You are on page 1of 2

Bahasa jawa

Kelas 7
Pilihan ganda
1. Kendurenan iku slametan sing lumrahe tujuane …
a. Nyenyuwun marang Gusti Allah
b. Ketemu karo tangga teparo
c. Ngraketake paseduluran
d. Andum rejeki marang tangga
2. Kang ora disuwun dening warga nalika kendurenan yaiku …
a. Keslametan
b. Lancare rejeki
c. Kebagaswarasan
d. Kacilakan
3. Meh saben wulan, ing salah sawijining papan ing Jawa Tengah nganakake kendurenan,
iku tandha yen warga isih nguri-uri bab …
a. Tata karma
b. Tata susila
c. Budaya
d. Upacara
4. Anggone kenduren dicepakake klasa, mula lungguhe sing becik …
a. Timpuh
b. Slonjor
c. Sila
d. Jengkang
5. Candi Borobudur iku mapan ing kabupaten …
a. Magelang
b. Sleman
c. Temanggung
d. Purworejo
6. Tataran kamadhatu iku nggambarake jaman …
a. Sadurunge manungsa lair
b. Bebarengnan manungsa lair
c. Sawise manungsa lair
d. Sawise manungsa mati
7. Tataran kaping telu ing Candi Borobudur iku arane …
a. Kamadhatu
b. Rupadhatu
c. Arupadhatu
d. Dewadhatu

Ambege kang wus utama,


Tan ngendhak gunaning janmi,
Amiguna ing aguna,
Salolahe kudu bathi,
Pintere den alingi,
Bodhone dinonok ngayun,
Pamrihe den inaa,
Aja na ngarani bangkit,
Suka lila denina sapadha-padha.
8. Yen disemak kanthi temenan, pada tembang ing dhuwur nuduhake sipate wong sing …
a. Umuk
b. Gumedhe
c. Kemaki
d. Andhap asor
9. Tumindak kaya sing disebutake ing pada tembang nduwur kalebu tumindak sing …
a. Nistha
b. Utama
c. Prayoga
d. Becik
10. Pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun. Manut ukara kuwi sing dipapanake ing
ngarep yaiku …
a. Pintere
b. Bodhone
c. Ilmune
d. Patrape

Soal isian
1. Sing mimpin donga nalika kendurenan yaiku …
2. Candhi Borobudur mujudake candhi ……. Sing mapan ing Borobudur, Magelang, jawa
Tengah.
3. Borobudur iku dudu papan ziyarah, nanging papan ……
4. Sebutno tujuan dianakake kenduren?
5. Candi Borobudur ono telu tataran, apa wae?

You might also like