You are on page 1of 1

PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA

SD MUHAMMADIYAH 15
SURABAYA
Nama :
No absen :
Hari/tgl :

Mecahake Gelas

Ibu : “Nduk, wedang kopine iki caosno Mabah Kakung!


Mirna : “Inggih, Bu. Mbah Kakung lenggahan wonten teras ta, Bu?”
Ibu : “Iya, Nduk.Wis, ndang caosno.Ngati-ati ya, aja nganti wutah.”
Mirna : “Sendika, Ibu.”
( Durung suwe anggone Ibu ngendikan, Mirna kesandung sikilmeja,banjur krungu swara “
krompyaaang......”)
Ibu : “Ana apa, Mir?”
Mirna : “Ngapunten, Bu, unjukanipun Eyang dhawah.”
(Mirna matur marang ibune karo keweden, kuwatir ibune duka.)
Ibu : “Hlaaa... tenan ta! Ya wis ora dadi apa. Ngati-ati, Ndhuk, belinge. Aja
nganti kena sikilmu!”
(Ora let suwe Mbah Kakung nyedhaki Mirna)
Mbah Kakung: “Ngati-ati pecahan gelase, Ndhuk!”
Mirna : “Kula Nyuwun pangapunten nggih, Kung.”
Mbah Kakung: “Iya wis, ora dadi apa, Ndhuk. Suk maneh sing ngati-ati.”
Mirna : “Kula wau ajrih menawi ibu lan Mbah Kakung duka.”
Ibu : ”Ora, Ndhuk, Ibu uga njaluk sepura. Kudune ibu dhewe sing nyaosake
unjukan kanggo Mbah Kakung.”
Mbah Kakung: “Wong urip iku kudu rukun karo sapa wae, Ndhuk.Ora becik yen ana prekara
wis muring-muring.”
Mirna : “Inggih, Mbah. Matur nuwun.”

Wangsulana kang patitis!


1. Apa Irah-irahan pacelathon ing dhuwur?
____________________________________________________________________________________
2. a. Pachelathon iku di peragakno wong piro ?
__________________________________________________________________________________
b. Sebutno sapa wae sing meragakno pachelahon iku!
__________________________________________________________________________________
3. Nalika Mirna nyuwun pangapura amarga wis nyeblokake unjukane Eyang , Ibu matur apa?
____________________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________________
4. Gawe njaga karukunan, mbah Kakung matur apa marang Ibu lan Mirna?
____________________________________________________________________________________
____________________________________________________________________________________
5. Gawea teks narasi sing isine nggambarake kerukunan kaluwarga!

You might also like