Professional Documents
Culture Documents
B. Jawa Xii Uas Genap
B. Jawa Xii Uas Genap
Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak
ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten
katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing
karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan
wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah
cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran.
Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming
bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang
prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur,
kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten
sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus
karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan
antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih
dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing
montore arep bali, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa
panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan
panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri,
lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang
cundhuk karo profesine, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang
antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
Lintang Wengi