You are on page 1of 4

Nama : Nilau mela mellintang

Kelas : XII OTKP 3

No absen : 06

Aku Uga Tresna

Dening : Endang Ts

Jenengku Widyastuti. Murid-muridku yen ngundang Bu Widya. Semono uga ing kampung.

Malah wong tuwa Ian kangmasku yen ngundang ditambahi “nok”Nok Widya. Aku paling sengit yen
diundang Tutik. Jane ya ra pa-pa. Wong pancen iku uga perangane aranku. Mung katambahan aksara k
wae. Ning saka rumangsaku, jeneng Tutik iku kok kurang keren. Jeneng iku wis umum Ian pasaran.

Kanca-kanca kampus mbiyen kerep takon, apa ta bedane Widya karo Tutik? Kanthi pe-de tak wangsuli
yen Widya iku wonge pinter, ayu Ian merak ati. Nanging yen Tutik ora. Aku ora nate njlentrehake
tembung „ora‟ iku.

Angger aku wis mangsuli kaya mengkono kanca-kanca mung meneng wae. Wong kanca-kanca ya wis
padha ngerti nalika semester IV aku nate dinobatake dadi Putri Kampus. Mung siji-loro wae sing
ngomong yen aku dadi Putri Kampus merga panitiyane mesakake weruh praupanku sing memelas.

Aku ora serik yen ana sing kandha mengkono. Wong karepe mung guyonan. Semono uga yen aku
mangsuli jeneng Widya iku wonge pinter, ayu, Ian merak ati. Wangsulan kaya mengkono iku mung
guyonan.

Tekan saiki, nganti aku dadi guru, ora ana sing ngundang Tutik. Mung siji wae. Pak Yudhit.

Wakii Kepala Sekolah Bidang Kurikulum. Asem tenan kok guru siji iki! Ngundange ora tedheng aling-
aling: Tutik! Mung ing ngarepe bocah-bocah wae ngundange ditambahi „bu‟

Ngundang kaya mengkono kuwi sejatine lagi keri-keri iki wae kok. Udakara setengah taunan.

Mbiyen nalika isih asring dolan menyang ngomahku ngundange Nok Widya. Tiru-tiru Mas Pambudi,
kangmasku.
Sarehne kangmasku ora legan maneh, Pak Yudhit njur ora nate sanja babar blas. Mara-mara ngabari yen
aku ditampa mulang ing yayasan duwke keluwarga besare. Saiba senenge atiku.

Sedhela engkas aku bakal dadi guru. Lan mesthine blanjaku tambah. Malah bisa-bisa nulak donatur saka
bapak Ian kangmasku. Ning ya kuwi, Pak Yudhit wis ora ngundang „nok‟ maneh.

Dina iki satemene aku ora duwe jadwal mulang. Nanging sarehne di-SMS Pak Yudhit, kepeksa aku
mangkat. SMS-e ngandhakake, sanajan Tutik durung disertifkasi, mbuh ana jadwal mbuh ora, kudu tetep
menyang sekolahan. Wektu kang longgar sanjabane jam pelajaran bisa digunakake kanggo ngrewangi
nata lab, perpus, utawa admininstrasi BP.

SMS-e dawa. Jan, ra umum! Mbok telpun utawa pesen Mas Gofur. Sanajan mung dipeseni TU-ne, aku
tetep mangkat kok. Tekan sekolahan pas jam ngaso. Kanca-kanca padha mbagekake.

“Sugeng enjang, Bu Tutik. Kadingaren dinten menika mlebet. Wonten ingkang dipun kangeni nggih?”
celathune Pak Budi cengengesan. Tutik maneh! Sapa ta sing ngakon ngundang Tutik?‟ Aku mung mesem
kecut.

Dibagekake kaya mengkono aku dadi kaget. Limang ndina ora mlebu, slagane kanca-kanca kok nganeh-
anehi? Gek ana apa ya?‟ Aku njur Iungguh ing kursiku.

Aku kepikiran SMS-e Pak Yudhit sing dawa iku. Ah, Pak Yudhit ora ngerti yen satemene ati iki sok dheg-
dhegan yen krungu suwarane. apa maneh yen pas adu arep. Sangsaya trataban jantung iki. Rasa kaya
ngene iki wis suwe tak ndhem. Ora ana siji-sijia wong sing ngerti. Kejaba atiku dhewe.

Nalika aku digojlogi Pak Budi, aku kandha yen Pak Yudhit iku dudu tipeku. Priyayine kaku Ian ora
romantis. Malah Bu Esther tau ngomong apa gunane drajat, pangkat Ian semat, yen ora romantis. Ora
duwe ati. Bayangna wae, seprana-seprene endi ta pacare? Babar blas ora duwe. Mbok kakune iku
dilongi Ian romantise dipersudi. Wis ta, genah para wanita bakal padha antri nunggu sih tresnane. Apa ta
sing digoleki para Wanita iku? Rak mung rasa tresna ta?

Aku dadi bingung karo cara mikire Bu Esther. Apa ora kleru? Panjenengane iku rak kawentar wanita
matre. Kok bisa-bisane ngendika kaya mengkono. Apa ora malah kuwalik? Biyasane wanita kaya Bu
Esther iku sing digoleki rak priya kaya Pak Yudhit. pinter Ian nggantheng, tresna nomer selikur. Wis
sadhar pa ya Bu Esther? Gek-gek wis mertobat anggone gonta-ganti pacar Ian tekan saiki durung bisa
nemokake priya sing nyocogi atine. Kanggoku, yen priyayi kakung iku romantis Ian kebak tresna, bisa-
bisa tresnane pating tlecek. Akhire slingkuh. Lha yen wis kaya mengkene njur sapa sing rugi?

Yen aku ngomong karo Pak Budi kaya mengkono iku satemene mung kanggo nutupi gumronjale atiku
wae. Aku wedi yen konangan. Isin ta, Mosok aku dhisik sing miwiti kandha trena. Kudune Pak Yudhit. Pak
Yudhit dhisik sing kudune nelakake tresnane marang aku. Ah, ngayaI “Bu Widya, ditimbali Pak Yudhit.
Wis kepanggih durung?” celathune Bu Esther karo nyedhaki kursiku. “Ati-ati Iho, Bu” celathune maneh.
Aku meneng wae. Kok kudu ngati-ati, ana apa ta? Cemburu pa? Mbok menawa wae. Wong sajake
panjenengane uga duwe rasa karo Pak Yudhit.
Aku nuli menyat nuju ruwangane Pak Yudhit. Sanajan panjenengane kanca rakete Mas Pambudi Ian
mbiyen sok dolan nyang ngomahku, aku tetep ngajeni. Kaya kanca-kanca liyane, aku uga nganggo basa
krama sanajan basa kramaku pating pecothot. Ing kene statusku rak andhahane. Sak wise lawang tak
bukak, aku uluk salam.

“Nuwun sewu, Pak! Pak Yudhit nimbali kula?” pitakonku karo nata ati.

Ora ana wangsulan. Panjenengane tetep njingglengi angka-angka ing Iayar komputer. Tak enteni sak
menit, rong menit, telung menit .... Aku njur mbalik, merga sajake Pak Yudhit isih sibuk. Ora bisa
diganggu. Mengko wae yen wis Ionggar. Lagi wae mbukak lawang, Pak Yudhit ngundhang.“Tut,
lungguha!” prentahe karo nggeret kursine.

persis ing ngarepe, mung keletan meja kerjane. Asta lorone tumumpang ndhuwur meja. Panjenengane
nyawang aku tanpa kedhep.

“Tut, wiwit minggu ngarep kowe ora susah mulang. Wis ana sing ngganteni” Kaya disamber bledheg ing
mangsa ketiga, ujug-ujug Pak Yudhit ngendika kaya mengkono.

Tegese aku wis ora kanggo ing sekolah kene. Tegese uga, aku isih tetep njaluk donatur saka bapak Ian
mas Pambudi.

“Ku.. kula dipecat inggih, Pak?” pitakonku groyok.

Amung ukara iku kang kawetu. Aku arep takon akeh-akeh apa sebabe aku dipecat. Nanging lambe iki
blangkemen. Ing atiku, tembunge Pak Yudhit iku unine padha karo mengkene: “Tut, aku ora tresna
kowe. Mula kowe aja ngarepake tresnaku. ..“

Kaya ngapa Iarane,ati iki. Prasasat sewu lara tumpleg bleg dadi siji. Nembe dina iki aku nemoni lara ati
sing kaya mengkene. Dhuh Gusti, paringa kekiyatan dhateng jiwa raga kula.

Ora rinasa Iuhku dleweran. Luh kang wiwit mau kumembeng, ambrol ora bisa tak bendung. Aku nangis.
Nggetuni marang awak iki. Ngapa kok sasuwene iki aku nduweni rasa karo Pak Yudhit? Kudune rasa iku
ilang nalika Bu Esther uga nduweni rasa kang padha.

“Tut, kowe nangis ya?” pitakone Pak Yudhit karo nyedhaki Iungguhku, Panjenengane Ienggah ing meja
kerjane. Persis ing ngarepku. Adu arep karo aku. Kursiku tak undurake ngedohiPak Yudhit.

“Kowe serik ya, tak undang Tutik?” celathune maneh. “Sepurane ya? Apa ora oleh ta, yen aku ngundang
Tutik? Sasuwene iki aku ngundang kaya mengkono merga aku kepengin sing nduweni

Tutik iku mung aku thok. Yen Widya rak ora? Nanging saiki aku ora perduli, mbuh oleh mbuh ora, Tutik
iku bakale duwekku saklawase”.

Aku mung meneng wae. Ora urusan anggone Pak Yudhit ngoceh. Larane ati iki ore ana tambane.“Tut,
aku arep nyang Bandung, arep ngrampungake disertasiku” celathune Iirih. “Yen ora diurus mundhak
kedlarung-dlarung. Kanggo ngrampungake disertasiku, aku butuh penyemangat saka wanita kang tak
tresnani. Mula sawise awake dhewe resmi, esuke terus budhal nyang Bandung. Kanggo persiapan ing
kana awake dhewe mung duwe wektu seminggu. Kabeh wis diurus wong tuwaku. Murih gaweyan
sekolah wae sing kudu dilembur. Iku wae sing penting-penting thok.

Liya-Iiyane dimen dirampungke Mas Gofur. Rak ya pengin diramek-ramekake ta, Tut? Kowe pengin
ditanggapake kethoprak apa wayang kulit sawengi natas?”Aku ora wangsulan.

“Ya wis, aku janji. Suk yen bubar saka Bandung, mengko tak ramek-ramekake. Mesisan

syukuran anggone rampung S3- ku. Sokur-sokur baline mengko awake dhewe wis oleh bathi. Iba
senenge atiku. Setaun aku bisa ngregem sekabehane. S3, sisihan kang tak tresnani, uga
anak”Panjenengane saya kendel.

“Ya wis, kowe saiki baliya. Tata-tata kanggo keperluwan mengko neng Bandung. Luhe diusapi ta! Mosok
bu guru nangis. Rak ya sin disumurupi muride.”

Pak Yudhit ngetokake sapu tangane, karepe kanggo ngusapi Iuhku. Dhuh romantise. Jebul Pak Yudhit
bisa romantis uga ya?! Aku nginggati. Isin.

“Tut, aku tresna kowe,” celathune.Tak sawang panjenengane mesem Aku ora percaya marang apa sing
tak rungu. Mbok menawa ngerti yen aku ora percaya, ukara ku diambali maneh.“Aku tresna kowe, Tut.
Wis suwe aku arep ngomong, nanging ora wani. Kowe rak nate dadi Putri Kampus ta? Mesthine sing
seneng akeh. Aku wedi yen mbok tulak. Saben malem Minggu tak legakake ngliwati omahmu. Nanging
saben malem Mlnggu uga priya-priya Iku wis antri ing kana. Ora mung siji. Papat. Aku ngerti Tut, sapa
bocahe Ian endi omahe.”Mandheg sedhela, banjur diterusake maneh, “Kanthi idi palilahe Mas Pambudi,
awake dhewe akhire bakal bisa nyawiji. Mulane, kabeh kaya sarwa katon dadakan. Aku mung pawitan aji
mumpung. Mumpung kangmas Ian wong tuwamu ngeparengake. Sepurane ya, Tut. Aku rada meksa
marang awakmu. Apa kowe ora bisa ngrasakake ta, sepira gedhene rasa tresna iki marang awakrnu.

Apa kowe ora bisa ngrasakake ta, sepira larane atiku nalika weruh wanita kang ditresnani gegojegan
karo priya liya. Kowe ngerti, kaya ngapa rasane wong kang nandhang kasmaran? Sepisan maneh,
rungokna, áku tresna kowe, Tut”.Aku bingung. Rasane antarane bungah, susah Ian seneng. Ah, Pak
Yuditl

(Cuthel)

Dening : Endang Ts

You might also like