You are on page 1of 8

PTS BAHASA JAWA KELAS VIII SEMESTER GENAP

1.Alat kanggo komunikasi awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar diarani ......................

a.telegram

b.telepon

c.layang

d.internet

2.Miturut isine, layang kaperang dadi .....

a.4

b.5

c.6

d.7

3.Isi kabar keslametan sing dikirim lan sing ngirim perangane layang jenenge ......

a.adangiyah

b.pambuka

c.isi

d.peprenah

4.Layang ulem sinebut uga .........................

a.undhangan

b.telegram

c.perintah

d.edaran

5.Panulisane papan lan titi mangsa sing bener yaiku .............................

a.Solo ; 10 Agustus 2020

b.Madiun, Januari 2020

c.Kediri : 20 April 2020

d.Nganjuk, 17 Mei 2020

6.Struktur teks layang sing isine nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang marang sing dikirimi
Yaiku ...............

a.pambuka

b.adangiyah

c.surasa basa

d.peprenah

7.Isine layang diarani uga ...................

a.pambuka

b.surasa basa

c.adangiyah

d.peprenah

8.Struktur sing nerangake sesambungane wong sing kirim layang karo sing dikirimi arane ...............

a.pambuka

b.surasa basa

c.adangiyah

d.peprenah

9.Ukara sing isine nyritakake sawijining bab, kedadeyan utawa sawijining kaanan marang wong liya

Arane ukara.................

a.pitakon

b.sananta

c.pitakon

d.pakon

10.”Bilih ngaturi priksa menawi keluarga Surabaya ginanjar sehat, semanten ugi ....................... “

Pethilan ukara ing dhuwur kalebu ukara..............

a.pitakon

b.sananta

c.pitakon

d.pakon
11.”Kados pundi kabaripun Bulik Narti Narti dhateng Solo?”

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ...........................

a.pitakon

b.sananta

c.pitakon

d.pakon

12.”Mbenjing, menawi mboten sayah,Kulo ajenge dhateng kebon,nyuwun winih uwi rambat Bulik”

Pethilan ukara ing dhuwur kalebu ukara ...................

a.pitakon

b.sananta

c.pitakon

d.pakon

13. Sing kalebu kaidah/pedoman panulise layang yaiku .....................

a.papan lan titi mangsa-adangiyah-pambuka–surasa–wasana–peprenah–tapak asma-jeneng

terang

b.unggah-ungguh basa – ngoko – krama – krama inggil

c.pambuka- isi – panutup

d.pambuka - isi – panutup – saran

14.Nyuwun panjaluk /panyurung kang gandheng karo isine layang diarani ..................

a.pambuka

b.isi

c. wasana basa/panutup

d.peprenah

15.”Budhe nulis surat kanggo dhik Rina”

Ukara kasebut yen diowahi dadi nganggo basa krama yaiku .........................

a.Budhe nyerati layang kanggo dhik Rina

b.Budhe nulis layang kanggo dhik Rina


c.Budhe nyerat layang kagem dhik Rina

d.Budhe nyerat layang kanggo dhik Rina

16.Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-ungguh basa yaiku .........................

a.Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi Ibu

b. Kula sampun nedhi yatra ning dereng disukani Ibu

c. Kula sampun nedhi arta nanging dereng disukani Ibu

d. Kula sampun nyuwun arta nanging dereng dipunparingi Ibu

17.Yen nulis layang kudu nggatekake wewaton kaya ing ngisor iki, kajaba ..............................

a.unggah-ungguh basa

b.tanda maca

c.basa krama wae

d. mangerteni perangane layang

18.Basa krama ing pasrawungan gunane kanggo pacelathon kaya ing ngisor iki,kajaba ......................

a.pacelathon marang sapada amarga kanggo ngajeni

b.pacelathon wong lagi tepung

c.pacelathone wong enom lan wong tuwa

d.pacelathone kanca karo kanca

19.”Ibu tuku jarit neng pasar”

Ukara neng dhuwur yen dikramakne ..................

a.Ibu tumbas nyamping ten peken

b.Ibu mundhut sinjang ten peken

c.Ibu mundhut nyamping dhateng peken

d.Ibu tumbas sinjang dhateng peken

20.Perangane layang ing ngisor iki sing mujudake peprenah yaiku ..................

a.Assalamu’alaikum wr. Wb.

b.Katur dhumateng Eyang

c.Saking ingkang wayah ing Blitar


d.Sembah pangabekti mugi konjuk

21.Karya sastra kang dikarang/diripta kanthi paugeran tartamtu yaiku kaiket guru gatra, guru lagu

Lan guru wilangan diarani tembang ............

a.kenangan

b.tengahan

c.gedhe

d.macapat

22.Ing ngisor iki, sing kalebu tembang macapat yaiku ...........................

a.Mijil, gambuh, uler kambang,maskumambang, pangkur, sinom, durma, dhandanggula

b.Asmaradana, mijil, maskumambang, pangkur, megatruh, kinanthi, balabak, wirangrong

c.Maskumambang, kinanthi ,durma, pangkur, mijil, pucung, dhandanggula, asmaradana

d.Sinom, gambuh, maskumambang, durma, pangkur, kinanthi, kusumastuti, dhandanggula

23.Cacahe/akehe wanda (pakecapan) ing saben gatra jroning tembang macapat diarani ..............

a.guru gatra

b.guru wanda

c.guru wilangan

d.guru lagu

24.Dhong-dhinge/tibane swara ing saben pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani .....

a. guru gatra

b.guru wanda

c.guru wilangan

d.guru lagu

25.Cacahe/akehe gatra saben sapada/bait jroning tembang macapat diarani ..................

a.guru gatra

b.guru wanda

c.guru wilangan

d.guru lagu
Gatekna tembang ing ngisor iki

Lamun sira anggeguru kaki,

Amiliha manungsa kang nyata,

Ingkang becik martabate,

Sarta kang wruh ing hukum,

Kang ngibadah lan kang wirangi’

Sukur oleh wong tapa,

Ingkang wus amungkur,

Tan mikir pawehe liyan,

Iku pantes sira guronana kaki’

Sartane kawruhana

26.Adhedhasar paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilangan, tembang ing dhuwur diarani .......

a.Maskumambang

b.Kinanthi

c.Dhandanggula

d.Asmaradanna

27.Ukara “Lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata” tegese ...............................

a.yen kowe golek ngelmu kudu lumantar kanca sejati

b.yen kowe milih guru, miliha guru sing bener lan becik

c.yen kepingin dadi guru kowe kudu tumindak kang becik

d.yen wis dadi guru,tumindake kudu becik

28. Ukara “ingkang becik martabate, sarta wruh ing hukum” tegese ........................

a.tumindake becik sarta wani nglanggar ing hukum

b.pinter nyambut gawe serta ngerti ing babagan hukum

c.becik kelakuane sanajanora ngerti babagan hukum

d.becik tumindake sarta ngerti babagan hukum

29.Tembang ing dhuwur aweh tuntunan marang kita ngenani ............


a.tata cara ngajeni guru

b.tata carane golek ngelimu

c.paugerane wong kepingin pinter

d.paugerane wong yen golek guru

30.Jinise tembang macapat sing watake nelangsa, prihatin banget yaiku ....................

a.maskumambang

b.durma

c.sinom

d.pucung

31.Tembang dhandanggula duweni watak .....................

a.asih-asuh

b.gandrung, kasmaran

c.luwes-manis

d.nepsu, sereng banget

32.Angka-angka kang minangka sesulihing arane wilahaning gamelan diarani ..........................

a.pathet

b.titi laras

c.watake tembang

d.sasmitane tembang

Gatekna tembang ing ngisor iki

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Dawa kaya ula

Ancik-ancik wesi miring

Yen lumaku si pucung ngumbar suara

33. Jenenge tembang macapat ing dhuwur yaiku ...........................

a.mijil

b.gambuh
c.pucung

d.sinom

34.Guru gatra tembang ing dhuwur ana............................

a.12

b.4

c.8

d.10

35.Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku

a. 12u - 6a - 8i - 12a

b.12g - 6a - 8g - 12a

c.12ng - 6a - 8ng - 12a

d.12b - 6d - 8a - 12y

You might also like