You are on page 1of 2

C.

Unsur Pandhapuk Novel Jawa

Novel iku minangka karya fiksi kang umume nya jilake donya kang dikreasiake penganggit lumantar
tembung kan tetembungan. Apik eleke novel bisa lumantar saka reroncening tetembungan lan basa
sajrone novel saengga bisa dipahami dening pamaca. Sacara tradisional novel iku kaperang dadi rong
unsur, yaiku unsur ekstrinsik lan intrinsik.

1.Unsur Eksrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur sajabene karya fiksi kang duwe pengaruh lain karya sastra, nanging ora
klebu bagean fiksi. Kajaba panemu kaya Mangkona, uga ana panemu liya kang ngandharake dene unsur
ekstrinsik iku unsur kang awujud kahanan subjektivitas penganggit babagan Sikep, keyakinan, lan
pandangan urip kang dadi pawadane laire karya fiksi, utawa bisa uga sinebut unsur biografi ne
penganggit nemtokake ciri karya kang diasilake.

2.Unsur Intrinsik

Unsur intrinsik yaiku unsur pandhapuk karya sastra kang asale saka sajrone karya kasebut. Sajrone
novel unsur intrinsik iku awujud tema, alur (plot), Wewatek, latar, sudhut pandhang, gaya basa, lan
amanat. Supaya luwih cetha bab unsur intrinsik setitkna panjlentrehan ing ngisor iki.

A. Tema

Tema minangka dhasare crita utawa gagasan umum saka sawijining novel. Tema sinebut idhe pokok.
Adhedasar idhe pokok, penganggit bisa ngrembakake dadi sawijining crita. Mula saka iku, sajrone novel
ana sawijining tema pokok lan sub-sub tema. Titikane tema pokok yaiku tema pokok nyakup isi saka
sekabehane crita lan minangka makna saka sakabehe crita. Panggone tema pokok ora ndhelik nanging
dialing-alingi dening crita Wiwit tumeka mburi kang dadi pandhukung tema kasebut. Mula pamaca kudu
bisa nintingi saben crita lan bisa misahake antarane tema pokok lan sub-sub tema.

Tema sajrone novel bisa digolongake tema tradisional lan tema non tradisional. Tema tradisional yaiku
tema kang dimangerteni wong umum. Tema iki digunakake kanggo maneka crita kayata kabecikan
ngalahake angkara murka lan kanca sejati. Tema tradisional iku sipate universal lan novel serius
nggunakake tema iki kanggo dhasar gawe novel. Tema sabanjure yaiku tema non tradisional. Tema non-
tradisional tegese tema kang ora pas karo sing dikarepake karo pamacane. Tuladhane ing novel paraga
protagonis kang dhasare paraga iki duweni sipat sing becik, nanging ing tema non-tradisional paraga
antagonis kang menang.

B. Alur (plot)

Alur yaiku gegayutan antarprastawa kang nduweni sipat sebab akibat lan runtut (kronologis). Alur
medharake rerangkenan crita kang isine urutan kedapetan. Tegese sawijining prastawa sajrone novel
kudu ngetut prastawa kang bisa disebakake utawa nyebakake prastawa liyane. Plot minangka pangilon
tumindak paraga marang prekara kang diadhepi.
Pangrembakan plot sajrone cita adhedasar saka prastawa, konflik, lan klimaks. Katelu unsur kasebut
diarani unsur panentu plot. Kabeh panentu plot gegandhengan lan gegayutan siji lan sijine. Mulai novel
bisa diarani apik jalaran anane plot kang narik kawigaten.

Prastawa nduweni fungsi minangka pengalihan kahanan siji lan kahanan sabanjure. Prastawa sajrone
novel ana telu, yaiku prastawa fungsional, kaitan, lan acuan. Prastawa fungsi onal yaiku prastawa kang
nduweni fungsi minangka panggandhenge prastawa-prastawa kang wigati. Prastawa acuan mengku
teges prastawa kang gegayutan karo wewateke saben paraga utawa swasana batin kang dialami saben
paraga ing novel.

Unsur panentu plot sabanjure yaiku konflik. Konflik yaiku sawijining bab kang dramatik lan ngarah
marang padudon utawa pasulayan antarane rong kakuwatan sarta nyritakake tumindak - tumindak
piwales. Konflik uga minangka prastawa a wujud konflik eksternal lan internal. Konflik eksternal, yaiku
konflik kang dialami salah sijining paraga karo sawijining perangan ing sanjabaning dhirine. Konflik
eksternal bisa dibagi rong jenis yaiku konflik fisik lan sosial. Konflik fisik yaiku konflik kang ditengeri
kanthi anane prekara paraga karo lingkungan alam. Dene konflik sosial yaiku konflik kang mencut jalaran
anane prekara karo paraga liya utawa prekara kang gegayutan karo manungsa siji lan liyane. Saliyane
konflik eksternal yaiku konflik internal. Konflik internal yaiku konflik batin kang dialami dening saben
paraga.

Unsur panentu plot kang pungkasan yaiku klimaks. Klimaks minangka bagean saka konflik. Patemon
antarane konflik kang dadi saka sajrone crita nalika tekan ing titik pucuk nyebababake klimaks.

Sajrone ploy, panyerat kudu bisa nggenepi kaidahe yaiku plausibillityplausibillity, surprise, suspense, lan
unity. Plausibillity yaiku sipat crita kang disajikake sajrone novel bisa gawe precayane pamaca. Suspense
yaiku unsur kang bisa ndhapuk rasa pengin ngertine pamaca marang novel. Unsur surprise yaiku unsur
kang duweni sipat ngagetake lan umume nyimpang utawa duweni putusan kang beda karo panemune
pamaca. Unity utawa keterpaduan minangka pangiket antarane kabeh unsur plot.

You might also like