You are on page 1of 6

PIWULANG SAJRONE SERAT TRIPAMA.

Sri Mangkunegara IV ing Surakarta nilaraken warisan kang wigati tumrap bangsa iki awujud
Serat Tripama. Serat tripama iki nyritakake telu tuladha kautaman kang kajupuk saka paraga
crita pewayangan. Katelune yaiku Patih Suwanda saka Nagara Mahespati, Raden Harya
Kumbakarna saka nagara Alengka, lan Adhipati Basukarna utawa Suryaputra saka nagara
Awangga.
Patih SuwandaSuwanda iki minangka patih andelane Prabu Harjunasasrabahu ing nagari
Mahespati. Nalika isih ana ing pertapan jenenge Bambang Sumantri. Dening wong tuwane,
Begawan Suwandagni, Sumantri kasuwun  supaya ngabdi marang Raja Mahespati, kang
jejuluk Prabu Harjunasasrabahu. Amarga becik bebudine, suwe-suwe Sumantri diangkat
dadi patih lan malih jeneng dadi Suwanda. Sawijining wektu, suwanda oleh tugas kanggo
nglamar Dewi Citrawati, Putri Raja Magada lumantar sayembara kang dianakake nagara
kasebut. Asile Suwanda bisa menangake sayembara iku. Suwanda mboyong Dewi Citrawati
lan putri dhomas, yaiku putri boyongan kang gunggune ana 800 kang bakal dipasrahake
marang Rajane. Satekane ing Mahespati, Suwanda katon mangu-mangu lan nuruti hawa
nepsune kanggo nantang sang Raja. Suwanda ora gelem masrahake Dewi Citrawati lan
putri boyongan marang Raja Mahespati kasebut. Pungkasane prang tandhing antarane
Suwanda lan Prabu Harjunasasrabahu ora bisa kabendung maneh. Pranyata kasektene
Suwanda durung bisa nandhingi kasektene sang raja. Kanggo nebus kesalahane iku,
Suwanda kudu bisa mindhah taman Sriwedari menyang Mahespati kanthi kahanan utuh lan
apik. Suwanda mangkat senajan ing ati rasane abot. Awit saka pambiyantu  adhine, Raden
Sukrasana, Taman Sriwedari iku kasil dipindhah menyang Mahespati tanpa cacat. Dewi
Citrawati lan para putri dhomas pungkasane bisa suka parisuka/ seneng-seneng ing taman
kasebut. Nalika lagi padha kepenak anggone suka parisuka, para putri kasebut weruh
raseksa kang ala rupane lan mendeni ana ing taman. Dewi Citrawati nuli lapor marang sang
Prabu Harjunasasrabahu. Sang Raja banjur paring dhawuh marang Suwanda supaya ngusir
raseksa kasebut saka taman Sriwedari. Suwanda sagah nampa tugas iku senajat abot ing
ati. Suwanda ngerti menawa raseksa ala rupane lan medeni kang ana ing taman iku ora liya
adhine dhewe, Raden Sukrasana. Suwanda ora gelem blaka suta marang sang raja
menawa raseksa iku adhine. Ana rasa isin kanggo ngakoni Raden Sukrasana iku minangka
adhi kandhunge. Nalika dijaluk apik-apik supaya ninggalake taman iku, Sukrasana ora
gelem saengga ndadekake suwanda nesu. Suwanda jupuk jemparinge kanggo meden-
medeni Sukrasana. Ora krasa jemparinge iku ngeplas lan ngenani dhadhane Sukrasana.
Sukrasane koncat nyawane. Suwanda wis ngilangake nyawa adhi kandhunge dhewe
kanggo netepi labuh labate marang raja Mahespati. Prastawa liyane kadadean nalika Prabu
Harjunasasrabahu kaliyan Dewi Citrawati lan putri dhomas lagi adus bebarengan ing
bengawan Silugangga. Sang Raja mbendung kali Silugangga kanthi cara triwikrama
(ngowahi wujud) dadi raseksa gedhe kanggo gantine bendungan, supaya kali kasebut bisa
digunake kanggo adus bareng prameswari lan putri dhomase. Pranyata bendungan iku
ndadedake banjir gedhe ing laladan sakiwa tengene kali, kalebu nagara Alengka. Raja
Alengka wektu semana yaiku Rahwana utawa Dasamuka, raseksa kang duweni sirah cacah
sepuluh, banjur ngirim utusan kanggo nggoleki musababe banjir. Sawise mangerteni
menawa banjir iku merga pakartine raja Mahaespati, Rahwana nesu lan mrentah prajurite
supaya nggruduk Mahespati. Patih Suwanda kang ana ing kraton Mahespati dhewekan
ngadhepi Rahwana lan para prajurite. Dheweke ora ora lapor marang sang raja amarga ora
kepengin ngganggu sang raja kang lagi suka parisuka kaliyan prameswati lan para selire.
Ing paprangan iku Suwanda gugur amarga kurang waspada. Suwanda gugur amarga
dicokot Rahwana kang dikira wis mati, kamangka Rahwana mung api-api mati.

Kumbakarna

Kumbakarna iku sawijining satriya saka Pangleburgangsa ing nagara Alengka. Nalika
dumadi perang gedhe antarane Alengka kaliyan prajurit Rama, patih Prahasta kang dadi
agul-agule Alengka ngadhepi bala kapine Rama gugur ing paprangan. Rahwana kang antuk
kabar iku dadi nglangut, bingung campur sedhih. Sawise ilang bingunge, Rahwana banjur
paring utusan prajurit raseksa supaya menyang kesatrian pangleburgangsa. Kesatrian
pangleburgangsa iku minangka papandununge Kumbakarna kang lagi tapa turu. Rahwana
njaluk supaya para raseksa iku nangekake adhine kang lagi tapa turu. Kabeh wis dilakoni
para raseksa kanggo nangeke Kumbakarna, umpamane kanthi mbengok saseru-serune,
nuthuki barang-barang kang ana supaya keganggu anggone turu, nanging tetep wae
Kumbakarna ora tangi. Pungkasane sawijining raseksa nyabut rambut kang ana ing sikile
Kumbakarna. Pungkasane Kumbakarna tangi. Sawise tangi, Kumbakarna dicaosi
manekawarna panganan. Sawise rampung anggone mangan, Kumbakarna nembe diparingi
kabar menawa ing Alengka lagi ana paprangan kang ndadekake patih Prahasta gugur.
Tanpa kakehan atur, Kumbakarna age-age menyang Alengka ngadhep marang sang raja
kang ora liya kakange dhewe. Sepisan maneh Kumbakarna ngelingake kakange supaya
nyerahke Dewi Shinta marang Rama. Ngrebut Shinta saka Rama iku jelas pakarti kang ora
bener lan dadi sabab musababe paprangan iki. Piweling saka Kumbakarna ora dipaelu
dening Rahwana, suwalike Rahawana malah tambah muntab anggone nesu. Krasa menawa
ora ana gunane ngelingake kakange marang dalan kang bener, tanpa nyuwun ijin luwih
dhisik marang kakange, Kumbakarna budhal menyang paprangan. Sajroning ati,
Kumbakarna ora bela kawengisan sarta kamurkane kakange, ananging maju perang
amarga mbela negarane, papan kelairane. Dadi warga iku kudu mbela negarane nalika
negarane mbutuhake. Ing paprangan Kumbakarna ngadhepi ewon balakapi saka kraton
Pancawati. Tanpa ana rasa wedi, Kumbakarna terus maju ngadhepi kethek kang cacahe
ewon iku. Maewu-ewu prajurit kethek gugur ing tangane Kumbakarna. Mangerteni prajurite
akeh sing gugur, Narpati Sugriwa maju dhewe ngadhepi Kumbakarna. Ananging Sugriwa
kalah unggul. Pungkasane, Wibisana nyuwun supaya Prabu Rama mrentah Raden
Laksmana kanggo ngadhepi Kumbakarna. Awit saka panah sekti kang aran Sarawara,
Raden Laksaman kasil ngejur makuthane, nugel tangan uga sikile Kumbakarna. Tanpa
makutha, tangan, lan sikil iku Kumbakarna tetep maju nglawan mungsuhe. Kabeh prajurit
wedi mrangguli trekahe Kumbakarna iku. Nalika Kumbakarna ngguyu ngakak lan katon
telake, Prabu Rama age-age ngeplaske jemparing sektine kang aran Amogha Sanjata
Guawijaya. Panah iku ngenani telak Kumbakarna lan ndadeke dheweke tekan ing ajale.
Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa, mbela nagarane yaiku Alengka.

Basukarna

Basukarna utawa Suryatmaja arane. Isih sedulur padha ibu karo para pandhawa amarga
dheweke putrane Dewi Kunthi kang paling tuwa. Ananing dheweke saiki dadi andhahan
utawa ngabdi marang raja Duryudana saka negara Hastinapura. Basukarna kapilih dadi
senapatine kurawa kang paling dhuwur  sajrone perang bratayudha ing tegal kurusetra.
Tugase basukarna yaiku perang lawan sedulure dhewe yaiku Raden Dananjaya utawa
Raden Harjuna. Basukarna nampa jejibahan iku kanthi ati kang seneng amarga oleh
kalodhangan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mula basukarna ngetokke kabeh
kaprigelan lan kasektene kanggo nglawan adhine mau. Ananging pungkasane Basukarna
gugur amarga kena jemparinge Arjuna pas ana ing gulune. Basukarna pancen satriya kang
ampuh lan setya ing janji. Perang Bratayuda ing tegal kurusetra wis sawetara suwe anggone
lumaku. Kekakore, pandhawa lan kurawa wis kelangan akeh prajurit lan senapatine. Saka
pihak kurawa, wis gugur senapati agul-agul kayata Bisma, drona, lan para raja kang wis
paring pambiyantu. Prabu Duryudana sansaya sedhih lan bingung bakal milih sapa maneh
sing didadeke senapati kanggo nglawan pandhawa. Awit saka pandangune patih Sengkuni,
Duryudana pungkasane milih Narpati Ngawangga, Prabu Basukarna dadi senapatine
perang nggantike begawan drona kang wis gugur ing paprangan. Narpati basukarna saguh
dadi senapati amarga wujud setya ing janji lan kanggo piwales kabecikane para kurawa
kang wis menehi drajat sarta panguripan marang dheweke. Sadurunge budhal ing
paprangan, Basukarna nyuwun supaya diparingi kusir kang sadrajat karo dheweke.
Panyuwunane dikabulke dening Duryudana. Basukarna kaget amarga kang dadi kusir
pranyata Prabu Salya, maratuwa saka Prabu Duryudana lan Basukarna. Basukarna krasa
kurang pantes menawa anak mantu dikusiri karo mertuwane dhewe. Osiking ati iku banjur
kawedharake marang Prabu Salya. Wiwitane prabu salya nampik lan rumangsa den ina
dening anak mantu. Basukarna nelakake menawa kang dadi lawane iku arjuna lan kusire
prabu Kresna, raja dwarawati. Mula basukarna rumangsa pantes nandhingi arjuna menawa
dikusiri prabu salya. Amarga padha-padha nduweni kusir saka wong kang kinurmat. Dadi
kusir kreta perang ora pakaryan kang ina, ananging tumindak kang utama. Amarga wis melu
mbiyantu senapatine perang kanggo labuh labet marang nagara sarta njunjung drajat lan
martabate nagara. Ing paprangan, wiwitane basukarna bisa ngalahke Gathutkaca, putra
Bimasena. Basukarna dadi gumedhe amarga oleh pangalembana saka para bala kurawa.
Arjuna banjur maju tandhing lawan Basukarna. Kekarone padha ngetok kasudirane dhewe-
dhewe. Pungkasane jemparinge arjuna ngenani janggane basukarna. Basukarna gugur ing
paprangan. Para pandhawa suka parisuka, suwalike para kurawa padha mlayu salang
tunjang. Arjuna nyedhak marang jasad sedulur kang nungal ibu iku. Arjuna ngrangkul jasade
basukarna. Basukarna gugur minangka kusumaning bangsa Hastinapura.
 

You might also like