Professional Documents
Culture Documents
C - A310190009 - Dhimas Arsyad Arrajiv - Bahasa Dan Sastra Jawa
C - A310190009 - Dhimas Arsyad Arrajiv - Bahasa Dan Sastra Jawa
Soal:
1. Tiyang utawi priyantun Jawi menawi sinau utawi naliti satunggaling basa, mliginipun basa
Jawi menika limrahipun anggadhahi pangajab 2 (kalih) prekawis, menika: instrumental
saha integratif.
a. Terangna utawi andharna menapa maksudipun lan tuladhanipun!
b. Damela ukara ngangge basa krama, ingkang wonten: jejer – wasesa – lesanipun;
menawi “jejeripun” ingkang ngginakaken priyantun sepuh (simbah, bapak, ibu) lan aku
(kula); kanthi wasesanipun tembung: mangan, turu, nggawa, tuku, nonton.
c. Damela ukara tanduk lajeng knehi agantos ukara tanggap, ngangge basa krama, ngalih
(dua) ukara kemawon!
2. Priyantun utawi tiyang Jawi menawi sesrawungan utawi gineman dhumateng tiyang sanes
ngginakaken tingkat tutur utawi unggah-ungguh basa Jawi. Adhedhasar rerangkenipun
tembung-tembung utawi ukara saha wujudipun unggah-ungguhing basa Jawi ingkang
kaginakaken, saged dipunperang wonten pinten?
a. Sebutna lan wenehana tuladhanipun kanthi ngewahi tuladha ukara “ngoko lugu” ing
ngandhap menika!.
b. “Bapak Amir Mahmud sawise sawise ujian dhoktor (S3) ora teka ana kampus UMS,
lan ora menehi kuliah amarga lagi lunga menyang Jakarta.
c. Andharna utawi terangna menapa tegesipun ukara: lamba, camboran sejajar lan
camboran susun; sarta wenehana tuladhanipun saukara-saukara kemawon!
3. a. Adhedhasar rangkanipun ukara (struktur kalimat), ukara ing basa Jawi menika cacahipun
wonten pinten? Sebutna lan wenehana tuladhanipun saukara-saukara!
b. Adhedhasar wedharing gagasan, warnanipun ukara ing basa Jawi wonten ingkang
dipunwastani ukara “sambawa” lan “sananta”.
c. Terangna menapa isinipun, bedanipun, sarta tuladhanipun ngalih ukara!
4. a. Geguritan menika saged kaperang wonten pinten? Sebutna lan terangna ciri utawi tandha-
tandhanipun, saha tuladhanipun kanthi irah-irahan (judulipun “Sholat utawa Manembah”!
b. Cangkriman cacahipun wonten pinten, sebutna lan wenehana tuladhanipun ngalih (dua)
kemawon!
5. Salebetipun sastra pewayangan, cariyos wayang ingkang isinipun piwulang agami Islam
menika kathah sanget
a. Sebutna 3 (tiga) kemawon, lan salah setunggalipun andharna utawi terangna isinipun
sarta sesambetanipun kaliyan ajaran Islam!
b. Ukara basa “krama lugu” ing ngandhap menika dadosna basa “krama alus”, inggih
menika: Aku yen turu ora wengi-wengi, supaya bisa tangi jam telu banjur sholat tahajud,
maca Al Qur’an lan sinau. Aku wis mahasiswa kudu tansah bekti marang wong tuwa.
Jawab:
1. a. Instrumental: Tegesipun nyinau basa kanthi pangajab kangge pados ketrampilan lan
kepinteran, ginanipun kangge pados sandang pangan, padamelan, lan ngewahi nasib (kelas
social), supados gesangipun tambah sekea lan mulya.
Tuladha:
-Dhimas sinau Bahasa jawa neng sekolah kangge nambah keterampilan lan kepinteran
supoyo bisa dadi guru Bahasa jawa
-Ngoko Alus: “Bapak Amir Mahmud sawise ujian dhoktor (S3) mboten rawuh ana kampus
UMS, lan mboten maringi kuliah amarga lagi tinfak menyang Jakarta”
-Krama Lugu: “Bapak Amir Mahmud sasampunipun ujian dhoktor (S3) mboten rawuh
onten kampus UMS, lan mboten maringi kuliah amargi nembe tindak dhateng Jakarta”
-Krama Alus: “Bapak Amir Mahmud sasampunipun ujian dhoktor (S3) mboten rawuh
wonten kampus UMS, lan mboten maringi kuliah amargi nembe tindak dhateng Jakarta
C. Tegese ukara lamba, camboran sejajar lan camboran susun serta wenehi tuladhanipun.
-Ukara Lamba: ukara lamba inggih menika ukara ingkang dumadi saking saklausa,
tegesipun ukara kasebut naming dumadi saking jejer lan wasesa sarta saged katambah
lesan, geganep, utawa panerang.
Tuladha: Mas Dhimas nukokake adhiku sarung bathik (J-W-L-Gg)
-Camboran sejajar: inggih menika ukara ingkang dumadi saking kalih klausa utawi
langkung. Klausa-klausa menika kagabung dados setunggal kanthi ngginakaken tembung
panggandheng utawi tandha koma ing antaranipun klausa setunggal lan klausa
setunggalipun. Ing camboran sejajar sedaya klausanipun awujud klausa inti, lan klausa-
klasua ing ukara camboran sejajar saged madeg piyambak boten gumatung klausa
sanesipun.
Tuladha: kangmasku kerja ing ngawi lan adhiku keja ing sala, dhimas iku pinter tur bagus
sisan.
-Camboran susun: ukara ingkang dumadi saking kalih klausa utawi langkung, ananging
antawisipun klausa setunggal lan setunggalipun wonten ingkang nguwaosi lan ugi wonten
ingkang dipunkuwaosi. Klausaingkang nguwaosi dipunsebat klausa inti utawi induk
kalimat, wondene klausa ingkang dipunkuwaosi dipunsebat klausa pang utawi anak
kalimat.
Tuladha: Bapak dhimas boten tindak makarya, jalaran gerah waja. (klausa inti: bapak
darsa boten tindak makarya), (anak kalimat: jalaran gerah waja).
3. a. Ukara salebetipun basa jawi ingkang baku menika cacahipun wonten 5:
• J-W (S-P)
• J-W-L (W-P-O)
• J-W-Gg (S-P-Pl)
• J-W-L-Gg (S-P-O-Pl)
• J-W-P (S-P-K)
b. -Ukara sambawa: Inggih menika ukara ingkang isinipun pangarep-arep, saupami, utawi
sanadyan: tembungipun racakipun kawuwuhan imbuhan -a utawi -ana mugi-mugi.
Tuladha:
• Udana sing deres ben tanduranku lemu-lemu (arep-arep)
• Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah (saupami)
• Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo (sanadyan)
-Ukara Sananta: Inggih menika ukara ingkang isinipun babagan gegayuhan kekarepan,
utawi niyat ingkang dereng kasembadan.
Tuladha:
• Sesuk, aku daksowan daleme simbah
• Aku arep sinau lan nggarap PR, koe aja ngajak crita terus
• Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng
• Gagrag enggal (Jawa baru, puisi modern), inggih menika guritan ingkang boten mawi
paugeran ingkang gumathok (bebas). Ing wekdal menika damel geguritan ewah gingsir,
boten kawengku paugeran tartamtu, inggih menika paugeranipun sampun boten gumathok.
Cirinipun:
-boten mawi pambuka “sun nggegurit”
-boten kaiket utawi kawengku cacahipun gatra lan wanda.
-timbaning swanten boten runtut
-isi utawi suraosipun maneka warna (pitutur, kritik, sindiriran, lan sanes-sanesipun)
Tuladha:
Sholat
Akeh seng ngangep gampang
Padahal praktek e ora gampang
Akeh seng ngomong ngko wae
Padahal urip neng dunya ora reti wektune
5 wektu diingetne
Tapi akeh seng ninggalne
Dudu perkoro gampang
Nanging perkoro keslametan
Koe ning dunya gor ngombe
Nek ora sholat koe piye?
Padahal neng kono saklawase
Tergantung amalane
Ayok!! Ojo ninggalne
Amalan seng paling di itunge
Yaiku sholat 5 waktune
Gawe koe selamat akhirat lan dunyane
Carios petruk dadi ratu yaiku cerita ngambaraken petruk ingkang saged dados ratu,
jalaran ambeta pusaka jamus Kalimasada. Petruk (kawula alit, batur), dados ratu,
ngambaraken derajad ingkang mulya lan inggil sanget: kalimasada, tegesipun kalimah
syahadat. Maksudipun tiyang badhe mulya wonten ngarsanipun Allah SWT menika
menawi tansah ingkang taqwa, mituhu dhawuh lan nebihi sedaya pepacuhipun Allah SWT.
b. Ukara basa “krama lugu” ing ngandhap menika dadosna basa “krama alus”, inggih
menika
Krama Lugu: “Aku yen turu ora wengi-wengi, supaya bisa tangi jam telu banjur sholat
tahajud, maca Al Qur’an lan sinau. Aku wis mahasiswa kudu tansah bekti marang wong
tuwa.”
Krama Alus: Kula menawi tilem mboten dugi ndalu sanget, supados saget wungu tabuh
tiga lajeng kula sholat tahajud, maos Al Quran kaliyan sinau. Kula sampun mahasiswa
inggih kedah saget ngabekti kaliyantiyang sepuh.
• Saya mengikuti kuliah lewat Gommet 15 kali (full)
• Saya mental TDK bisa masuk Gommet 0 kali (tidak pernah)
• Saya mengumpulkan tugas 9 Kali (full)