggone nembung marang bakule uga persis kaya pakonee
bendarane. “ Pak, tumbas pulsa selangkung rupiyah. Niki wadhahe”, ujare Yu Jum karo
ngulungake HP kagungane Eyang Pur marang bakule.

FX.Subroto-Nogotirto, Gamping, sleman

Lelucon :
Golput
Uslikan :”Kang, jare nalika Pileg kowe dadi golput?”

Umbaran :”Ya, pancen bener.”

Uslikan :”Lho, kok ngono.”

Umbaran :”Pancen wis tak gadhang adoh sadurunge, je.”

Uslikan :”Golput ki rak Golongan Putih ora nggunakake hak-e?”

Umbaran :”Ora.”

Uslikan :”Njur kepriye cethane?”

Umbaran :”Golput iku Golongan Paling Utama amarga padha disangoni Caleg.”

Uslikan :???!!!

(kir: Sukip djunairi Kandangan Kediri)

NAMA : SEPTIANA SUHARYANTI

NO. : 32

KELAS : XII MIA 1

You might also like