You are on page 1of 3

Pokemon

Dening: Davito M / 12

Esuk,awan,bengi

Aku mlaku-mlaku karo kancaku

Aku rekasa nggoleki awakmu

Ing alun-alun,dalanan,neng ngendi-ngendi

Nanging ora ana ing njero atiku

Rupa awakmu kang lucu

Gawe semangat awakku nggolekimu

Pokemon...

Polahmu nggawe ngguyu kancaku

Lan wong tuwaku

Pokemon...

Wujudmu kang macem-macem

Wujud iwak,naga,gajah

Lan ana sing kaya yuyu

Keselku nggolek awakmu

Kebayar tuntas karo lucu lan imute awakmu


Mobile legends

Dening : Davito M / 12

Saben dina main dolanan iki

Aku,Bima,Farhan

Lan kanca-kancaku liyane

Susah seneng main iki

Kanggo obat nyenenga ati

Kadang menang

Lan uga kalah

Nanging dolanan iki ora tau gawe bosen

Kanggo awakku lan kancaku


Bojonegoroku

Dening : Davito M / 12

Bojonegoro...

Kutha ledre julukane

Macem-macem panganane

Ana tahu,tempe,lan liya-liyane

Bojonegoro...

Kutha cilik nanging maju panguripane

Alun-alun kutha kang nyengsemake

Sumber daya kang ngelimpah wujude

Bojonegoro..

Boromania pendukunge

Laskar Angling Dharma Prabune

Lan Malawapati pendapane

You might also like