You are on page 1of 3

Yudhisthira

Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas
Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing
alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe
Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang
banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa
Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.

Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa


dhewe. Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi
Puntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja
prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaiku Dewi
Drupadi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa.
Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.

Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu
Astina) lan Dewi Kunti. Dasanamane Yudhistira yaiku, Darmakusuma,
Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka),
Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang
Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan,
srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg
dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming
dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne
bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para pujangga kita
banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa
kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing
nistha. Mulane ing crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu
ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa
angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku,
Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa
iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala
iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.
Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah
nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa,
Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang
mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora
(ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya
diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila
ing pati.

Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu


Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara
Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane
paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akeh
bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.

Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem
ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa
rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune
Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang gurune ?

Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi
Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung
dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati
pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah
kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur
kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau
Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis
kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu
marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa, lan
sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen Aswatama pancen
mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo
mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?

Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora
apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara
liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing
lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune
Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe
Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan
kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis
kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum.
Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi
Kurawa lumantar Patih Sangkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane
negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong
buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi
kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga
Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan
sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane,
menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika
sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan
kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.

Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-


sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang
Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa,
jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka.
Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah
enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa
dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing
surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa
ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.

You might also like