You are on page 1of 3

Contoh Cerita Anak Berkarakter Bahasa Jawa - Cindhelaras

Cindhelaras
Raja Jenggala kang asma Raden Putra iku sawijining raja kang kaloka. Emane kagungan sikep
kang kurang wicaksana. Nalika ngadhepi garwane kang angka loro ora bisa tumindak apa-apa
kejaba mung manut bae.
Garwa kang angka loro iku pancen ayu temenan. Nanging watake ala. Malah kepara kebangetan
olehe ala. Drengki iku tembunge. Luwih-luwih marang sang prameswari.

Dheweke kepengen banget dadi garwa prameswari. Mula banjur golek cara kanggo nyingkirake
prameswari saka praja. Mangka sejatine prameswari mau priyayi kang becik.

Ing sawijining dina rancangan mau ditindakake. Dheweke ethok-ethok lara kaya wong lara
banget.

Priksa kahanan iku Raden Putra bingung lan banjur mbudidaya gole cara kanggo ngusadani.
Cara kanthi ngundang dhukun lan tabib. Salah sijine dhukun kasebut satemene kongkonan garwa
kaloro mau. Dheweke banjur njlentrehake sebab-sebabe sang putri nandang lara.

Dikandhakake dening dhukun yen sing nyebabake lara yaiku Sang Prameswari. Sang
Prameswari meri marang tresnane sang raja marang garwa angka loro mau banjur ngracun
dhaharane.

Midhanget atur kaya ngono iku, Raden Putra banjur utusan patih supaya nggawa sang
Prameswari menyang alas lang kadhawuhan nyedani senajan Prameswari lagi nggarbini.

Patih iku wicaksana. Dheweke weruh watak wantune Prameswari lan uga weruh culikane garwa
angka loro. Mula Prameswari digawa menyang alas nanging ora diperjaya.
Wiwit iku Prameswari ana ing alas. Ing sawijining dina babaran. Putrane miyos kakung
kaparingan asma Cindhelaras.

Cindhelaras dadi bocah kang gagah lan sehat. Dheweke duwe kesenengan kekancan karo kewan.
Wektu iku nalika Cindhelaras lagi dolanan weruh manuk rajawali mabur nyedhaki dheweke.
Manuk iku nyedhak lan nibakake endhog. Endhog iku luwih gedhe tinimbang endhog kang
lumrah.

Endhog iku digawa menyang papane ula. Cindhelaras njaluk tulung mara ula supaya ngengremi
endhog mau. Sawise sawetara wektu endhog mau netes. Wujude pitik lanang. Pitik iku banjur
diupakara lan cepet gedhe lan dadi jago. Kluruke jago iku, kukuru yuuuk.

Jagone Cindhelaras
Omahe tengah alas
Payobe godhong klaras
Bapake Raden Putra

Krungu kluruke jago iku Cindhelaras banjur matur marang ibune. Mesthi bae sang ibu banjur
njlentrehake asal-usule. Mireng ngendikane Prameswari, Cindhelaras bakal nemoni bapakne.
Cindhelaras kanthi nggawa jagone nuju marang desa-desa. Jagone diedu karo jagone wong desa.
Kabeh padha kalah.

Pranyata kabar sektine jagone Cindhelaras kapireng dening sang Raja. Sang Raja uga kepengin
ngedu jagone karo jagone Cindhelaras. Nalika ketemu Cindhelaras lan padha sarujuk anggone
arep adu jago. Cindhelaras ngetohake nyawane dene sang Raja yen kalah kudu masrahake separo
Negara.

Sawise jagone tarung, katon yen jagone Cindhelaras luwih kuwat lang menang. Raden Putra ora
mblenjani janji, nanging banjur takon sejatine Cindhelaras. Cindhelaras banjur nyedhaki jagone.
Jago banjur kluruk kaya biasane. Krungu kluruk iku, Raden Putra banjur priksa yen Cindhelaras
iku putrane.

Ki Patih tanggap banjur urmat lan ngrumangsani luput. Nanging Raden Putra malah ngaturake
panarima lang enggal nggawa bali Prameswari menyang kraton lan midana garwa kang angka
loro.

Katrangan tembung:
ngusadani : nambani (mengobati)
nggarbini : ngandhut (hamil)
njlentrehake : nerangake (menerangkan)
mrejaya : mateni (membunuh)
mblenjani : nginggati (mengingkari)
Demikianlah contoh cerita anak berkarakter yang disajikan dalam Bahasa Jawa, sebagai
penanaman moral dan karakter mulia kepada anak khususnya pada usia Sekolah Dasar, sekaligus
sebagai pembelajaran bahasa Jawa.

You might also like