You are on page 1of 2

KLEPON

Klepon yaiku salah sawijining panganan tradisional kang kalebu jajanan pasar. Klepon
digawe saka tepung beras ketan lan dibentuk bunder kaya bal cilik lan tengahe diiseni gula
jawa banjur digodhog ing jero banyu umub. Yen wis kemambang ing nduwur banyu banjur
diangkat lan dicawisake karo parutan kambil. Biasane klepon dicawisake ing godhong
gedhang.

Klepon kalebu panganan tradisional kang akeh sing nyenengi. Yen dipangan, gula jawa ing
njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi.
ONDE-ONDE

Onde-onde yaiku jajanan tradisional jawa sing iseh lestari nganti wektu iki. Panganan iki
nduwe bentuk bunder sing kagawe saka glepung terigu utawa glepung ketan sing di goreng
utawa di ghodog uga njobone akeh wiji wijene. Wiji wijen iku dadi salah sijine ciri khas
panganan iki. Onde-onde iki nduweni rasa gurih lan cocok karo ilate wong indonesia.
Teksture kenyel lan ing bagian njerone ana kacang ijone.

Nek digateke nggawe onde-onde kayane gampang. Ning kanggo nggawe onde-onde dadi
nikmat dibutuhke gatekan khusus. Singkate,sederhana nanging di gatekan khusus. Nanging
ing jaman saiki onde-onde wis jarang peminate. Wong sing biso nghawe onde-onde ugi wong
tuo tuo. Mula kita para generasi muda penerus bangsa ayo lestarike jajanan onde-onde.

You might also like