You are on page 1of 4

NASKAH SOAL PAT

KELAS XI
BAHASA JAWA

Wangsulana pitaonan ing ngisor iki kanthi pener!!

1. Saben gamelan iku migunakake 2 laras. Larasing gamelan kang duwe 5 nada, yaiku 1 2
3 5 6 kanthi interval kang padha diarani laras….
A. slendro D. pelog
B. gerong E. bawa
C. ketawang
2. Pangrakiting tembung (syair) sing digunakake ana ing tembang supaya bisa dilagokake
diarani...

A. Cakepan D. Cengkok

B. Laras E. Basa
C. Pathet
3. Supaya swara gamelan iku kepenak dirungokake mula kudu nggatekake ukuran rindhik
rikating nalika nabuh gamelan, kang diarani .....
A. Irama D. gendhing

B. laras E. bawa
C. pathet
4. Tembang kanggo mbukani utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan diarani….

A. Bawa D. Irama
B. Pathet E. Titi laras
C. Laras
5. Piranti gamelan awujud pencon, nabuhe kanthi cara dithuthuk, gunane kanggo
pemangku lagu lan pambuka gending diarani…
A. Bonang D. Peking
B. Demung E. Kecer
C. Kempul
6. Instrumen gamelan kang awujud wilahan saka kayu,lan nabuhe migunakake piranti
bendha diarani.…
A. Gambang D. Kenong
B. Kecer E. Gong
C. Demung
7. Gamelan kang awujud kawatan, nabuhe kanthi cara digesek lan minangka pamurba
lagu diarani…
A. Rebab D. Peking
B. Kethuk E. Slenthem
C. Kemodhong
8. Instrumen gamelan kang awujud tebokan kanthi nabuhe dikebuk/ditabok, lan gunane
kanggo pamurba irama diarani…
A. Kendhang D. Saron Demung
B. Saron Barung E. Slenthem
C. Gambang
9. Piranti gamelan awujud pencon kang digantung lan biasane kanggo mungkasi gendhing
diarani…
A. Gong D. Saron
B. Gender E. Demung
C. Rebab
10. Perangkat gamelan sing gunane kanggo murba (ngatur) lagu nalika uyon-uyon yaiku….

A. Kendhang D. Kempul-gong
B. Peking E. Kethuk kenong
C. Gender
11. Ora saben wong bisa nata gamelan, amarga kudu bisa ngepasake karo papan lan gunane
gamelan iku. Wong kang gaweane nata gamelan diarani…
A. Paniti D. Paraga
B. Niyaga E. Swarawati
C. Wiraswara
12. Nalika nglagokake campursari biasane ana paraga lanang lan paraga wedok. Paraga
lanang kang nglagokake campursari diarani….
A. Wiraswara D. Wiyaga
B. Swarawati E. Pranatacara
C. Dhalang
13. Tokoh campursari sing kondhang yaiku…
A. Manthous D. Ki Manteb
B. Didi Pethet E. Ki Narto Sabda
C. Dedi Dores
14. Gatekna cakepan lelagon kanggo soal no 14-15!
Yo kanca neng gisik gembira
Alerab-lerab banyuning segara
Angliyak numpak prau layar
Ing dina minggu keh pariwisata
………………………………….
………………………………….
Terusan cakepan lelagon Campursari yaiku….
A. Alon praune wis nengah, byak byuk byak banyu binelah
B. Prayogane becik bali wae, dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe
C. Witing kalapa katon ngawe-awe, Prayogane becik bali wae
D. Byak byuk byak banyu binelah, adhik njawil mas
E. Alon praune wis nengah, ngilangake rasa lungkrah lesu
15. Tembung “gisik” ing tembang ndhuwur tegese….
A. Pasir D. Lemah
B. Banyu E. Watu
C. Angin
16. Soal kanggo no 16-17!
“Kanthi rahmat saha barokahing Gusti Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal punika
kula ugi panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing papan mriki kanthi rahayu
wilujeng nir ing sambekala.” Ukara kasebut lumrahe kanggo ing perangan…
A. atur syukur D. salam
B. atur pambagyaharja E. atur pangajab
C. wosing wicara
17. Tembung “kempal manunggal” luwih prayoga diganti....
A. kempal D. ngestreni

B. tindak E. sowan
C. rawuh ing
18. “Raos bombong lan suka bagya dhateng sedherek-sedherek kula anggota karang taruna
ingkang gadhah ancas lan gegayuhan luhur”. Tembung bombong tegese padha karo
tembung…
A. seneng D. bagya

B. umuk E. remen
C. sedhih
19. “Angka kaping tiga inggih menika atur pambagyaharja saking kulawarga penganten
kakung”. Ukara kasebut digunakake ing pahargyan apa?
A. Penganten D. Mitoni
B. Ambal warsa E. Wong seda
C. Pambagyaharja
20. “Langkung rumiyin sumangga kula ugi panjenengan sedaya tansah ngaturaken puja-
puji syukur wonten ing ngarsanipun Allah, amargi wonten ing kalodhangan menika kula
ugi panjenengan sedaya saged kempal wonten kanthi pinayungan karaharjan”.
Perangan ing ndhuwur diarani ukara…
A. Pamuji D. Pakurmatan
B. Purwaka E. Wasana basa
C. Surasa basa
21. Tembang macapat iku kudu nduweni pathokan kang gumathok. Dene tibaning swara
ing pungkasaning gatra diarani guru…
A. lagu D. basa
B. wilangan E. gatra
C. sastra
22. Gegambaran jabang bayi sing isih ana ing kandhutane ibu. Ukara iku salah sawijining
teges saka tembang…
A. maskumambang D. pangkur
B. mijil E. sinom
C. durma
23. Tembang macapat iku kudu nduweni pathokan kang gumathok. Menawa pathokan
tembang asmarandana yaiku….
A. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a D. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
B. 12u, 6a, 8i, 12a E. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
24. Salah sawijining ageman tradisional wong Jawa kanggo pasangan busana beskap utawa
kebaya yaiku…
A. Jarik D. slop
B. Benik E. blangkon
C. Timang
25. Minangka manungsa kudu ngrasuk utawa ngracut kapitadosan agami. Ukara kasebut
pralampito wujuding…
A. Rasukan D. Lurik
B. Selop E. Blangkon
C. Atela

You might also like