You are on page 1of 2

Nama : Rizal Arief Pambudi

No. : 23

Kelas : XI MIPA 4

Pendhidhikan Ing Wayah Pandemi

Bismillahirrahmanirrahim, Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula kurmati Bapak/Ibu guru Basa Jawi.

Ingkang kawula tresnani para rencang kelas kula.

Ingkang kapisan lan ingkang paling utama, mangga kita sesarengan aturaken puja lan puji syukur
marang Gusti Allah SWT, amargi sampun ngunjukaken kanikmatan lan kaberkahanipun kangge kita
piyambak sahingga kita saged sesarengan makempal ing panggon puniki ingkang InsyaAllah
dimuliakaken kalih Gusti Allah SWT. Aamiin.

Bapak guru lan rencang-rencang ingkang kawula kurmati. Pendidikan punika miduweni peran
ingkang wigatos kangge majukaken bangsa puniki. Menawi sarana pendidikan dimanfaataken kanthi
becik, InsyaAllah bangsa puniki saged maju. Nanging, menawa kita piyambak mboten maksimalaken
sarana pendidikan kanthi becik, mila bangsa puniki mungkin namung stagnan ing kahanan ingkang
mboten berkembang.

Ing negari Indonesia puniki asring kita piyambak pidanget, mriksani, lan malah ngdameli
piyambak, bahwa panggonan ingkang paling becik kangge ngangsu kawruh iku ing sekolah utawi ing
lembaga formil. Senajan, ing pundi mawon kita piyambak manggen iku panggenan ingkang paling becik
kangge nuntut ilmu lan saged mundhut pendidikan saking saben kajadian ingkang dialami, saged iku
pendidikan bab marang agama, bab marang moril, bab marang kabersihan, lan sakpadhane.
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge
kula lan rencang-rencang sedaya ampun wegah-wegahan kangge nuntut ilmu, amargi ilmu iku wigatos
kangge panguripan ing saklajengipun. Mugi-mugi sesorah kula saged bermanfaat kangge kita piyambak,
aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah, Wassalamualaikum Wr.Wb.

You might also like