You are on page 1of 6

DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA

ULANGAN AKHIR SEMESTER GENAP


DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN NGAWI KORWIL BARAT
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama :


Hari/Tanggal : Kelas/No. : VI/
Waktu : SD :

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d, jawaben kang bener!

Wacan ing ngisor iki wocanen kanthi premati!

Tembang Macapat

Manut sejarahe tembang macapat iku karipta dening para sunan lan para winasis kraton Surakarta lan
Ngayogyakarta, malah ana sing ngarani jaman Majapahit. Tembang macapat iku carane maca papat-papat (patang
wanda) uga nduweni teges minangka filsafat laku jantrane wong urip wiwit jaman ruh nganti tumekane pati utawa
diarani "Sangkan Paraning Sumadi". Kaya kang diterangake ing ngisor iki.
1. Maskumambang nggambarake manungsa isih awujud ruh kang dititipake ing guwa garbaning ibu.
2. Mijil tegese lair dadi manungsa ngalami fase bayi wiwitan ngenal donya.
3. Sinom nggambarake tataran masa mudha utawa kanoman, yaiku fase manungsa wiwit kenal perkara-perkara
anyar.
4. Kinanthi ing tataran iki mujudake mangsa goleki jati dhiri, cita-cita, lan maknane urip.
5. Asmaradana ing fase iki manungsa wis mikirake asmara/cinta, golek calon pasangan uripe.
6. Gambuh, fase wiwit nindakake panguripan anyar, yaiku mbangun kulawarga kanthi lelambaran suci, giligake
visi, misi, lan ancas uripe.
7. Dhandhanggula, fase iki manungsa ngalami masa paling dhuwur, nggambarake pait getire urip, unggulan
kahanan fisik lan materi.
8. Durma ing tataran iki manungsa urip iku ora dhewe, ya kudu mikirake wong liya.
9. Pangkur fase iki manungsa wis ngancik umur, duwe rasa welas asih marang wong kang gawe uripe tegese wis
ora pati mikir kadonyan, nanging tansah mbudidaya anggone luwih cedhak karo sing gawe urip.
10. Megatruh, tegese mangsa pisahe roh karo jasade (mati) tumuju mring alam keabadhian.
11. Pucung, tegese wis dadi pocongan dibuntel mori putih, nggambarake ya mung amal kang suci sing dienggo
sangu ngadhep Gustine. Surge lan neraka bakal ditampa jumbuh karo amal tumindhake nalika urip ning
donyane.
1. Tembang macapat iku cacahe ana ....
a. sanga b. sepuluh c. sewelas d. roles
2. Tembang macapat kang dumadi saka 5 gatra yaiku ....
a. Maskumambang lan Pocung c. Durma lan Kinanthi
b. Megatruh lan Gambuh d. Pangkur lan Asmaradana
3. Sing miwiti ngripta tembang macapat, yaiku ....
a. pas sunan wali sanga c. Sultan Agung
b. Raja Majapahit d. Paku Buwono
4. Fase iki manungsa wis wayahe ngudi anggone cedhak karo Gusti Allah, nyuda wawa nyingkur perkara
kadonyan. Digambarake ing tembang ....
a. Kinanthi b. Asmaradana c. Pangkur d. Durma
5. Jabang bayi mijil saka guwa garbane ibu, tegese tembung mijil ing ukara kasebut ....
a. metu b. lewat c. mampir d. lair
6. Yen wig titi mangsane nyawa lan raga bakal pisah. Raga disarekake ing kuburan dene nyawa bali marang asal
usule iku digambarake sajroning tembang ....
a. Gambuh b. Megatruh c. Durma d. Pocung
7. Jaman saiki kabeh kebutuhane wong wis sarwa cumawis, kanthi cara gampang lan cepet bisa digayuh sing
penting ana dhuwite, sakthek kliwer donya kaya-kaya dicekel tangan, amarga saenenge irung njungkir padha
nyekel HP. Jaman kang kaya ngene iki diarani. ....
a. jaman modernisasi b. jaman kulturisasi c. jaman globalisasi d. jaman internasionalisasi
8. Jupuk ian ngirim dhuwit ore usah antri ing ngarepe petugas bank, cukup nganggo kartu ATM, wis bisa
nindakake jupuk lan ngirim dhuwit kanthi cepet. ATM singkatan ....
a. Alat Tunai Mandiri c. Alat Tarik Mudah
b. Anjungan Tunai Mandiri d. Alat Tukar Menukar
9. Wingi bengi Dargo kecekel lan ditahan ning kantor polisi gara-gara njupuk HP-ne kancane tanpa taren. Pak Nasib
bapake Dargo melu therak-therek ngurusi anake ning kantor polisi. Kaye ngene iki paribasane ....
a. Anak polah bapa obah. c. Polahe anak padha karo bapak
b. Anak polah bapa kepradhah. d. Anak anung anindhita.
10. Simbah mbiyen nate dhawuh: “Le, mbesuk yen golek jodho ya kudu dipetung saka bibit, bobot, lan bebet.”
Tembung kang kacetak miring ngemot purwakanthi ....
a. swara b. sastra c. lumaksita d. swara sastra
11. Baratayudha ing crita Mahabarata mujudake perang gedhe antarane ....
a. Pandhawa lan Kurawa c. Kurawa Ian Dwuarawati
b. Alengka lan Maswapati d. Sekutu kayo Jepang
12. Nganggo busana pantes lan prasaja ngadeg jejeg migunakake basa sing alus, sopan lan gampang dimengerti,
pandulune rata marang audiens iku mujudake.... pidhato.
a. persiapan b. ancas/tujuan c. etika d. cengkoronagan
13. Atur syukur lan atur pakurmatan iku kalebu .... pidhato.
a. pambuka b. isi utawa surasa c. panutup d. salam panutup
14. Ukara ngisor iki sing kalebu cangkriman pepindhan, ....
a. pindhang kileng c. wiwawite lesba dhonge karwa pake
b. gerbong tulis d. emboke dielus-elus, anake diidak-idak
15. Bapak pocung
kedhul-kedhul tekan mendhung
Ngambah jumantara
Asal saka crobong wesi
Yen kalantur bisa dadi tuk bebaya
cangkriman ing dhuwur batangane ....
a. wong ngrokok b. asep pabrik c. kenalpot d. omah kobong
16. Tandha ing ngisor iki sing diarani pada pangkat, yaiku ....

17. Omah iku dibangun tahun 1989.


Tahun 1989 yen ditulis aksara lan angka Jawa ....

18.

Ukara Jawa iki unine ....


a. Ngemarika yujati larang pragane. c. Nglemari kayu jati larang regane
b. Lemari kayu jati marang regane. d. Lemari kayu jati larang regane.
19. Susanti ditunjuk minangka wakil kelas lima ing acara perpisahan kelas enem. Sadurunge pidhato Susanti maca
teks bola-bali nganti apal. Pas munggah panggung wis gak gawa teks maneh. Teknik pidhatone Susanti iku kalebu
....
a. maca naskah b. memoriter c. impromtu d. ekstemporan
20. Alat-alat iki kang minangka dadi perangkate komputer, yaiku ....
a. CPU lan monitor b. keyboard lan eskalator c. mouse lan eksalator d. LCD Ian traktor
21. Ukara-ukara kasebut sing kalebu purwakanthi swara, yaiku ....
a. Pitik walik saba kebon c. Sega sekepel dirubung tinggi
b. Setiti ngati-ati d. Welinge guru, bocah iku kudu mituhu marang Bapa Ian Ibu
22. Ukara-ukara ngisor iki sing kalebu parikan yaiku ....
a. Asung bekti, bektine marang Gusti. c. Sapa salah kudu seleh
b. Jemek-jemek gula jawa. aja ngenyek marang kanca. d. Kebo bule cancang merang.

23. Raja mudha sing mahambeg berbudi bawa laksana, lan sekti mandraguna ing Kadhipaten Bantarangin duking uni,
yaiku ....
a. Kelana Sewandana b. Pujangga Anom c. Raden Katong d. Ki Ageng Mirah
24. Prabu Kelana Sewandana iku kagungan gaman sing ampuh banget diarani ....
a. Songsong Tunggul Naga b. Keris Nagasasra c. Pecut Samandiman d. Keris Kebolandoh
25. Buku Mahabharata iku nyritakake riwayate ....
a. Prabu Rama lan Shinta c. Prabu Dasamuka lan Anoman
b. Pandhawa lan Kurawa d. Prabu Dasamuka lan Prabu Rama
26. Nakula lan Sadewa iku anake Prabu Pandhu karo ....
a. Dewi Madrim b. Dewi Kunthi c. Dewi Ambika d. Dewi Gangga
27. Sing diarani satriya panengahe Pandhawa
a. Raden Werkudara b. Raden Janaka c. Raden Nakula d. Raden Sadewa
28. Pandhawa iku anak turune ....
a. Santanu b. Destarastra c. Pandhu d. Parasara
29. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku sinebut ....
a. Abdi Sekawan b. Karangkedhempel c. Kanca Sekawan d. Punakawan
30. Sing dadi ratune negara Ngamarta iku ....
a. Prabu Puntadewa b. Prabu Duryudana c. Prabu Kresna d. Prabu Destarastra
31.
Murid iku wajib bekti lan mituhu
Pituturing dwija
Sabarang reh ngati-ati
Tata krama empan papan katindakna

Tembang ing dhuwur, yaiku tembang ....


a. Maskumambang b. Pocung c. Megatruh d. Mijil
32. Dasanamane tembung dwija yaiku ....
a. ibu b. bapak c. guru d. wong tuwa
33. Awan-awan aja keluyuran,
ana pak mantri numpak sekuter.
Kapan-kapan aku keturutan,
duwe kanca sing pinter-pinter.
Ukara utawa unen-unen ing dhuwur iku diarani ....
a. wangsulan b. parikan c. cangkriman d. purwakanthi
34. Ukara-ukara kasebut kalebu cangkriman, kajaba ....
a. pak boletus c. sega sakepel dirubung tinggi
b. pitik walik saba kebon d. sing weweh bakal wuwuh
35. Salah sawijining kelemahan pidhato kanthi metodhe naskah, yaiku ....
a. nulis naskah sakdurunge pidhato c. pamidhanget kurang nggatekake
b. ngapalake sakdurunge pidhato d. ora bakal menggok karo tujuan pidhato

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep !
36. Pidhato kang ditindakake kanthi dadakan utawa spontan uga diarani cara ....
37. Luke lan garu iku pralatan tani tradisional yen traktor pralatan tani sing ....
38. Bapak pocung bisa nembang, bisa ngetung
Nggambar lan guneman
Panganane pulsa listrik
Yen wis kerja samubarang sarwa bisa
Cangkriman kang sinawung ing tembang kasebut batangane ....
39. Tanda titik ( . ) ing pungkasaning gatra aksara Jawa diarani pada ....
40. Puji syukur lan tetepungan kalebu bagian .... pidhato.
41. Manut suasanane, pidhato ing acara ulang tahun kalebu pidhato ....
42. Migunakake basa kang baku lan intonasi dhatar kalebu titikan pidhato ing suasana ....
43. Yadawa kuwi duwe anak telu lanang loro lan sing wadon siji, yaiku Baladewa, Kresna, lan ....
44. Wiwa wite, lesbadhonge, karwa pake kalebu ....
45. Raden gathutkaca iku anake ... karo Dewi Arimbi.

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !


1. Sebutna keuntungane nasabah bank sing migunakake kartu ATM telu bae !
2. Manut wujude ukara cangkriman kaperang dadi papat. Sebutna !
3. Aranana jenenge anake Prabu Pandu kayo Dewi Kunthi !
4. Wenehana tuladha sing diarani purwakanthi lumaksita telu bae !
5. Terangna filsafat urip kang kinandhut ing tembang Pocung !

You might also like