You are on page 1of 11

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV

Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya


dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara
Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang
diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes,
dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing
wong utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe


supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa
mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale
wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara
Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara
Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta,
parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang
Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya
Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme
Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi


(netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara,
lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing
Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing
paprangan.)

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing
negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu.
R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina.
Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing
perang Bratayuda.)

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya).


Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males
kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog
kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang
minangka prajurit kang utama).

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik


(pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane).
Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina.
Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek
kautaman.)

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.
Serat Tripama adalah salah satu karya sastra karya KGPAA Mangkunagara IV. Para pinisepuh,
pemerhati ataupun pandemen sastra Jawa dan seni karawitan pasti dengan mudah dapat
mengikuti teks yang terukir dalam tembang Dhandhanggula ini.

Dalam pentas kesenian Ludruk Suromenggolo, Serat Tripama ini sering ditembangkan sebelum
acara pentas dimulai. Berbarengan dengan datangnya penonton yang mulai memadati tempat
duduk arena pertunjukan, alunan gendhing-gendhing klasik disajikan kepada para pemirsa.

Dalam kesederhanaan perangkat gamelan, juga kebersahajaan wiraswara, pesinden dan para
panjak (wiyaga) yang sebagian besar belajar seni secara otodidak tidak mengurangi semangat
para anggota Ludruk Suromenggolo menyajikan pertunjukan kepada pemirsa. Diluar sebagai
wujud berkesenian, melantunkan tembang Serat Tripama sejatinya juga sebagai penggugah diri
setiap yang terlibat untuk meresapi makna laku utama dalam kehidupan sehari-hari.

Bagi para muda penggemar Ludruk Suromenggolo yang selalu ingin mendalami karya sastra
Jawa dapat memeriksa terjemahan bebas makna Serat Tripama dalam bagian bawah tulisan
ini.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

Terjemahan bebas dalam Bahasa Jawa populer adalah sebagai berikut:

1.
Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna,
andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda.
Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung
(diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong
utama.

2.
Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul,
2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake
marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu
negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.

3.
Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing
asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman.
Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya
Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran
mung mungsuh bala kethek.

4.
Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak
satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta
leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik
gugur ing paprangan.
5.
Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara
Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita
marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima )
prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.

6.
Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng
banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane
banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah.
Kondhang minangka prajurit kang utama.

7.
Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe
para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen
tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek
kautaman.

------
Glosarium:
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

----

Referensi: Sugeng Kariyodiharjo, http://nguripuripbasajawa.blogspot.co.id/2008/11/serat-


tripama.html

You might also like