You are on page 1of 2

Sugeng enjing, berkah dalem

Ingkang dhahat kinurmatan bapak kepala desa Semanu, ingkang kinurmatan bapak
saha ibu masyarakat kalihan para kadhang werdha mudha ingkang kula tresnani.
Kula tansah ngaturaken gunging panuwun kalihan Gusti Ingkang Maha Agung awit
kerawihan panjenengan sedaya wonten ing papan punika, bab punika nedahaken bilih
bapak, ibu lan para sederek sedaya angrumaosi minangka salah satunggaling warga
ingkang sae.
Ing mriki, kula minangka pangarsa bebadan badhe ngandharaken sekedhik babagan
adicara menika.

Ing adicara menika, badhe dipunpentasaken Tari Janggrung. Tarian Janggrung wonten
ing kecamatan Semanu inggih menika tarian ingkang dipunsakralaken. Wonten ing
pelaksanaan adicara bersih desa, saben tahunipun kesenian menika dipentasaken
wonten ing papan ingkang dikeramataken inggih menika ing ngandap wit asem
kalihan kepoh wonten ing dusun Munggi, desa munggi, kecamatan Semanu.
Kalihan sampun kita mangertosi papan menika dipunpitados cikal bakal dusun
menika.
Mula kagem njagi kabudayan wonten ing dusun menika sumangga kita ngelestariaken
tarian menika. Tarian badhe dipunpentasaken marang kadhang mudha ingkang
didampingi kalihan juru kunci.

Kanthi mekaten, tetela bilih bersih desa menika saged kangge ngipuk-ipuk kesatuan
lan persatuan. Langkung-langkung dinten riyadi utawa dinten pesta tumprap kadang
tani ingkang dipundhasari raos keagamaan.
           
Para rawuh ingkang minulya,mekaten ingkang saged kula aturaken , mugi-mugi
wonten paedahipun ,mbok bilih wonten kirang trapsila,saha galap gangsuling atur
pramila nyuwungunging sih samodra pangaksami. Dene awit saking paringipun
kawigatosan , kula ngaturaken agenging panuwun.

Nuwun
BERIH DESA
Assalamualaikum wr.wb.
Pinujia Asmaning Gusti Allah , rahayua ingkang sami pinanggih. Amargi rahmating gusti , kita sedaya
saged makempal wonten mriki tanpa satunggalipun alangan.
Nuwun panjenengan para Bapak/ibu serta para lenggah ingkang kula urmati. Perlu kawuningan bilih
“Bersih desa” boten sami kaliyan “Kerja Bakti”,ingkang asring katindhakan kanthi reresik utawi
ngresiki margi-margi,kalen-kalen, kuburan, lan sapanunggalipun. Bersih desa nggadhahi pangertosan
pesta desa utawi perayaan desa.
            Lumrahipun Bersih desa menika katindakan bibar panen pantun.Tiyaang sadesa sesarengan
gadhah dhamel, sami bingah-bingah. Mila sedaya , mboten pilih-pilih wajib ndherek udhu wragad lan
ndherek kegiatan sanesipun.
            Syukuran dipunlambari mbangun manah resik lan niyat enggal, dhahar kembul ngraketaken
pasedherekan , saha nyuwun ing ngarsaning Pangeran kersaa ngluberaken berkah malih,kabingahan
panen sageda cekap ngantos panen chandakipun kalis saking pancabaya , reribed , serta winengkua
kawilujengan. Kadhangkala bersih desa dipunregengeken srana nanggap ringgit wacucal utawi
tetingalen sanesipun.
            Kanthi mekaten, tetela bilih bersih desa menika saged kangge ngipuk-ipuk kesatuan lan
persatuan. Langkung-langkung dinten riyadi utawa dinten pesta tumprap kadang tani ingkang
dipundhasari raos keagamaan.
            Para rawuh ingkang minulya,mekaten ingkang saged kula aturaken , mugi-mugi wonten
paedahipun ,mbok bilih wonten kirang trapsila,saha galap gangsuling atur pramila nyuwungunging sih
samodra pangaksami. Dene awit saking paringipun kawigatosan , kula ngaturaken agenging panuwun.

Nuwun

Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/12689613#readmore

You might also like