You are on page 1of 3

PACELATHON

Salah Pengerten

Uwis dadi pakulinane Bu Rofikoh guru Matematikane Guplo angger arep


mulang mesti dewiwiti aweh pitutur maring murid-muride.
“Bocah-bocah, siki jaman rekasa apa-apa regane lagi larang. Wong tuwane
ko padha goli golek rejeki uga lagi angel. Mulane padha kudu sing gemi. Aja
padha boros. Angger dewehi sangu aja dentongna kabeh, lewihane decelengi.
Sukur bage ora usah padha jajan. Sangune decelengi kabeh bae ya kena.”
“Nggih Bu Guru,” bocah sekelas mangsuli bareng. Swarane Guplo sing
seru dhewek.
Wulangan Matematika dewiwiti.
“Siki wulangan suda-sudaan. Njajal, Dawen mangsuli pitakone Bu Guru,
Ya. Telu desuda loro gari pira?”
“ Setunggal, Bu Guru.” Dawen cepet pisan goli njawab pitakonane gurune.
“Bener. Ko pancen bocah pinter Wen.” Dawen bungah pisan dealem neng
gurune.
“Siki gari Guplo jajal. Telu desuda telu gari pira, Plo?”
“Setunggal, Bu Guru.” Guplo goli semaur uga cepet pisan tur seru.
Bu Rofikoh kaget krungu jawabe Guplo.
“Ko sih kepriwe, deneng telu desuda telu gari siji, Plo?”
“Lha jere Bu Guru siki jaman susah, apa-apa larang. Kon aja padha boros.
Kudu gemi. Angger duwe apa-apa aja deentokna kabeh.”
“Banjur hubungane apa karo pitakone Bu Guru?”
“Telu desuda telu mbokan nol. Ye entong prontong. Jenenge boros angger
kaya kuwe. Mulane telu disuda telu sama dengan siji bae, Bu Guru. Lewihane
decelengi. Kena nggo ngesuk maning.”
“Owalah! Guplo.... Guplo, ko deneng pinter temen” ujare Bu Guru Rofikoh.

Sumber : Ancas No 44-Taun IV Nopember 2013.

1. Kata-kata yang dianggap sukar dalam teks :


pakulinane : sing wis biasa delakoni
pitutur : pesen
gemi : ati-ati/ora boros
dewiwiti : dilabuhi
desuda : delong
bungah : seneng
entong prontong : entong ora ana lewihe
NARKOBA
Adegan 1
(Bowo nampa tamu wong kang durung dikenal)
Tamu : ”Kulanuwun.......Kulanuwun!”
Bowo : ”Mangga, mangga pak pinarak mlebet pak!” (Manggaake tamune karo
jempolan diathungake)
Tamu : ” Inggih, Nak, maturnuwun, napa leres niki daleme Pak Harjo?”
Bowo : ” Inggih leres, nuwunsewu Bapak menika sinten?”
Tamu : ” Kula Dirgo, mitranipun lami Pka Harjo..Lha sampeyan sinten?”
Bowo : ” Kula Bowo, putra mbajengipun Pak Harjo, Badhe wonten kersa
menapa nggih?”
Tamu : ” Namung dolan, boten perlu menapa-menapa kok” (karo nyawang kiwa
tengene ruang tamu, sajake nggatekake lingkungan).
Bowo : ”O, mekaten, nuwunsewu pak... Kula Badhe dhateng wingking
sekedhap.”

Tamu : ” Boten, boten sisah repot-repot, kula namung sakedhap kok” ( sajak
gugup terus njaluk pamit).
“Nak Bowo, gandheng Bapak mboten wonten ndalem, kula nyuwun
pamit nggih.”

Bowo : ” O..... Nggih.....Nggih Pak.”


Adegan 2
(Bowo nampa rawuhe pak Dirgo kaping pindho)
Pak Dirgo : ” Nak Bowo...... Nak Bowo!”
Bowo : ” Kados pundi pak.... Ketinglipun wigatos sanget, tindak mriki malih
wonten kersa menapa?”
Pak Dirgo : ” Boten , Boten nak Bowo, kula wau kesupen badhe sanjang
sampeyan. Kok sepen, bapak Ibu tindakan nggih?”
Bowo : ” Inggih pak, Mbok menawi ngantos sonten!” (wangsulane Bowo
lugu)
Pak Dirgo : ” Menika kula gadhah samben sadean makanan kesehatan wujudipun
kados pil utawi kapsul, wujud permen nggih onten, reginipun panci
radi awis, nanging kasiatipun ngedab-edabi.”
Bowo :” Kersanipun bapak dos pundi?”
Pak Dirgo : ” Sampeyan kula ajak kerjasama sadeyan barang menika.”
Bowo : ” Nuwunsewu kula mboten nate sadeyan pak. Napa malih kula dereng
matur bapak Ibu, Kula kuwatos dipundukani.”
Pak dirgo : ” Lho! Sadeyan permen, kpok didukani......menika tiyang-tiyang
ingkang sampun tumut lan sukses sadeyan barang kula.” (Karo
nudhuhake jeneng lan alamate wong ing lembaran kertas).
BOwo : ” Kula mboten dikeparengaken bapak.”
Pak Dirgo : ” Saged milih kok nak Bowo.... Menawi isin sadeyan saged namung
ngeteraken dhateng alamat-alamat ingkang sampun pesen barang
menika.”
Bowo : ” Nyuwun pangapunten, kula mboten saged nglampahi pak!”
Pak Dirgo : ” Nggih sampun,mboten menapa, kula nyuwun tulung, sinten tiyan
sepuhipun kanca-kanca sampeyan ingkang kurang sehat?”
Bowo : ” Ngapunten nggih, kula mboten mangertos.”

Adegan 3
(Bowo kaget nalika dumadakan ana wong loro mlebu/intel karo ngathungake pistule
marang pak Dirgo)
Intel : ” Angkat tangan! Jangan bergerak!bergerak saya tembak!”
( Panggetake karo ngathungake pistule tumuju sirahe Pak Dirgo
marahi pak Dirgo wedi).
Pak Dirgo : ” Ampun Pak,ampun,sa....saya, ku...... kula sanes penjahat pak!
ampun....ampun!” ( karo ngangkat tangan).
Intel : ” Ikut saya ke kantor Polisi!” (karo nggiring Pak Dirgo kang wis
dirangket dening intel sijine)
Bowo : ” Won..... wonten napa niki Pak?” (Bowo ndomblong, bingung,
gumun).
Intel : ” Ini buronan pengedar narkoba yang sudah lama saya cari!”
Bowo : ”Ampun, ngapunten pak, kula mboten ngertos!” (karo mundhuk-
mundhuk).

Sumber : (Wani Basa 3,2006,24-25)

Kata-kata yang dianggap sukar dalam teks :


Diathungake : diacungake
Mitranipun : kancane
Mbajengipun : mbarepe
Ketingalipun : katone
Wigatos : penting

Kesupen : lali,kelalen
Anjang : ngomong
Sepen : sepi
Samben : udu pegaweyan sing utama/pokok
Awis : larang
Ngedab-edabi : gawe gumun
Kuwatos : kuwatir

You might also like