You are on page 1of 2

C.

Wewatek

Wewatek yaiku teknik penganggit nyawisake paraga-paraga sajrone crita saengga bisa ditepangi
kepiye watek paraga kasebut.Paraga kaperang dadi telu miturut wateke yaiku paraga
protagonis,antagonis,lan netral.

Sajrone nggambarake saben paraga ing novel,penganggit kudu pinter milih cara njlentrehake paraga-
paragane. Kanggo gawe panjlentrehan kang apik penganggit uga kudu mangerteni teknik
nggambarake paragane. Teknik kasebut kaperang dadi loro yaiku teknik ekspositoris lan teknik
dramatik.

Teknik ekspositoris yaiku panggambaran paraga kanthi cara langsung dening penganggit. Teknik iki
nggambarake paraga nggunakaake ukara kang cetha lan gampang dimangerteni.

Dene teknik dramatik yaiku teknik panjlentrehan sipate saben para kanthi cara tumindak utawa
tindak tanduke paraga kasebut lewat pocapan utawa apa kang dipikir.

D. Latar

Latar yaiku pathokan kang duweni pangerten panggon,wektu,lan kahanan minangka papan
dumadine prastawa-prastawa kang dicritakake.

E. Sudut pandhang

Sudut pandhang sinebut pusat pengisahan yaiku posisi penganggit nglungguhake paraga punjer
ing critane. Apa kalungguhake minangka paraga punjer dadi wong kapisan jroning crita kanthi aran
Aku , apa dadi wong katelu kanthi nggunakake jeneng wong. Kajaba kui, sudut pandhang bisa
digunakake bebarengan tegese sajrone karya fiksi penganggit bisa dadi paraga Aku utawa bisa dadi
pengamat. Teknik crita iki diarani teknik sudut pandhang campuran.

F. Gaya basa

Gaya basa minangka cara pengucapan penganggit sajrone jlentrehake sawijining bab marang
pamaca.Gaya basa yaiku jinise panggunaan basa nalika nulis novel. Tuladhane gaya basa pop kanggo
nulis novel-novel kanggone wong enom,gaya komunikatif,lan uga gaya basa kaku kaya dene novel
terjemah. Gaya basa sinebut style iku nglimput maneka unsur kayata leksikal,sturktur
ukara,retorika,lan panggunaan kohesi.

G. Amanat

Amanat minangka unsur sajrone karya fiksi kang ngacu marang piwulang-
piwulang,tumindhak,tindak-tanduk,lan unggah-ungguh kang dicawisake penganggit lumantar paraga
sajrone novel. Amanat bisa diandharake kanthi cara tersurat utawa tersirat.

D. Interpretasi

Kegiyatan interpretasi sastra yaiku kegiyatan kanthi menehi apresiasi utawa pemaknaan marang
sawijining karya sastra jumbuh karo pikiran utawa pangrasa sastra panemu kang diantukake pamaca
marang karya sastra kasebut. Nginterpretasi utawa nafsirake diperlokake sajroning nganalisis karya
sastra ,ngelingi akehe makna kang ora katon utawa kanthi sengaja didhelikake dening penganggit.
Kegiyata interpretasi trep kanggo mahami sastra kanthi tetimbang menawa karya sastra ora bisa
dibuktekake kebenerane amung kudu ditafsirake.
Visi satra modheren nyebutake sajroning karya sastra ngandhut ruang-ruang kosong,ing papan
kasebut pamaca menehi maneka penafsiran. Saya gedhe sawijining karya sastra,saya akeh uga
ruang-ruang kosong sajrone karya sastra kasebut,, saengga saya akeh uga dhaptar ing penafsiran
kang bisa ditanemake ing sajrone karyane. Lumantar kegiyatan interpretasi pamaca bisa
ngandharake makna saka sawijine karya sastra. Pemaknaan yaiku sawijine dialektika (bab carane
basaa lan mujudake nalar kanthi dhialog minangka cara kanggo nylidhiki sawijine perkara) antarane
panjlentreh lan pemahaman. Kanggo mahami,interpretasi ,lan nganalisis novel , bab paling ndisik
ditindakake yaiku nemtokake unsur instrinsik lan ekstrinsik banjur nafsirake piwulang sajrone novel
kasebut.

You might also like