You are on page 1of 3

Legenda Rawa Pening

sumber: https://mudahdicari.com/cerita-rakyat-bahasa-jawa-rawa-pening/

Ing Dusun Ngasem, Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang, kabeh pathuh lan endhang sebutan
damel murit lanang lan wadon seneng atine, mergo angsal tulodho sae sangking gurune, ingkang paring
asma Ki Hajar Salokantara ingkang due budi wicaksana. Lan gadah garwa ingkang naminipun Ni Endhang
Ariwulan.

Ing setunggaling dinten, Ni Endhang bingung goleki ladhing sing biasane digawe nyigar pinang, ingkang
ajeng dicawesaken damel sesajen ing wayah bengi. Khanti kepekso, Ni Endhang matur teng Ki Hajar,
supoyo gelem ngampili ladhinge. Ki Hajar purun ngampili pesho amergi wekdale sampun dalu, nanging
diwelingi ken ngantos-ngantos angsale mbeto pesho, ojo ngati di dekekne ing pangkon, lan ojo sampek
salah gunakne.

Akhire Ni Endhang kesupen, pesone nikuwau diselehne ing pangkone, banjur pesone langsung ilang
saknaliko. Ni Endhang ngroso wedi, lan ngadehep Ki Hajar rumangsa salah, nanging pas diaturne Kihajar
mboten nesu. Ananging peso nikuwau sakjane mboten ical, menawi peso niku wau melebet ing jeron
wetenge Ni Endhang.

Ing setunggaling dinten, Ngasem geger amergi Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar banjur dawuh teng Ni
Endhang, bade tapa brata ing Redi Telamaya, lan ngenehi piranti ingkang wujud klinthing, ingkang diken
ngagokne calon jabang bayi

Ora sue jabang bayi lahir, namging wujud Naga, masio kawujud naga, bayi ikumau polahe kaya bayi-bayi
liyane, saget matur lan saget naingis. Wingka ketok kencana, jabang bayi niku dipon openi kanthi asih
lan tresnan ngantos gedhe, lajeng diparingi asma Baru Klinting. Warga ingkang ngertos naga menika ora
entek-entek anggenipun ngelok-ngelokne.

Soyo sue, noga niku wau sampun dewasa. Banjur naga wau tangklet dateng ibune siten sejatose
bapakipun, Ni Endahang matur nek sejatine bapak ipun namine Ki Hajar, ingkang lagi tapa brata ing Redi
Telamaya.

Banjur Ni Endhang, ngengken Baru Klinting nyusul bapake seng lagi tapa. Ananging Baru Klinting samar
nek bapake mboten percoyo dhekwene niku sejatine anake, mergo dhekwene kawujud naga. Ni
Endhang banjur maringi Klinting sangking Ki Hajar, damel bukti nek naga nikuwau anake.

Banjur Baru Klinting nyusu bapake teng Telemaya. Ni Endhang tumut ngeterne Baru Klinthing. Baru
Klinthing, mergi panggone adoh, Baru Klinting lan Mboke, metu lewat kali sing dowo, banjur leren ing
ngesore selo ingkang namine Selo Sisik. Sakwise niku neroske mlaku teng ngambah rawa, lan lewat Kali
agung, leren malih ing setunggaling Selo Gombok.
Saben dinten, wulan lan tahun sampun dilampahi. Nanging Baru Klinthing durung iso manggihaken
panggonanipun Ki Hajar Salokantara. Malah kendho ora ndue daya, nanging sangking adohan mireng
kidihung lumat-lumat kaya kidungipun Ni Endhang.

Ni Endhang sangka ngadohan ngetutake Baru Klinting sing wus nemukne panggone Ki Hajar, banjur
manggon ing Sepakon. Ni Endhang manggon ing cedeke danau (sendhang). Sendhang niku lajeng
kasebut Sendhang Ari Wulana.

Ing pertapaan Telamaya, Ki Hajar kaget ndelok naga sing teko pertapaane dhekwene, lajeng naga wau
manthuk-manthuk ngormati wong ing ngajenge. Ki Hajar ngerti menawi naga niku mboten olo, ananging
naga ingkang gadah ati ingkang sae. Naga (baru klinting) mau matur teng Ki Hajar Salikantara. Banjur Ki
Hajar kaget, amergi Naga wau saget wicara.

Lajeng Naga tangklet teng Ki Hajar, nopo bener niki Dhusun Talemaya, pertapanipun Ki Hajar
Salikantara. Ki Hajar ngiyani. Baru Klinting bingah, banjur ngomong menawi Ki Hajar niku wong tuwone
seng wus suwe dipadosi ing paran.

Baru klinting banjur sujud, nanging Ki Hajar dereng pati percados nek niku yogane, mulo lajeng menehi
pitakon ddateng Baru Klinting, “Spo Ibumu, teko iendi asalmu”. (ucape KI Hajar). “Ibuku asmane Ni
Endhang Ariwulan lan sangking Ngasem”. Lan mboten lali Baru Klinting ndudohake Klintingan sangkin
tilaranipun Ki Hajar Salokantara.

Ki Hajar matur, klintingane niku dereng cekap, amerga ing donya mboten enten seng penak. Ananging
kudu enek lelabetan lan kudu enek panebusanipun. Supoyo dipun anggep putrine Ki Hajar, Baru Klithing
kudu nglakoni tarak brata.

Tarak brata yaiku, mlungkeri Redi Kendhil ngasi tepung galang. Tanpo dingerteni Baru Klinting, Ki Hajar
ngetotke teko mburi, lajeng Baru Klinthing mlungkeri Gunung Kendhil, seng wes diaturne Ki Hajar,
ananging sirah lan buntute mboteb saget nyatu, taseh kirang sakkilan.

Lajeng Baru Klinting nambahi damel ilate, lajeng Ki Hajar mlumpat medal langsung nugel ilate niku. Lan
Baru Klinthing kelaran nanging ajeng lerem manahipun. Banjur Ki Hajar ngaturi menwi kekirangan ora
iso ditutupi, damel ilat, amergi ilat niku pusaka seng mboten enten tandingane.

Lajeng Baru Klinting nerusake tarak brata lan ilate damel pusaka seng wujud tombak Kyai Baru Klinting.
Ingsawijiniong wulan lan tahun wus kawuri, awake Baru Klinting seng mlungker, rade ora ketingal. Seng
ketingal namung wit-witan lan suket ing ngalas.

Ki Hajar nemoni Ni Endhang diken mapak putranipun Baru Klinthing ing Dusun Phatok, kanti laku
ngrame. Pathok niku dusun ingkang “gemah ripah loh jinawi”. Ananging wargane niku ora due roso
syukur dateng Allah.
Wektu niku, wargo Phatok lagi ngwontenake pesta panen raya, enten salah sijining warga sing arep
mecah woh pinang damel campuran susur, anggone mecah niku dipun tataki teng wit ingkang tuwek
lang warnane cemeng (ireng) banget. Jebule kajeng (kayu) niku wau awake naga Baru klinting.

Lajeng naga niku mau di kethok-kethok damel pesta. Ora kanyana-nyana sukmane Baru Klinting
ngetotne warga seng ngethok-ngethok dhekwene wangsul, sarana jelmo dados pemudang seng
ganteng, gagah, nanging reget, naminipun Jaka Bandung.

Pas acara pesta Jaka Bandung nyuwun panganan, nanging dipun singkang-singkang, lan diusir. Banjur,
Jaka wau malmpah, teng dalan ketemu kalih mbok rondho. Bok rondho wanu nagkleti, punopo kok
ketokane lesu. Banjur pemuda niku wau nerangke kedadean ingkang dialami pemuda niku wau.

Mbok rondho ngajak pemuda niku wau teng omahe, lan diparingi mangan. Mbhok rondho matur,
menawi ing dusun Phatok niku tanduran subur lan sugih-sugih, ananging podho serakah lan mlecing
(pelit). Mbok Rondo pun mboten diundang amergi malarat lan elek.

Sak sampuni mangan lan ngerti, banjur Jaka pesen kalian Mbok Rondo menawi mengke enten suwara
gemuruh, Simbok gudu mlebet lesung kalina mbeto enthong lan mbeto kaperluan secukup ipun.

Lajeng Jaka bandung, wangsul malih ing acara pesta menika, lan njajal nyuwun panganan malih.
Ananging malah diisin-isin lan di tampik.

Makane Jaka nantang sinten seng saget njabut “sada” badhe disembah ping pitu, ananging ora ana siji-
sijio seng iso jabut sada wau. Mulai seng bocah cilik ngampi seng wus tuwo.

Banjur Jaka Bandung njabut sada wau, amergi mboten enten seng saget. Saknalika, banyu nyebur
sangking bolongan bekas jabutan sada wau, kabeh warga bodho bingung, pados panulungan, ananging
wus telat amergi banyune mnembur kathah, seng akhire ndadeaken banjir.

Banjir bandang meniko ndhadeake dusun Phatok keleleb. Siti seng katut amergi suda dijabut, diuncalne
teng ngaler lan malih rupi radi cilik, seng diarani Gunung Kendhalisada. Lan dhusun ingkan keleb amegi
lubere banyu tilas sada, dadi telaga ingkang bening banyune, seng katah rawa bening, ingkang sakniki
dijenengake Rawa Pening.

You might also like