You are on page 1of 3

POKOKE ORA ILOK

(Sugeng Abdullah)

Babagan budi pekerti kanggone bocah lan nom-noman jaman sekiye, di tengarani wis ora cocog
karo karepe wong tuwa mbiyen. Jerene wong tuwa, bocah sekiye wis ora duwe anggah-ungguh. Ora
duwe sopan santun. Ora ngandel nek diomongi ora ilok. Sebabe ora pada ngandel merga kakehen
nonton acara tivi sing ora gathuk karo budayane dewek. Mulane kudu cepet-cepet di sengkuyung,
bocah-bocah di wulang budi pekerti supayane duwe “Karakter wong Jawa”. Aja dadi kaya wong Landa,
sing pada ora percaya karo kabeh barang sing ora nalar.
Supayane bocah-bocah duwe karakter Jawa, ya kudu diajari budi pekerti, tata karma lan sopan
santun. Salah sijine, para wong tuwa lan guru kudu mbiasakna ngomong ora ilok. Umpamane bocah
padha takon kenangapa ora ilok ? dijawab karo ukara sing nalar lan logis. Kuwe nek bisa dinalar, lha
nek ora bisa dinalar ya dijawab “Pokoke ora ilok”, kaya kuwe bae. Madan lewih greget maning, nek
karo di incim.
Ora ana ceritane wong manut karo ora ilok, wonge dadi bodo utawa ketinggalan jaman. Sing
genah, wong sing manut karo ora ilok, wonge dadi wicaksana karo sakebehane pawongan, tanduran,
kewan lan ngalam kabeh. Kelakuane lan ucapane andhap ashor, orang mangas karo dunya-brana.
Nalare wong tuwa jaman sekiye uga kudu melu diwalik, yakuwe sing jenenge ora ilok ya pada
karo dogma. Ora usah di nalar. Umpamane ana sing bisa diterangna mawi cocog karo nalar lan logika,
utawa cocog karo ajaran agama, kuwe mau mung dadi barang kebeneran – ngepasi. Dogma ya dogma,
ora ilok ya ora ilok. Pokoke ora ilok.

ORA ILOK :
1. Angob ora di tutupi - dileboni setan
2. Aweh sapu karo pucuke - saru
3. Banyu kumbahan langsung di buwang – bayine kebanjiran
4. Bujang /prawan nyirami penganten
5. Bujang gawe anda –
6. Bujang melu kenduren –
7. Dolanan beras – tangane puther
8. Dolanan gaman pas bedug (jam 12 awan) -
9. Gawe sumur nang ngarep umah -
10. Haid dondom /njahit -
11. Lunga pas bedug -
12. Lunga pas surup – di gawa kelong
13. Madang karo ceplak -
14. Madang karo ngomong -
15. Madang karo turon –
16. Madang nang lawang –
17. Madang ora de entekna – pitike mati
18. Mangan brutu – sering klalen karo ngajog
19. Mangan karo mlaku – lambene suwing
20. Mangan karo ngadeg - dadi p
21. Mangan nyangga piring – ditampik joko (prawan tua)
22. Mangan nyicipi karo solet -
23. Mangan tlampik – ditampik bojo
24. Mbukak payung nang jeron umah – biyunge mati
25. Mbuwang uwuh nang longan –
26. Mesusi karo tangan lorone -
27. Meteng maring kuburan – bayine mati
28. Meteng mateni kewan – bayine cacad
29. Meteng metu wengi2 ora nggawa gunting –
30. Meteng njagong nang tampah –
31. Nandur gandul nang ngarep umah –
32. Nandur pring kuning nang ngarep umah –
33. Nandur kluwih sedurunge duwe putu -
34. Nembe layat mlebu umah ora wisuh - kena sawan
35. Ngecungi kuburan – jenthike puther
36. Ngguyu ngakak (wong wadon) –
37. Ngidoni sumur – lambene suwing
38. Ngiris nang muthu –
39. Nglangkahi walesan (pancing) – dadi kebluk
40. Nglebokna suluh nang pawon karo sikil - babaran bareng karo ngising
41. Nguleg bumbu ganti tangan – ora enak
42. Niliki tempe (wis dadi apa urung) – “tempene” di tiliki wong liya
43. Njagong karo jegang (kanggone wong wadon) –
44. Njagong nang lawang - ora payu mbojo / dadi prawan tua
45. Njagong nang meja –
46. Njagongi kampil – bokonge wudunen
47. Nyapu ora resik – bojone rowas-rawes – brewokan
48. Nyapu wengi-wengi –
49. Randa / duda pegatan nyirami penganti
50. Sepit nglangkahi mbelek –
51. Sepit nglangkahi alu –
52. Singsot wengi-wengi -
53. Tangi turu kawanen – rejekine dithothol pitik
54. Tangi turu kedisitan pitik - marakna sebel
55. Tuku dom/peso wengi-wengi – disalahi/disantet
56. Turu bar ngasar – bisa gemblung
57. Turu kemulan klasa – diparani setan
58. Turu kemulan mujung – pangling sing momong
59. Turu malang-migung -
60. Turu mengkureb – pangling sing momong
61. Turu se enggon-enggon - diyun setan
62. Turu ucul-ucul kolor – megar bangkekane

63. …….. terus akan ditambah dan dikoreksi, menunggu sumbangan koleksi ora ilok dari pembaca.
Kirimkan ungkapan ORA ILOK (sangat baik bila disertakan tafsir dan penalarannya) ke
sugengzend@yahoo.com atau tulis di https://www.facebook.com/sugengzend .

Referensi :
http://ki-demang.com
http://krisanputihku.blogspot.com
http://iwanmuljono.blogspot.com
http://catatanboentil.blogspot.com
http://www.beritajawa.com

You might also like