You are on page 1of 7

Materi PTS Bahasa Jawa

BUSANA JAWA, PRANATACARA

Tennaya  | Bahasa jawa | 


Pranatacara
Pangertosan
 Pranatacara inggih punika tiyang ingkang kadapuk mranata saha
nglantaraken lampahing acara supados runtut lan rancag

Tujuan
 Pamedhar sabda, ngaturaken wara-wara, nyandra, nata re`h ingering
acara, njampangi ingkang medhar sabda, priksa ingkang sami nawung
kridha, njumbahaken kaliyan wedhaling pasugatan dhaharan lan
unjukan serta lelangan

Sanguning pranatacara
 Pranatacara amrih saged ngrampungi pakaryan, damel wigit
wibawaning acara, damel reng-ngengrenging pasamuan.
 Ingkang kedah kasamketakaken ing antawisipun:
o Kabudayaan, nyangkup kawruh, Teknik, kagunan/seni
(kasusastran, beksa, sekar, gendhing, karawitan), filsafat, serta
kapitadosan
o Kawruh ing logika (bab nalar ingkang nggayuh jatining bebener),
etika (subasita), estetika (kaendahan)
o Basa saha sastra
o Ngadi sarira saha ngadi busana
o Kawruh bab tatacara miwah upacara

Gladhen ketrampilan
 Olah Jiwa, olah prana (napas) lan ngenigken cipta
 Olah swara
o Logat, cara nyuwantenkaken tembung, logat kaanggep baku (ing
acara resmi) inggih punika logat Yogyakarta lan Surakarta
o Kedal lan pocapan, kedhaling lathi kedah cetha, saget
mbedakaken fonem tuladha ta lan tha

PAGE 1
o Lagu (wirama), membat menthuling swara, sora lan lirihipun
swanten, rindhik lan rikatipun pangandikan
 Olah raga (sapta-ma, 7-ma)
o Magatra, bleger lan wewujudan
o Malaksana, luwes boten ingah-ingih
o Mawastha, jejeg boten kendho/dhoyong
o Maraga, mboten rongeh/edheg/gumeter, mantep
o Malagawa, enthengan, trengginas
o Matanggap, tanggap swasana
o Mawwat, ngentasi karya
 Olah basa lan sastra
o Pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra,
paribasan, pepindhan, wangsalan
o Ngginakaken basa ing lugas lan trep kaliyan panganggenipun:
 Sinten ingkang gineman
 Sinten ingkang tumanggap wawan ginem
 Sinten utawi punapa ingkang dipunginem
 Kados pundi swasanipun (wekdal, papan, kawontenan)

Panyekung pranatacara
 Pengrengga swara
o Sound system, bab tata papan, urutaning gendhing, sasmitaning
gendhing
 Papan
o Saged dipuntinggali sedaya para rawuh
 Pawiyatan
o Amrih kawegigan pranata acara saged professional perlu sekolah,
kursus, utawi ndherek pawiyatan sanesipun
 Mental
o Kedah kathah gladhen, kulino ngadepi tiyang kathah
 Ketewajuhan
o Inggih punika temen-temen anggenipun nindakaken pakaryan
saged rampung ngremenakaken

PAGE 2
 Gladhen
o Perlu gladhen supaya katingal wegig, besus, micara
 Kasamaptan
o Kedah samekta sawanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe
nguciwani, samapta ing raga, busana, basa, saha wicara

Kawigatosan tumraping pranatacara


 Mangertosi lajer ancer dalah cengkoroning acara
 Mangertosi urut-urutaning acara
 Mengertosi acara nya apa, siapa aja yang dateng
 Apal tanpa teks
 Ndherek dhateng kersanipun ketua panitia
 Saged nata ubarampening panghargyan

Bab ingkang kasingkiri


 Jumening kanthi lelambaran setunggal suku
 Loyo, ngelenthruk, rongeh
 Asring ngebahaken peranganing sarira
 Asring mrisani cathetan
 Asring kukur
 Mbesengut, cengengesan, lendhetan, gugup
 Asta ing wingking

Tuladha teks pranatacara

Busana jawi
Wandaning busana kajawen tumpraping kakung
Iket

 Penutup sirah (blangkon)


 Supados saged ngiket raos gunggung dhiri/umuk
Rasukan

 Rasukan kakung gagrak ngayogyakarta

PAGE 3
o Surjan sembagi/ surjan kemabangan, dipunagem sultan
hamengkubawana. Ananging adatipun ugi kaginakaken ing
upacara pawiwahan
o Surjan lurik, limrah kaginakaken kawula ngayogyakarta ing
padintentanipun
o Pranakan biru lurik telu papat, busana dhines abdidalem
keraton jogja
o Atela, kadosdene jas kanthi warna polosan dipunagem para
abdidalem pangkar bupati, sapanginggil pisowanan salebeting
kraton. Warna putih
 Rasukan kakung gagrag Surakarta
o Atela, jas dipunkrowok belakang nya itu pendek warna nya item
(cemeng), dipunagem abdidalem kraton surakarta nalika sowan
keraton
o Beskap, kayak atela tapi kancing kanan kering, warna nya
cemeng (item) bdipakai buat among tamu selain didalem keraton.
Kalau warna beskap nya selain item berarti pangkatnya KRA dan
KRAT
o Sikepan, kaagem abdidalem, sentanadalem apangkat KGPH,
KPH, KP, KRMH, KRA, lan KRAT ing acara pisowanan ageng
kraton
o Langenarjan, busana ingkang kaagem dening KGPAA
Mangkunegara sakulawangsa manawi pinuju sowan kraton
Benik

 Ingkang wonten kiri lan kanan mengku piwulang bilih salebeting


nindaaken seamubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi premati,
sampun dados kapitunanipun tiyang kathah

Lonthong/stagen/kendhit

 Kalau di jogja belum pangkat riya pakai nya yang bpolos bukan yang
seratan cindhe, warna menyesuaikan pellet udheng (kemada)
 Lonthong kain

PAGE 4
Kamus/ sabuk lan timang

 Kamus itu sabuk item, timang itu kepala sabuk nya


Keris, dhuwung, curiga

 Gagrak Yogyakarta
o Warangka wulan tumanggal, dipakai pangeran mangkubumi
(HB I) beda kayak solo lebih runcing dua dua nya
o Warangka gayaman, ngayogyakarta bentuk mirip pisang
goreng (ujung nya tumpul semua), kalau Surakarta kayak kapal
ujungnya lancip
o Warangka branggah, kalau yang di jogja ujungnya ke ujung
bentuknya kayak huruf ba, kalau ladrang sala ujungnya rada ikel
Jarit

 Pojokan batik yang warna pethak (putih) itu ada di luar, kalau solo ada
di dalem , di kanan
o Wiron limrah, lurus aja engga diapaapain
o Wiron engkol, dibuat belok, ngelengkuk dipakai abdidalem
pinuju kraton, utawi salebeting kraton
o Wiron sala, seretipun atau putih putihnya engga keliatan
Cenela

 Selop biasa

Wandaning busana kajawen tumraping putri


Sanggul lan kerudung/ hijab

 Sanggul ngayogyakarta, sanggul tekuk kalau udah nikah boleh pakai


kembang
Rasukan kebaya

 busana gagrag Ngayogyakarta inggih punika kebaya tangkepan


(kartinian)
 Wondéné kebaya kuthu baru punika adatipun mawi tambahan
sléndhang

PAGE 5
Lonthong/stagen

 kanggé ngencengi sinjang. Boten mawi paugeran kadosdéné lonthong


utawi stagèn ing busana kakung

Jarit/sinjang

 sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun wiron putri kadamel


langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa
Cenela

 selop biasa

Wujuding awisan ing busana kajawen gagrag ngayogyakarta


Parangbarong

 Dipunagem dening ngarsadalem ingkang sinuwun kanjeng sultan,


manawi pinuju pisowanan ageng
Parangrusak

 Dipunagem dening para nalendra, adipate, gusti pangeran


Parangslobog

 Dipuagem kangge lurupin layon sentadalem saderengipun kasarekaken


Kawung ageng

 Dipunagem dening sentanadalem, putradalem awit dhawuhdalem


nalika ing pisonawan mirunggan

PAGE 6

You might also like