You are on page 1of 3

Najwaa Nabila A.P.

X MIPA 3/29

Teks Pranatacara Mitoni

Bismillahirrahmanirrahim

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para alim ulama'ah ingkang satuhu kinabekten.

Para pepundhen,para pinisepuh,saja para sesepuh ingkang pantes singudarsana.

Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa
dalem Allah SWT dene ing wanci ari kalenggalan punika kula miwah panjenengan tansah kaparingan
mapinten-pinten nugraha saha karohmatan satemah saged lenggah makempal ing sasana mriki.Sak perlu
ngeteni tumapaking adicara mitoni.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng nabi junjungan kita Nabi Muhammad Saw saha
pangikatipun mugi sami ambah dhumateng kula panjenengan sedaya. Aamiin.....

Sanggayaning para rawuh ingkang bagus mulya,Kula ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur
panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa rawuh wonten papan menika.

Wonten mriki kula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncering adicara ingkang badhe
kalampah,kirang langkung mekaten:

1.sungkeman

2.siraman

3.mecah Kentingan

4.blosot endhog

5.Gantos busana kaping 7

6.gunting benang Lawe


7.angkreman

8.dodol dawet

9.selametan

Mekaten kala way reroncering adicara ingkang badhe kalampah.

Menggah adicara ingkang pertami inggih menika sungkeman.Calon ibu saged nyuwun donga restu
dhateng tiyang sepuh,mara sepuh,saha garwa.

Adicara salajengipun inggih menika siraman.Kalih balutan sinjang batik,sang ibu ajeng lenggah lan
disiram kalih toya siraman saking pitung soca toya lan sampun diuwari sekar setaman.Prosesi siraman
wonten pitung tiyang kapilih ajeng menyiram sang ibu ngangem gayung saking batok kelapa.Diwiwiti
saking tiyang ingkang paling sepuh ing keluwargi lajeng dilajengake kalih ingkang sanese.

Sasampunipun prosesi siraman ,lantingan ingkang dipunagem kagem mengucurkan toya suci dilemparkan
dhateng siti supados bayi wedal enggal kadis pecahe lentingan.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika blosot endhog.Bilih endhog kasebat pecah gadjah artos
ajeng wedal satunggaling tiyang bayi estri lan bilih mboten pecah gadjah artos bayi inggih punika jaler.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.

Adicara salajengipun nun inggih gantos busana ngagem sinjang pitu kanthi motif kang benten-benten
inggih menika sido mukti,sido luhur,truntum,parang kusuma, udan riris,cakar ayam,tuwin lure.

Sasampunipun gantos busana kaping pitu,prosesi gunting benang lawe kang dijiretake padharan calon
ibu.Lilitan iki kedah wonten gunting kalih calon bapak kantos tujuwan laire sang jabang bayi lancar.

Adicara ingkang kaping pitu inggih menika calon ibu lan calon bapa nuladha gaya ayam ingkang
mengerami endhog lan berkokok sora,dado lambang tanggel jawab calon bapa inggal kegesangan kan
kesejahteraan sang calon bayi lan ibunipun.

Adicara ingkang kaping wolu inggih menika dodol dawet,dipunlampahaken dening eyang kakung lan
eyang putri.Eyang putri menggendong papan arta dene eyang kakung memayungi eyang putri.Para rawuh
sedaya mundhut dawet kaliyan ngagem Arta saking pecahan genting utawi kreweng ingkang sampun
diwontenake.
Para rawuh ingkang minulya ..

Salajengipun ,prosesi ingkang paling pungkasan inggih menika selametan ,para rawuh sedaya nderek
donga sareng, dipunlajengaken kaliyan dhahar sareng.

Mekaten sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sedaya nglantaraken reroncering
adicara mitoni ,Kula minangka pambiwara bilih wonten kelepatan kirang ecu wonten panggalih para
rawuh sedaya ,kula saestu nyuwun nuwun sewu.

Cekap semanten atur kula.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

You might also like