Professional Documents
Culture Documents
SOAL US BAHASA JAWA 2020 Fix
SOAL US BAHASA JAWA 2020 Fix
Pilihen wangsulan kang bener kanthi cara menehi tandha ping ( X ) ing aksara A , B , C
utawa D ing lembar wangsulan !
Numpak Sepur
Nalika liburan wulan Desember 2019 kepengker kula lan adhik dipunajak bapak lan
ibu tuwi bulik ingkang lenggah ing Banyubiru. Bapak mrayogekaken supados kula lan
adhik gadhah pengalaman enggal anggenipun bidhal lan wangsulipun badhe numpak
sepur. Mireng ngendikanipun bapak makaten wau, kula lan adhik remen sanget awit
dereng nate numpak sepur.
Bakda subuh kula lan adhik sampun dipungigah ibu supados enggal-enggal siram lan
dhahar. Boten kesupen ibu nyawisaken sangu ingkang awujud tetedhan lan toya pethak
kangge kanca nalika numpak sepur. Tabuh 07.00 bidhal dhateng Stasiun Ambarawa.
Pranyata nalika dumugi wonten ing Stasiun Ambarawa sampun kathah tiyang ingkang
antri tumbas tiket sepur. Keleresan kala semanten ngleresi libur akhir taun lan libur 1
Muharram. Nalika bapak antri mundhut tiket, ibu ngajak kula lan adhi ningali sepur
ingkang mandheg ing Stasiun. Raosipun kula kepengin sanget enggal-enggal numpak
sepur. Langkung-langkung adhi kula Gilang, saben wonten sepur ingkang mandheg ing
stasiun mesthi kepengin enggal-enggal numpak sepur.
Tabuh 09.00 ketingal sepur sampun siyaga. Kapireng wara-wara saking petugas
stasiun bilih sepur badhe lumampah. Nalika sepur mandheg ing jalur siji lan lawang
sepur sampun mbikak, bapak enggal-enggal ngajak lumebet ing sepur. Pranyata sedaya
gerbong sampun kebak penumpang ingkang jejel riyel, dados kula boten kumanan kursi.
Kepeksa kula lenggah ing jrambahing sepur. Kamangka ing pangangen-angen kula,
kepengin numpak sepur ingkang sekeca boten sumuk boten benter, lenggah ing kursi
kanthi mardika saengga saged ningali sesawangan ing sauruting rel sepur. Senajan
mekaten nanging kula lan adhik rumaos remen sanget sabab menika mujudaken
pengalaman sepisanan numpak sepur ingkang boten saged kula supekaken.
2. Ukara ngisor iki kang ora trep unggah-ungguhe tumraping bocah cilik miturut wacan ing
dhuwur yaiku … .
A. Nalika liburan wulan Desember 2019 kepengker kula lan adhik dipunajak bapak lan ibu kula
nuweni bulik ingkang manggen ing Banyubiru
B. Bakda subuh kula lan adhik sampun dipungigah Ibu supados enggal-enggal siram lan dhahar
C. Tabuh 09.00 ketingal sepur sampun siyaga
D. Kapireng wara-wara saking petugas stasiun bilih sepur badhe lumampah
3. Pesen utawa amanat kang trep miturut wacan kasebut yaiku ... .
A. dadi bocah kudu tangi awan
B. dadi bapak kudu galak
C. dadi bocah kudu tangi gasik
D. numpak sepur ora perlu gasik-gasik
B.
C.
D.
A.
B.
C.
D.
Kidang Kencana
…………………………………………………………………………………………
Rama uninga kalamun kenging apusipun kidang kencana. Daya-daya wangsul ing
papanipun Sinta lan Lesmana. Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana.
Kekalihipun lajeng wangsul ing papanipun Dewi Sinta. Kejot penggalihipun sang Rama
lan Lesmana dupi anguningani Dewi Sinta boten wonten. Kekalihipun sigra ngupadi
Dewi Sinta.
…………………………………………………………………………………………
(Kapethik saking buku Marsudi Basa lan Sastra Jawi Jilid 1)
Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana.
Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi
Sinta nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama tumuli ambujeng
kidang kencana. Pegat, apisah, Rama lan Sinta, kidang kencana tanggap ing samita,
hangendring cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira
apepisahan kalawan garwa mayangsari.
…………………………………………………………
………………………………
10. Dewi Sinta pirsa kidang kencana kang endah wernane banjur kepengin.
Piwulang kang bisa kajupuk saka prastawa iku, yaiku … .
12. Ing ngisor iki kalebu syarat pariwara kang becik yaiku ... .
A. surasane samar-samar supaya ora gampang ditiru dening wong liya
B. pilihan tembung lan ukara kudu narik kawigaten
C. isine ora nyata lan gamblang
D. ukarane ngayawara
14. Pemudha kala wau ngetutaken warga Desa Pathok ingkang nembe ngawontenaken pesta panen
raya. Kang dikarepake tembung pemudha yaiku ….
A. Ki Ajar Salokantoro
B. Endang Ari Wulan
C. Baru Klinthing
D. Mbok Randha
Ki Ajar kaget krungu panyuwune Ariwulan. Nanging Ki Ajar tetep nyilihake peso
simpenane kanthi weling, “iki peso simpenanku kang arang banget tak gunakake. Kowe
kudu ati-ati aja nganti kliru olehmu nggunakake. Peso iki aja nganti kok selehake ana
pangkonmu.” Sawise ngiyani pesene Ki Ajar, Ariwulan nampani pesone lan digunakake
kanggo nyigar pinang. Saking akehe gawean Ariwulan lali nyelehake peso ana ing
pangkone. Peso mau ujug-ujug ilang. Ni Endang Ariwulan wedi lan ndhredheg.
Dheweke banjur ngadhep lan matur marang Ki Ajar Salokantara, “kula nyuwun
pangapunten Ki Ajar, kula kesupen marang welingipun Ki Ajar. Kula ndekekaken peso
wau wonten pangkon kula.”
15. Amanat kang bisa kajupuk saka crita kasebut yaiku ... .
A. guru ora ngerti unggah-ungguh
B. manungsa iku kudu eling lan waspada
C. murid iku ora kudu ngati-ati
D. dadi murid iku kudu nantang dhawuhe guru
18. Kang dikarepake ukara “gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem kerta raharja, kang sarwa
tinandur bakal thukul” yaiku ... .
A. Negara Indonesia nembe larang pangan
B. Negara Indonesia nembe kena musibah
C. Negara Indonesia tentrem, makmur, lan duwe tanah kang subur
D. rega lombok nembe larang
Peksi Jatayu
Nalika semanten Dewi Sinta ingkang nembe ngaso wonten ing wana Dandaka
kapencut saking kaelokanipun Kidang Kencana ingkang sejatosipun raseksa asesilih Kala
Marica, mitranipun Rahwana ingkang memba-memba malih rupa dados Kidang Kencana.
Saking kadadosan punika Dewi Sinta tinilar ingkang garwa lan Laksmana saperlu ngluru
lumajaripun Si Kidang. Rahwana ingkang memba-memba dados tiyang papa kasil nyulik
Dewi Sinta. Dewi Sinta kanthi ruda peksa kabekta Rahwana mabur ing angkasa tumuju
Nagarinipun Ngalengka. Ananging kadadosan punika dipunsumurupi dening Peksi
Jatayu.
Peksi Jatayu ingkang paring pambiyantu Dewi Sinta nalika dipunculik dening
Rahwana punika sejatosipun mitranipun Prabu Dasarata. Nalika semanten kanthi ruda
peksa Dewi Sinta kaboyong Rahwana kabekta mabur ing angkasa saking wana Dandaka
tumuju Nagara Ngalengka. Peksi Jatayu mangertos kadadosan nistha punika lajeng paring
pitulungan dhateng Dewi Sinta. Rahwana boten saged dipunemutaken kanthi cara alus
dening Jatayu pramila andadosaken paprangan. Peksi Jatayu kawon ing yuda
andadosaken sempal swiwinipun saengga piyambakipun ngleyang dhawah ing wana
ingkang sapunika kawastanan, ”Jatayumangalam utawi candhayamangalam.”.
Saderengipun palastra, Peksi Jatayu taksih saged nyariyosaken dhumateng Rama
lan Laksmana babagan lelampahan Sinta anggenipun dipunculik dening Rahwana
kaboyong kanthi ruda peksa dhateng Nagari Alengka..
................................................................................................................
19. Peksi Jatayu punika sejatosipun mitranipun Prabu Dasarata. Tembung kang kacethak kandel
tegese ... .
A. mungsuh
B. kanca
C. garwa
D. paman
20. Ukara ing ngandhap ingkang leres gegayutan kaliyan Peksi Jatayu inggih punika ... .
A. Papan panggenan nalika Rama manggihi Jatayu wana Dandaka
B. Rahwana sampun memitran kaliyan Prabu Dasarata bapanipun Rama Wijaya
C. Jatayu kalebet paraga antagonis wonten ing wiracarita Ramayana
D. Pungkasane lakon peksi Jatayu saged mimpang perang tandhing mengsah Rahwana
Dewi Sinta wis kalakon diboyong dening Rahwana ya Dasamuka kang lunyu ilate
menyang Kraton Ngalengkadiraja. Dewi Sinta dipapanake ing Taman Kaputren. Sang
Dewi ora gelem mangan lan ora gelem ngombe, mula badane kuru aking. Rambute kang
dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana
ora kayungyun maneh marang Sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae Dewi Sinta tansah
nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga keslametane. Sawektu – wektu
Rahwana nggodha ati lan teka arep ngruda peksa, Sinta bakal mati suduk salira utawa
lampus dhiri.
Ing Taman mau, Dewi Trijatha kang bisa ngarih – arih lan nglelipur Sinta supaya
gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi putrane Wibisana. Wibisana iku adhine Dasamuka.
Dewi Trijatha arupa ayu lan alus bebudene, ora kaya buta Ngalengka. Upama ora ana
Trijatha, Dewi Shinta wis mati suduk salira. Dewi Trijatha kasil ngarih – arih Dewi Sinta
supaya ora suduk salira.
Anoman dadi dhutane Ramawijaya, mula banjur njujug menyang Taman
Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah bisa
ngaturake ali – aline Sri Rama menyang Dewi Sinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan
liyane Anoman ya kethek putih banjur bali.
23. Manut wacan ing ndhuwur Dewi Trijatha nduweni watak ... .
A. welas asih
B. sabar lan tlaten
C. jujur
D. sabar lan gemati
24. Anoman dadi dhutane Rama Wijaya, mula banjur njujug menyang Taman Keputren.
Tembung dhuta saka wacan kasebut tegese ... .
A. utusan
B. kanca
C. pangarsa
US Basa Jawi kelas IX Th 2019/2020 Kaca 7
D. patih
25. Nitik gatra/baris sepisan saka pethilan tembang ing dhuwur, tembang kasebut kalebu tembang
macapat…
A. Sinom C. Kinanthi
B. Pangkur D. Gambuh
26. Gatra/baris pungkasan tembang kasebut, tindak-tanduk lan tata karma kudu dilakoni…
A. Bengi wae C. esuk sore
B. Awan wae D. Saben dina
27. Kepriye guru lagu lan guru wilangan saka tembang ing ndhuwur?
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i C. 7a, 12i, 8u, 11u, 8a, 9i
B. 8a, 11u, 8u, 7i, 12u, 8a, 8i D. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8u, 8i
28. Ramanipun temanten putri lenggah mangku, asta karangkulaken ing pamidhanganipun
temanten kekalih. Ibunipun temanten putri lenggah ing sangajengipun temanten. Salajengipun
rama ibunipun temanten putri sami wawan ginem,
Ibu : “Kepriye, Bapak, Panjenengan dakaturi nimbang putramu sakloron, abot endi?”
Rama : “Ibu, saka pangarsaku padha timbang bobote.”
Ibu : “Sokur, Bapak. Yen mangkono, ayo padha nyenyuwun marang Gusti, muga-muga
bobot kang wis timbang kuwi bisa tumus tumekaning ati, ateges timbang boboting
katresnan bocah sakloron.”
Rama : “Iya, Ibu. Aku jumurung ing ati, sarta tut wuri murih bisa handayani. Muga-muga
bocah sakloron kinembang ing kamulyan, kinembang ing karaharjan.”
29. Upacara adat kaya kang katuduhake ana ing gambar iki aweh pralampita/pralambang ….
US Basa Jawi kelas IX Th 2019/2020 Kaca 8
A. bisaa tumangkep manunggal sih katresnane
antarane temanten lanang lan wadon
B. temanten lanang wajib tanggung jawab
marang bojone, guna kayane temanten lanang
kapasrahake marang temanten wadon
C. antarane temanten lanang lan wadon wis
padha pangrengkuhe, ateges ora dibedak-
bedakake
D. minangka tandha pakurmatan lan
pangabektene anak marang wong tuwane
30. Upacara adat Jawa kang dianakake nalika calon ibu ngandhut pitung sasi diarani ... .
A. mitoni
B. brokohan
C. selapanan
D. tedhak siti
31. Perangan upacara mitoni kang awujud prosesi sesuci migunakake banyu saka pitung sumber
banjur ganti busana kaping pitu diarani ... .
A. brojolan
B. sungkeman
C. siraman
D. kendhuri
37. Piwulang kang bisa kajupuk saka pacelathon kasebut ing ngisor iki kajaba ... .
A. sinau iku kudu tenanan
B. bocah sekolah kudu sregep maca lan nggoleki bab-bab kang durung dimangerteni
C. menawa ora bisa mangerteni sawijining bab kang wis diwaca kudu takon marang kang wis
ngerti
D. dadi wong iku nggantungake bab kang ora dimangerteni marang wong liya
38. Bab kang dirembug ana ing pacelathon ing ndhuwur klebu wulangan pelajaran … .
A. IPA
B. Bahasa Inggris
C. Basa Jawa
40. Unggah ungguh basa kang digunakake Widi ing wacan dhuwur yaiku … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus