You are on page 1of 1

Nama : Dinda Herdianingsih

NIM : K7118073
KEBELET

Playuné bis ora bisa bantêr. Sauntara iku pênumpang sing wiwit budhal wis kêbak
munjung durung ana sing mudhun. Têgêsé kalong. Dadi aku karo Dhik Narko ya têtêp ngadêg.
Untung íng sadawané laku iki mau ora ana calon pênumpang sing ngêndhêg. Nêmbé barêng
têkan Caruban ana sawêtara pênumpang síng mudhún. Klêbu pênumpang íng sandhíngku.
Kalodhangan iki gagé dakmanfaataké. Tanpa mrêduli pênumpang wadon síng mau ngadêg íng
jèjèrku, bokong iki gagé dakbrúkaké ing jok. Lêga rasané. Daklirik Dhik Narko ya wis éntuk
palungguhan. Malah jèjèr karo bocah wadon ayu. Wah, ya gênah sênêng atiné. Déné jèjèrku
lungguh sawijining priyayi kakung busana nècis. Yúswané barakan karo aku. “Mandhap pundi?”
pitakonku abang-abang lambé. “Sala,” wangsulané cêkak. “Dalêmipún Sala?” pitakonku ngubêr.
“Surabaya. Dhatêng Sala sapêrlu tuwi mbakyu. Hla panjênêngan mandhap pundi‟ gênti pitakóné.

You might also like