You are on page 1of 2

Kenakalan Bocah Enom utawa Remaja

Dening: Anita Dwi Pratiwi

Kenakalan bocah enom utawa remaja iku siji masalah kang diadhepi
dening kabeh remaja ing jaman modern iki. Hampir ben dina awak dhewe
ngrungoake utawa ndheleng berita sing nayangake kenakalan remaja, tuladhane
koyok; tawuran, penyalah gunaan narkoba sak jenise sabu lan ekstasi, seks bebas,
lan liyan-liyane.

Rata-rata teko data Rumah Sakit, 70%-73% kasus penyalahgunaan


narkoba iku asale teko kelompok remaja sing rata-rata umur’e 15-18 tahun. Ing
liyane sisi, teko data kepolisian ing tahun 2012 kelakon 127 kasus tawuran, angka
iku munggah lebih teko 100% nang tahun 2011 yaiku 340 tawuran, kang mangan
korban jiwa 82 pelajar, seluruh masyarakat pasti berharap ing tahun 2015 iki,
angka tawuran antar pelajar mudhun presentasene. Durung maneh seks bebas sing
koyoke wes duduk dadi hal tabu maneh ing kalangan remaja Indonesia jaman iki.
Asil saka seks bebas remaja iku yaiku meningkate jumlah penyakit Acquired
Immune Deficiency Syndrome utawa sing biasane dikenal masyarakat karo jeneng
HIV/AIDS iku. Acquired Immune Deficiency Syndrome utawa HIV/AIDS iku
sindrom sing bisa ngerusak sistem kekebalan awak ing ing manungsa, nek wes
salah sawijine wong terinfeksi virus macem iki, dheweke bakal gampang
terserang penyakit utawa tumor amarga sistem kekebalan awake lemah, gawe
saiki durung onok vaksin sing bisa gawe obat penyembuhan HIV/AIDS, amarga
iku, iki termasuk virus sing paling dihindari ing dunia iki, lan ing Indonesia,
terutama ing kutha besar tuladhane Jakarta, Surabaya, Bandung, lan liyan-liyane
presentase penderita virus HIV/AIDS terus bertambah, rata-rata penularane
remaja teko seks bebas iku mau lan gonta-ganti pasangan.

Yen remaja Indonesia utawa generasi bangsa iki koyok ngene, apene dadi
opo bangsa Indonesia ing masa depan gawe bersaing gawe bangsa liyane ing
dunia iki? Dadi ojok sampai Indonesia kalah bersaing karo bangsa liyan cuman
gara-gara penerus sifat remaja sing koyok iki.

Kenakalan remaja iku asale amarga kurang imane remaja sing gak liyane
pengendali manungsa nalika arep ngelakoni tindhakan, teko survey sing dilakoni
beberapa lembaga survey, rata-rata remaja sing kalebu ‘nakal’ iku teko keluarga
sing wong tuwane cerai utawa bahasa keren’e iku broken home, sing akhire
anak’e gak oleh perhatian wong tuwane lan akhire terjerumus ing dunia suram
koyok tawuran, penyalahgunaan narkoba, seks bebas lan liyan-liyane macem
masalah mau iku. Mulane iku, dibutuhno nemen peran warga ing lingkungan
masyarakat gawe antisipasi generasi penerus koyok iki, penyuluhan bahaya
HIV/AIDS lan ketergantungan narkoba iku bener-bener diperlukno, peran guru
ing sekolah sing bisa menehi pendidikan moral teko materi sing dipelajari ing
sekolahan iku, lan gak lali sing paling penting pendidikan moral lan budi pekerti
luhur sing diitandur ing lingkungan keluarga terutama oleh wong tuwa marang
anak’e.

You might also like