Professional Documents
Culture Documents
Eksposisi
Eksposisi
Pagelaran wayang kulit minangka tontonan lan tuntunan. Nganti saiki isih
disenengi wong akeh. Siyaran wayang kulit meh saben dina bisa dirungokake ing
radhio genti-genten. Luwih-luwih saiki televisi ing saben malem Minggu uga
nyiarake wayang kulit, genten-genten karo wayang golek. Iku pancen nuduhake
yen wayang isih dadi tontonan kan nemsemake.
Wayang kulit digawe saka walulang utawa kulit kewan. Bisa walulang sapi, kebo,
wedhus utawa liyane. Sadurunge digawe wayang, walulang luwih dhisik kudu
dipepe nganti garing ing gawangan. Gawangan iki digawe saka kayu. Gunane
kanggo menthang supaya amba lan rata.
Walulang kang wis dipepe garing ing gawangan nuli diresiki wulune nganggo
pangot. Pangot iki kanggo ngerok wulu nganti resik babar pisan. Yen wis resik
banjur dirempelas supaya sisa-sisaning wulu entek gusis. Walulang nganti katon
bening kaya kaca. Iku ateges walulange wis mateng utawa siap digarap dadi
wayang.
Walulang kang wis mateng mau nuli digambari wayang nganggo piranti kang
diarani corekan. Gambar ing walulang mau minangka pola kang sabanjure ditatah.
Anggone natah ditumpangake ing pandukan. Pandukan iku kayu kandel tur amba
kanggo tatakan natah wayang. Ing sandhuwuring walulang diwenehi tindhih sing
bobote kira-kira rong kilo.
Carane ngempakake tatah sarana dithuthuk nganggo gandhen. Tatahe ana warna-
warna, yaiku tatah bedhahan, tatah unton-unton, tatah tantrenan, tatah tatasan.
Kang luwih dhisik ditatah yaiku perangan ngarep, mandhuwur tekan ing praen,
kang pungkasan yaiku natah perangan mata.
Kanggo campuran, diwenehi landha jangkang lan ancur garing. Sabanjure wayang
disungging luwih dhisik diolesi warna putih minangka dhasar. Lagi kena
disungging manut warna kang cocok.
Yen nyungging wis rampung, kareben katon gilap kudu diwenehi prada. Supaya
wayange luwih bregas kudu dicawi. Cawi yaiku paes arupa garis-garis alus banget
kaya sawut. Lumrahe cawi nganggo warna ireng. Yen perangan sing ora dicawi
kudu didrenjemi. Drenjem yaiku corek arupa titik-titik ireng kaya bathik cuwiri,
wayange sangsaya katon ngremit.
Pakaryan kang pungkasan yaiku masangi cempurit. Cempurit iku garan wayang
supaya bisa diobahake ana ing pagelaran.
a. wayang kulit
b. ludruk
c. lenong
d. campursari
e. keroncong
2. Siaran wayang kulit meh saben dina isa ………………. Ing radhio.
a. di delok
b. di goleki
c. di rungoake
d. ditampilake
e. di suguake
a. nyiarake
b. nyuguhake
c. nampilake
d. nontonake
e. ngewenehi
a. besi
b.plastik
c. tembaga
d. kayu
e. keramik
a. lading
b. palu
c. gunting
d. kapak
e. pangot
a. corekan
b. papan
c. garisan
d. ukiran
e. wayang
7. Kayu kandel tur amba kanggo tatakan natah wayang diarani ………………..
a. meja
b. papan
c. tempeh
d. genteng
e. pandukan
8. Paes arupa garis-garis alus banget kaya sawut diarani ………………………….
a. cawi
b. ukiran
c. pahat
d. coretan
e. gambar
a. glepung balung
b. gincu
c. watu atal
d. nila werdi
e. kukus lampu/ langes
a. glepung balung
b. gincu
c.watu atal
d. nila werdi
e. kukus lampu/ langes
KUNCI JAWABAN.
1.A
2.C
3.E
4.D
5.E
6.A
7.E
8.A
9.E
10.B
Nama kelompok :
1. Ainaiyyah Nuzul (03)
2. Ayu Alfianti (08)
3. Febriani Sukma M.C (16)
4. Mutiara Fitri Rachima (26)
5. Dio Alip Utomo (12)