You are on page 1of 3

Lampiran 1: MATERI PEMBELAJARAN

ANEKDOT

Anekdot yaiku sawijining crita cekak lan lucu utawa narik kawigaten kang
nggambarake kedadeyan utawa critane pawongan tartamtu kang sabenere. Anekdot asipat
sindiran sing alami, tegese ora digawe-gawe. Teks anekdot kaperang dadi limang bageyan,
yaiku:
1. Abstraksi
Abstraksi dumunung ing bageyan wiwitane paragraf. Paedahe abstraksi yaiku
kanggo menehi gambaran ngennai isine teks. Lumrahe, bageyan iki nuduhake
samubarang kang unik ing sajrone teks kasebut.
2. Orientasi
Orientasi mujudake bageyan kang nuduhake wiwitane kedadeyan sajrone crita
utawa mula bukane prastawa kasebut bisa ana. Ing bageyan iki, panulis nyritakake
kanthi jangkep.
3. Krisis
Krisis yaiku bageyan sing nyritakake kedadeyan utawa masalah sing unik utawa
ora biyasa ditindakake panulis utawa wong sing dicritakake.
4. Reaksi
Reaksi mujudake bageyan kepriye carane panulis utawa apa sing ditulis bisa
marekake masalahe sing muncul ing bageyan krisis.
5. Koda
Koda yaiku bageyan pungkasaning crita, bisa uga menehi dudutan ngenani
kedadeyan sing dialami panulis utawa wong sing ditulis.
Tuladha Teks Anekdot
Presiden lan Manuk Beo

Ana presiden loro sing lagi takon-wangsulan (tanya jawab) lan kahanane cukup gawe
heran.
Presiden 1 : “Ana manuk Beo sing wis disinaoni rong basa langsung, lan manuk Beo iku
bisa nirukake kanthi apik, siji basa Inggris, sing keloro basa Rusia. Yen sikil
sisih tengene ditarik, Beo kasebut bakal ngomong nganggo basa Inggris. Dene
yen ditarik sikil sisih kiwa, Beo kasebut bakal ngomong nganggo basa Rusia,
hebat tho!”
Presiden 2 : “Hebat-hebat!”
Presiden 1 : “Kepriye yen sikile karo-karone ditarik?”
Presiden 2 : “Wah...mesthine Beo iku bisa ngomong nganggo rong basa iku mau!”
Presiden 1 : “Salah.”
Presiden 2 : “Oh...rong basa mau bisa kacampur!”
Presiden 1 : “Salah.”
Presiden 2 : “Utawa Beo iku mau bakal kliru anggone ngocap tembunge, sepisan basa
Inggris banjur basa Rusia.”
Presiden 1 : “Salah.”
Presiden 2 : “Lha trus kepriye?”
Presiden 1 : “Ya sing cetha yen sikile karo ditarik, Beo mau bakal ceblok saka sarange,
Blok!”
Presiden 1 : “Eh... aja dolanan karo aku ya. Ngene-ngene aku iki presiden, kamangka
mung presiden rumah tangga, kok ya wani ngelokake aku presiden goblok!”
Ora suwe, manuk Beo kasebut nirukake tembunge kasebut kanthi dibolan-baleni.
Beo : “Presiden goblok.....presiden goblok......presiden goblok!”
LAMPIRAN 2: LKS

Jeneng : ANDIRA DIAN LUPITA


Tgl :18 Januari 2021
Kelas : XII AKL 1 /15

LEMBAR KERJA SISWA (LKS): KOGNITIF

Wacan anekdot kanthi irah-irahan “Presiden lan Manuk Beo” ing ndhuwur analisisen
strukture kanthi trep!
1. Abstraksi : Ana presiden loro sing lagi takon-wangsulan (tanya jawab) lan
kahanane cukup gawe heran.

2. Orientasi : “Ana manuk Beo sing wis disinaoni rong basa langsung, lan manuk
Beo iku bisa nirukake kanthi apik, siji basa Inggris, sing keloro basa
Rusia. Yen sikil sisih tengene ditarik, Beo kasebut bakal ngomong
nganggo basa Inggris. Dene yen ditarik sikil sisih kiwa, Beo kasebut
bakal ngomong nganggo basa Rusia, hebat tho!”

3. Krisis :“Ya sing cetha yen sikile karo ditarik, Beo mau bakal ceblok saka
sarange, Blok!”

4. Reaksi :“Eh... aja dolanan karo aku ya. Ngene-ngene aku iki presiden,
kamangka mung presiden rumah tangga, kok ya wani ngelokake aku
presiden goblok!”
Ora suwe, manuk Beo kasebut nirukake tembunge kasebut kanthi
dibolan-baleni

5. Koda :“Presiden goblok.....presiden goblok......presiden goblok!”

You might also like