You are on page 1of 4

Assalamu alaikum wr wb

alhamdulillaahi robbil alamin


-puji syukur tansah kito aturaken dumateng ngarsanipun alloh swt
ingkang sampon paring nikmat dumateng kito sedoyo
sahinggo kito sedoyo saget makempal ing acoro maulidun nabi muhammad saw
-sholawat sarto salam mugi kunjuk dumateng nabi kito muhammad saw
mugi kito mbenjeng pikantuk shafaat ing dinten kiamat. Amin

bapak ibu ingkang kawulo hormati


ing mriki kawulo dados pranoto acoro ,sak derengipun acoro kito milai langkung rumiyin
bade kawulo waosaken susunan acoro pengetan maulid nabi muhammad saw:
1 pambuko
2 waosan ayat suci al-qur an
3 sambutan saking ketua ta’mir masjid baitusy syaakirin
4 hikmah maulid nabi muhammad saw ingkang bade dipun aturaken panjenenganipun bapak
ali
5 doa
6 penutup

bapak ibu ingkang dipun rahmati alloh


-monggo acoro kito bikak kanti waosan basmalah sesarengan (bismillahirrohmaanirrohim)
-acoro sak lajengipun inggih meniko waosan ayat suci al qur an
dumateng dek qoulam kito aturaken
-acoro sak lajengipun inggih meniko hikmah maulid nabi muhammad saw
dumateng bapak ali kito aturaken
-matur nuwun dumateng bapak ali ,mugi menopo ingkang dipun aturaken kolowau wonten
hikmah kagem kito sedoyo. Amin
-acoro sak lajengipun inggih meniko doa. Dumateng bapak kosim kito aturaken
-matur nuwun
-acoro sak lajengipun inggih meniko penutup
monggo kito tutup kanti waosan hamdalah sesarengan (alhamdulillaahi robbil alamiin)
-bapak ibu ingkang kawulo hormati
-kulo ingkang dados pranoto coro ing mriki nyuwun ngapunten menawi wonten klenta
klentunipun atur.

Billaahi taufik wal hidayah wassalamu alaikum wr wb


Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang
kula hormati, ugi dumatheng para siswa, mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Keparengan
ing mriki kula badhe matur wontwn ngarsa panjenengan sami, minanagka ketua panitya
pengetan tanggap warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.
Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah
Ingkang Murbeng Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan
dumatheng kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun
keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan
ing malem 17 Agustus punika.
Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya
warga SMK ... sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng panitya,
murih saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI ingkang kaping 66
surya kaping 17 Agustus 2011.
Susunan Acaranipun inggih punika :
1. Pambuka
2. Nembang Sesarengan tembang “Hari Merdeka”
3. Sambutan Kepala Sekolah
4. Sambutan Ketua Panitya
5. Nembang Sesarengan tembang “Bendera Kita”
6. Piwaosan Puisi
7. Piwaosan Donga
8. Penutup
Kados sampun kawuningan dening para arwuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus
1945, kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi
pangurbanan rah lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil
maosan Teks Proklamasi Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya
Bangsa in manca Nagari sami mengertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negeri enggal
ingkang name Indonesia. Ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus 2011 Nagari kita
Republik Indonesia jangkep yuswa 66 tahun. Awit saking punika ing tirakatan dalu punika,
kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan seperlu mengeti dinten Kamardikan kita, saha
sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, mugi-mugi, pengeten
tanggap warsa ingkang kaping 66 punika mangke saged kaleksanaan kanthi wilujeng, saha
sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan rahayu widada, nir baya, nir
ing sambekala, tebih sangking parang muka, pinaringan tata tentrem kerta raharja, saha
nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita dumatheng ancasing Revolusi,
inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan makmur sadaya bangsa Indonesia.
Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila
kanti mocap Bismillahirrahmaanirrahiim, tirakatan dalu punika kawiwitan.
Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken
kirang renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged
nyuwun agunging pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken lelenggahan
kanthi mardikaning penggalih, sarta panutuping atur,

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamu'alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha
Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani. 

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng  Gusti Allah,
ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan
sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados
pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara,  inggih menika : 

1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif  1 Wates
6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya
kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua
panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas
XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara  ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII.
Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah
SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur
suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing
siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin.  Matur
suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra
pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula
matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum  Wr. Wb
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawulo hormati (...........)


Ingkang kawulo hormati tokoh masyarakat
Bapak Ibu hadirin sedoyo ingkang kinurmatan

Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT
ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saget angrawuhi
pengajian dalam rangka halal bihalal wonten mriki kanti mboten wonten alangan punopo-
punopo.

Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang
kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan kito sedoyo
mugi diakui sebagai umat beliau lan pikantuk syafaatipun. Amin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Keparengo kawulo matur ing mriki, sebagai pembagi wekdal utawi bertugas sebagai
pranatacara wonten acara peringatan halal bihalal puniko. Menawi ningali wekdal sampun
anyekapi pramilo langsung mawon kawulo waosaken susuna  acara ingkang bade kaampah
wonten ing saat ndalu puniko.

1. Acara ingakang sepindah, inggih puniko pembikaan


2. Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko waosan ayat suci Al Qur'an lan sholawat
nabi
3. Acara ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan saking ketua panitia halal bihalal
4. Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan saking takmir masjid (..........)
5. Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko mauidhoh hasanah
6. Acara ingkang terakhir inggih puniko waosan do'a penutup

Menikolah susunan acara ingkang bade kalampah ing saat ndalu puniko, mugi-mugi acara
saget berjalan kanti lancar lan pikantuk ridho saking Allah SWT.

Hadirin ingkang kinurmatan

Wiwit awal dumugi akhir, kawulo nyuwun agungipun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like