You are on page 1of 4

Pangerten tata cara manten

1.Utusan

Utusan inggih punika tiyang ingkang kautus dening tiyang sepuhipun calon penganten kakung
ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun calon penganten putri.

2.Salaran

Salaran inggih punika lumampahing congkok dhateng griyanipun tiyang sepuhipun calon penganten
putri,nyuwun katrangan menggah inggih badhe kapundhut mantu punika taksih lamban punapa sampun
sinengker dening jejaka.

3.Nontoni

Nontoni inggih punika ningali kawontenaning calon penganten putri ing griyanipun tiyang
sepuhipun,ingkang katindakaken dening congkok mawi aganthi calon penganten kakung.

4.Nglamar

Nglamar inggih punika ngajengaken pirembagan ,ingkang ateges sampun wonten pasarujukaning para
calon besan.

5.Singsedan

Singsedan inggih punika salah satunggaling adat kangge mratandani bilih lare estri sampun kaiket utawi
kasengker deneng lare jaler saperlu badhe kajatu – krami.

6.Liru Kalpika

Liru kalpika inggih punika acara minangka pengantin kakung kalian pengantin putri sami liton sesupe.

7.Panggih

Panggih inggih punika manggihaken pengantin kakung kaliyan pengantin putri wonten ing resepsi.
8.Ngundhuh Mantu

Ngundhuh mantu inggih punika rahajengan ingkang dipunwontenaken ing griyanipun tiyang sepuhipun
pengantin kakung

Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara
lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten
putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.

Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi
penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging,
tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje
miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.

Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :

1. LAMARAN

Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon
penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk
yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo
nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.

2. SIRAMAN

Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten.
Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing
calon manten.

3. MIDODARENI

Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh
menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan
iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya
widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.
4. SRAH – SRAHAN

Srah-srahan iku diarani uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang
bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.

5. IJAB KABUL

Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi
ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.

6. UPACARA PANGGIH

Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang
tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan
penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar
kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.

7. UPACARA BALANG SURUH

Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane
penganten kakung lan putri.

8. UPACARA WIJI DADI

Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah,
banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki
uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.

9. PUPUK

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan
menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.

10. SINDURAN
Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake
kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di
tinampa dadi kulawarga.

11. TIMBANG

Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten
putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.

12. KACAR-KUCUR

Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang
dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.

13. DHAHAR KLIMAH

Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar
dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bi

You might also like