You are on page 1of 8

PAS BAHASA JAWA KELAS 9 SU PEL 20-21

1.Salah sijine karya sastra sing nduweni perangan kanggo diperagakake dening aktor diarani ...........

a. drama

b.sesorah

c. tembang

d. geguritan

2. Lakune crita/alur ing drama diarani ..............

a. plot

b. tema

c. setting

d. konflik

3.Paraga drama sing dadi pepalang paraga protagonis diarani paraga ...........................

a.utama

b. figuran

c.triagonis

d. antagonis

4.Pasulayan/masalah antarane paraga siji karo paraga liyane diarani ..........................

a.prolog

b. epilog

c. konflik

d. setting

5.Wong sing tugase mimpin lan ngatur murih suksese lumakune pementasan drama diarani .............

a. sutradara

b. paraga

c. asisten sutradara

d.audience

6.Pamilihe para paraga kang dijumbuhake/dicocokake karo karaktere paraga diarani .....................
a. blocking

b. ekspresi

c. akting

d. casting

7. Mobah-mosike paraga kanthi spontan(dadakan) manut situasi lan kondisi diaarani ................

a. flash back

b. improvisasi

c. montase

d. akting

8.Olehe milih ..................... iku ora pas. Jalran adegan langen/seneng- seneng kang ngono iku

Kudune manggon ana ing Taman Sari. Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik yaiku ..............

a.blocking

b.casting

c. akting

d. setting

9. Paraga sing nduweni watak ora becik diarani paraga ......................

a. Utama

b. protagonis

c. antagonis

d. pembantu

10. Saben paraga ana ing panggung kudu pinter ................ manut karakter sing diperagakake.

a. blocking

b. akting

c. setting

d. casting

11. Aku mau ............. Bapak amarga ngregedi jogan. Tembung kang trep yaiku .....................

a. diseneni
b. diutus

c. disrengeni

d. didukani

12. Nuwun sewu, Panjenengan .............. rumiyin, kula tilar .............. sekedhap.

a. mlebu - siram

b. pinarak - adus

c. pinarak - siram

d. lungguh – siram

13. Klambine rupane ijo karo putih, Tembung sing dicetak miring yen diowahi basa krama yaiku .......

a. cemeng – pethak

b. jene – pethak

c. ijem – abrit

d. ijem – pethak

14. Bu Mega : Yen gawe roti, bahane ap wae ta Bu?

Bu Rina : Panjenengan apa arep ............... roti, Bu?

Bu Mega : Iya ,Bu

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg- ceceg ing dhuwur yaiku ....................

a.ngasta

b. damel

c. gawe

d. ngedang

15.”Nuwun sewu, Ibu menika .............................. sinten nggih?

Tembung krama alus sing trep yaiku ..............

a.asmanipun

b. naminipun

c. namanipun

d. jenengipun
16. Saben malam Minggu, Bapak ................... giyaran ringgit wonten radio

Tembung krama alus kang trep yaiku ................

a.ngrungokake

b. midhangetaken

c. mirengaken

d.ngrungokaken

17.Aku teka jam siji awan, yen Bapak luwih sore.

Krama aluse ukara ing dhuwur yaiku .............................................

a.Kula dugi jam setunggal siang, menawi Bapak langkung sonten

b.Kula dhateng jam siji awan,menawi Bapak langkung sonten

c.Aku dugi jam siji awn, menawi Bapak luwih sore

d.Aku rawuh jam siji awan, menawi Bapak luwih dalu

Pethilan drama ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan kaca 18,19 lan 20.

...............................................................

Ing pinggir dalan, sawatara ana wong lanang tuwa liwat, pasuryane pucet kaya dhweweke lagi
nandhang lara.

Dumadakan wong tuwa mau tiba njungkel sinambi nyekel dhadhane

Badi : Eeeeee ..... Wadhuh ! Geneya wong iki? Kra ... kra, Ayo ditulungi .............

Cakra : Ora usah kakean omong Di, Yo dijunjung neng emper toko kono, iyup nggone.

Bocah loro banjur ngangkat wong tuwa menyang emperane Toko

...............................................................................

18.Watake paraga Badi ing dhuwur yaiku .................

a. masa bodho

b. peduli

c.nesu

d.sak karepe

19.Dene Cakra watake ........................

a.males
b.ora seneng brontak

c.enthengan

d. ngalah

20. Pesan moral saka drama ing dhuwur yaiku Kita supaya .......................

a.seneng ngresula

b.seneng aweh pitulungan marang sapada

c.seneng ngrembug liyan

d. seneng akeh pitakonan marang wong liya.

21.Laporan kegiyatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiyatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi

uga kanggo .....................

a.dokumen pribadi para siswa

b.dokummen kanggo sekolah/lembaga

c.pertanggung jawaban marang pawongan/lembaga sing menehi tugas

d.latihan nulis laporan

22.Kang ora kalebu struktur teks laporan kegiatan yaiku ....................

a. Pambuka

b.Definisi umum

c.Isi

d. Panutup

23.Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku ..............................

a.Pambuka, panutup, isi

b.Papan lan titi mangsa, isi , panutup

c. Pambuka, isi, panutup

d.Pambuka, Isi, panutup, nama terang

24.Ukara kang kedadean saka sagatra/klausa lan dumadi saka jejer, wasesa lan bisa ditambahi lisan

Lan katrangan ukara ...........................


a.pitakon

b.pakon

c.camboran

d.lamba

25.Bocah - bocah kelas 9 nggambar kapal mabur neng jero kelas

Ukara ing dhuwur wasesane yaiku .....................

a.Bocah-bocah kelas 9

b.nggambar

c.kapal mabur

d.jero kelas

26. Ukara ing dhuwur kalebu ukara ......................

a.pitakon

b.pakon

c.panggandheng

d.carita

27.Sepatune Dhimas diumbah nganggo sabun wangi

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ................

a.pakon

b.pitakon

c.tanggap

d.tanduk

28.Ukara kang dumadi saka rong gatra/luwih lan migunakake tembung panggandheng arane .......

a.Ukara lamba

b.ukara camboran sejajar

c.ukara camboran susun

d.ukara pakon

29.Conto ing ngisor iki sing kalebu ukara camboran sejajar yaiku ...................
a.Layang iki diwenehna sapa?

b.Narko tuku layangan neng pasar wage

c.Dika sinau basa jawa dene Sigit ngrangkum tugas bahasa Indonesia

d.Siswa sing ora gawe klambi sragam, dikumpulake neng kantor kanggo pembinaan

30.Jalaran sepedhahe bocor,Dedi teka sekolahan kawanen

Ukara ing dhuwur kalebu ukara .....................

a.pitakon

b.pakon

c.camboran sejajar

d.camboran susun

31.Paugeran panulisan teks laporan kegiyatan yaiku .............................

a. runtut manut strukture

b.tulisane kudu bener

c.nganggo basa sing endah

d.dilampiri data lan photo

32.Supaya laporan kegiyatan runtut lan gampang dingerteni, Kita Gawe pitakonan sing .....................

a.gawe bungah sing ditakoni

b.nganggo unsur 5W + 1H

c.nyemangati sing ditakoni

d.iso nyeramahi sing dutakoni

33.Laporan kegiyatan sing apik yaiku sing isine ............................

a.Nyritakake riwayate sing nulis

b.nyritakake kanthi cetha, gamblang lan gampang dingerteni

c.Nyritakake pengalamane sing nulis

d. nyritakake riwayate sing ditulis mulai cilik

34.Mangana akeh yen pikirane ora tentrem, awake ora bakal bisa lemu

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ..........................


a.pitakon

b.pakon

c.sambawa

d.pamenging

35.Ukara ing dhuwur duwe teges ...............................

a.sanajan

b.umpama

c.pangarep-arep

d.mustahil

You might also like