You are on page 1of 1

Atur Pambagya Mitoni

Assalamualaikum Wr. Wb
Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinurmatan. Dhumateng
pamangku gati ingkang kula urmati. Dhumateng para tamu undangan ingkang minulya.
Bapak, Ibu para rawuh lan para rayi ingkang kula hurmati. Kaparenga ing wekdal menika
kula ngaturaken agunging panuwun saha sugeng rawuh wonten ing adicara mitoni.
Langkung rumiyin sumangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kasarasan
sarta kalodhangan, saengga kita saged anjenengi acara ing wekdal menika inggih acara
tingkepan utawi mitoni garwanipun bapak Zainul Ma’arif kanthi boten wonten alangan
menapa-menapa. Mugi-mugi kemawon ing dalem kekempalan kita dinten samenika wonten
manfaatipun. Amin.
Para rawuh ingkang kula urmati.
Panjenengan sedaya kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi
raos syukuripun bapak Zainul Ma’arif dhumateng ngarsanipun Gusti, amargi sadangu
mangun bale wisma sampun ngajeng-ajeng momongan utawi putra ing dalem
kulawarganipun.
Samenika pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger mbobotipun
garwanipun ingkang sampun ngancik pitung sasi. Pramila saking menika Bapak Zainul
Ma’arif sakulawarga nyuwun donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi
ingkang taksih wonten madaran menika pinaringan selamet, semanten ugi ibunipun. Lan
mugi-mugi anggenipun lair dipunparingi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mugia kita sedaya dados tiyang ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh
kalih. Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Zainul Ma’arif sakulawarga benjang dipunparingi
putra ingkang tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa
sarta agami. Amin.
Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping atur, saha kirang trapsilaning
anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaha anglunturaken
gunging samudra pangaksami.
Akhirul kalam, wabillahitaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

You might also like