You are on page 1of 1

Ukara lamba lan Ukara Camboran

a. Ukara lamba, yaiku ukara kang polane mung siji, utawa ukara kang
pangertene mung siji.
Tuladha:
Samsudin ndandani pancing ana buri omah
jejer wasesa lesan katrangan
Pepeling: kang sinebut pola kalimat siji iku bisa dumadi saka:
J - W umpamane: Budi/mancing.
J - W - L umpamane: Budi/ndandani/pancing.
J - W - K umpamane: Budi/mancing/ana tlatar.
J - W - L - K umpamane: Budi/ndandani/pancing/ana buri omah.
J - W - L - K1 - K2 umpamane: Budi/ndandani/pancing/ana buri omah/
rong jam.

b. Ukara camboran, yaiku ukara kang polane luwih saka siji.


Tuladha:
1. Budi ndandani pancinge, dene Iwan golek cacing.
(polane padha: J - W - L, J -W - L)
diarani Ukara Camboran Sadrajad.
2. Iwan sing ndandani, nggawa, lan nyimpen pancing.
(polane: J - W, W, W - L)
diarani Ukara Camboran Raketan.
3. Bocah sing nganggo topi iku ndandani pancing.
polane: J - w I W - L)
diarani Ukara Camboran Sungsun.

soal
1. gaweo 2 tuladha ukara lamba gawe pola jejer, wasesa, lesan lan keterangan (J-W-L-
K)
2. gaweo 2 tuladha ukara camboran sadrajad

You might also like